Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 21 >> 

Sucine para imam

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang para imam anake Harun, padha sira tuturana: Kang jeneng imam iku aja nganti najisake awake, marga saka wong mati ing antarane bangsane.

2Kajaba manawa kang mati isih kulit daginge dhewe kang cedhak, kayata: biyunge, bapakne, anake lanang utawa wadon, sadulure lanang,

3sadulure wadon kang isih prawan lan cedhak, marga durung duwe sisihan, tumrap wong iku dheweke kena najisake awake.

4Sarehna wis bebojoan aja najisake awake ana ing antarane bangsane, awit kanthi mangkono dadine nyawiyah marang kasucene.

5Para imam aja gawe buthaking sirahe lan aja nyukur pinggirirng jenggote, lan aja nggaret-nggareti kuliting awake.

6Padha dadi suci sumaos marang ing Allahe lan aja nganti nerak kasucening asmane Allahe, awitdene para imam iku kudu nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya dhaharane Allahe, mulane kudu padha suci.

7Anggone golek sisihan aja wong wadon tuna-susila, utawa wong wadon kang wus tau dijamah, lan iya aja wong wadon kang wus katundhung dening somahe, marga imam iku suci tumrap Allahe.

8Kang iku kaanggepa suci, awit iku kang nyaosake dhaharane Allahira; kudu sira anggep suci, marga Ingsun Yehuwah kang nucekake sira iku suci.

9Dene manawa anake wadon salah sawijining imam nglirwakake kasucene kang dirusak kanthi patrap dadi wanita tuna-susila, iku nerak kasucene bapakne, poma wong iku kaobonga.

10Anadene kang dadi imam agung ana ing antarane para sadulure, kang wus kaesokan lenga jebad sirahe lan wus katetepake kalawan dianggoni sakehe sandhangane suci, iku aja nganti ngore rambute lan aja nyuwek sandhangane.

11Poma, aja nyedhaki sakehing jisim, sanajan iku bapakne utawa biyunge, iya aja nganti najisake awak.

12Karodene aja metu saka ing pasucen, supaya aja nganti nerak marang kasucene pasucene Allahe, marga saka lenga jebading Allahe kang ana ing sirahe, kang minangka pratandha anggone wus sinengker; Ingsun iki Yehuwah.

13Anggone rabi goleka wong wadon kang isih prawan.

14Aja golek randha utawa wong wadon kang wus dipegat, kang wus dijamah utawa wong wadon tuna-susila, iku aja diepek, nanging kang diepek kudu prawan saka ing antarane bangsane,

15supaya aja nerak kasucene turune ana ing antarane bangsane, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.”

16Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

17“Sira dhawuha marang Harun mangkene: Mungguh anak putunira turun-tumurun kang cacad badane, iku aja ana kang seba nyaosake dhaharaning Allah,

18awitdene sadhengaha wong kang cacad badane iku ora kena seba, yaiku: wong wuta, wong pincang, wong kang cacad raine, utawa wong kang peranganing awake kedawan,

19wong kang tugel sikile utawa tangane,

20wong kang bucu, utawa kang cebol, kang mripate mlethis, kang gudhigen utawa kadhasen sarta kang kawirangane cacad.

21Saben wong turune Imam Harun, kang cacad badane, aja nganti ana kang seba nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; marga ana cacade, mulane aja seba nyaosake dhaharane Allahe.

22Bab dhaharane Allahe, dadia sesaosan kang suci pinunjul utawa sesaosan kang suci, iku kalilan dipangan.

23Mung aja nyedhaki geber lan aja marani misbyah, marga cacad badane, supaya aja nganti nerak marang kasucening papaningSun kang suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake iku.”

24Kaya mangkono Nabi Musa anggone nglantarake dhawuh iku marang Imam Harun, marang para putrane lan marang sakehe wong Israel.



 <<  Imamat 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel