Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 10 >> 

Pratandha unine kalasangka

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2“Sira gawea kalasangka selaka loro; kang digawe selaka gemblengan, iku padha dianggoa nglumpukake umat Israel lan kanggo mbudhalake wadya-bala.

3Samangsa kalasangka loro iku diunekake, wong sapasamuwan kabeh padha nglumpuka seba marang sira ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

4Nanging manawa mung siji kang diunekake, iku kang kudu seba marang sira para pemimpin, para panggedhening wadya-bala Israel.

5Manawa sira ngunekake tengara, para wadya-bala kang manggon ing sisih wetan iku padha budhala,

6manawa sira padha ngunekake tengara kaping pindhone, umat kang manggon ing sisih kidul iku padha budhala; manawa budhal padha nganggoa tengara ngganter.

7Balik manawa nglumpukake pasamuwan, sira iya ngunekna kalasangka, mung ora ngganter.

8Kang padha ngunekake kalasangka iku para imam anake Harun; lan iku dadi pranatan langgeng marang turun-turunira.

9Karodene samangsa sira ana ing tanahira padha nglurug perang nglawan mungsuh kang gawe ribedira, sira iya aweha tengara nganggo kalasangka, temah sira bakal padha diengeti ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira, sarta padha kaluwaran saka ing mungsuhira.

10Mangkono maneh ing dina kabungahanira, lan ing dina riyayanira apadene ing sasi anyar, sira iya ngunekna kalasangka mbarengi enggonira nyaosake kurban obaran lan kurban slametan; temah bakal padha dadi pangeling-eling ana ing pangayunane Allahira. Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

Budhal saka gunung Sinai

11Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.

12Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.

13Iku lakune kang wiwitan miturut dhawuhe Sang Yehuwah lantaran Nabi Musa.

14Kang lumaku ana ing ngarep dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Yehuda miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Nahason bin Aminadab,

15kang mimpin golongan talere bani Isakhar iku: Netaneel bin Zuar;

16lan kang mimpin golongan talere bani Zebulon iku: Eliab bin Helon.

17Sawuse mangkono Tarub Suci tumuli dibongkar, sarta para bani Gerson lan bani Merari banjur padha budhal ngusung Tarub Suci mau.

18Iku nuli kasambungan golongan kang ngaub marang panji-panjine Ruben miturut bagean-bageane; kang mimpin golongan iku: Elizur bin Syedeur;

19dene kang mimpin golongan talere bani Simeon iku: Selumiel bin Zurisyadai;

20lan kang mimpin golongan talere bani Gad iku: Elyasaf bin Rehuel.

21Iku banjur kasambung para bani Kehat, kang ngusung piranti pasucen; sadurunge iku padha teka, Tarub Suci wus diedegake.

22Nuli kang sumambung maneh golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Efraim miturut bagean-bageane;

23kang mimpin golongan iku: Elisama bin Amihud; dene kang mimpin golongan talere bani Manasye iku: Gamaliel bin Pedazur;

24lan kang mimpin golongan talere bani Benyamin iku: Abidan bin Gideoni.

25Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,

26dene kang mimpin golongan talere bani Asyer iku: Pagiel bin Okhran;

27kang mimpin golongan talere bani Naftali iku: Ahira bin Enan.

28Kaya mangkono mau urut-urutaning lakune wong Israel samangsa padha budhal.

29Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, marasepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”

30Nanging atur wangsulane marang Nabi Musa: “Kula boten tumut, kula badhe mantuk dhateng tanah kula lan dhateng panggenanipun kula-wangsa kula.”

31Pangandikane Nabi Musa: “Aku aja kok tinggal ta, awitdene ana ing pasamunan kene kowe kang weruh, ngendi kang kena padha dakenggo lereb, mulane kowe dadia juru tuduh dalan kanggo aku kabeh.

32Manawa kowe melu aku, kabecikan kang bakal ditandukake dening Sang Yehuwah marang aku, iya bakal padha daktandukake marang kowe.”

33Tumuli padha budhal saka ing gununge Pangeran Yehuwah, dohe nganti lakon telung dina, sarta pethining prasetyane Pangeran Yehuwah diusung ana ing ngarep dhewe sajroning lumaku telung dina mau, golek panggonan kanggo lereb.

34Dene samangsa budhal saka ing palereban, ing wayah awan padha kaeyuban ing megane Sang Yehuwah.

35Anadene saangkate pethi, Nabi Musa munjuk marang Pangeran Yehuwah mangkene: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng, supados mengsah Paduka sami pating slebar saha tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami keplajenga saking ngarsa Paduka.”

36Dene samangsa pethine mandheg, unjuke Nabi Musa: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul dhateng ing satengahing umat Israel ingkang atusan ewon punika.”



 <<  Bilangan 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel