Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 36 >> 

Para turune Esap

1Iki turune Esap, yaiku Edom.

2Esap iku golek jodho wong wadon Kanaan, yaiku: Ada, anake Elon wong Het lan Oholibama, anake Ana, anake Zibeon wong Hewi,

3lan Basmat, anake Ismael adhine Nebayot.

4Ada mau anak-anak Elifas patutan saka Esap, lan Basmat anak-anak Rehuel.

5Sarta Oholibama anak-anak Yeusy, Yaelam lan Korakh. Iya iku para anake Esap kang laire ana ing tanah Kanaan.

6Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine.

7Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.

8Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.

9Iki turune Esap, leluhure bangsa Edom ana ing pegunungan Seir.

10Iki jenenge para anake Esap: Elifas, anake Ada, somahe Esap, Rehuel anake Basmat somahe Esap.

11Anake Elifas yaiku: Teman, Omar, Zefo, Gaetam lan Kenas.

12Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.

13Para anake Rehuel yaiku: Nahat, Zerakh, Syama lan Miza. Iku para putune Basmat somahe Esap.

14Iki para anake Oholibama, somahe Esap, anake Ana anake Zibeon; iku nglairake anak patutan karo Esap, yaiku: Yeusy, Yaelam lan Korakh.

15Iki pratelane para panggedhening taler-taler turune Esap: Elifas anake pembarep Esap nurunake panggedhening golongan Teman, golongan Omar, golongan Zefo lan golongan Kenas,

16Panggedhening golongan Korakh, golongan Gaetam lan golongan Amalek: iku para panggedhening golongan Elifas ing tanah Edom, iku turune Ada.

17Dene para turune Rehuel anake Esap yaiku: panggedhening golongan Nahat, panggedhening golongan Zerakh, panggedhening golongan Syama lan panggedhening golongan Miza. Iku para panggedhening golongan anake Rehuel ana ing tanah Edom; iku mau padha turune Basmat somahe Esap.

18Iki para anake Oholibama somahe Esap: Panggedhening golongan Yeusy, panggedhening golongan Yaelam, panggedhening golongan Korakh; iku kabeh para anake Oholibama somahe Esap anake Ana.

19Iku mau padha turune Esap, yaiku Edom lan iku para panggedhening golongan-golongane.

Turune Seir

20Iki anak-anake Seir wong Hori, wong bumi kono: Lotan, Syobal, Zibeon lan Ana.

21Disyon, Ezer lan Disyan, iku mau panggedhening golongan Hori, anake Seir ana ing tanah Edom.

22Anak-anake Lotan yaiku Hori lan Heman, sadulure Lotan kang wadon yaiku Timna.

23Iki anak-anake Syobal: Alwan, Manahat, Ebal, Syefo lan Onam.

24Anak-anake Zibeon: Aya lan Ana. Ana iku kang nemu tuk banyu anget ana ing pasamunan, nalika pinuju angon kuldine Zibeon bapakne.

25Dene anake ana: Disyon lan Oholibama, anake wadon Ana.

26Iki anak-anake Disyon: Hemdan, Esyban, Yitran lan Kheran.

27Iki para anake Ezer: Bilhan, Zaawan lan Akan.

28Iki para anake Disyan: Us lan Aran.

29Iku para panggedhening golongane wong Hori: panggedhening golongan Lotan, golongan Syobal, golongan Zibeon, golongan Ana,

30golongan Disyon, golongan Ezer lan golongan Disyan. Iku mau para panggedhening golongane wong Hori miturut golongane ing tanah Seir.

Raja-raja Edom

31Iki pratelane para raja kang ngasta paprentahan ing tanah Edom, sadurunge tanah Israel ana rajane.

32Ing tanah Edom, kang ngratoni Sang Prabu Bela bin Beor, dene kuthane aran Dinhaba.

33Sawuse Sang Prabu Bela seda, kang nggentosi Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra.

34Sasedane Sang Prabu Yobab, kang nggentosi jumeneng raja Sang Husyam saka nagarane bangsa Teman.

35Sasedane Sang Prabu Husyam, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadad bin Bedad, kang nggecak bala Midian ana ing jajahane Moab, dene kuthane aran Awit.

36Sasedane Sang Prabu Hadad, kang nggentosi jumeneng raja Sang Samla saka Masreka.

37Sasedane Sang Prabu Samla, kang nggentosi jumeneng raja Sang Saul saka Rehobot ing pinggir bengawan.

38Sasedane Sang Prabu Saul, kang nggentosi jumeneng raja Sang Baal-Hanan bin Akhbor.

39Sasedane Sang Prabu Baal-Hanan bin Akhbor, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadar, kuthane aran Pahu lan garwane asma Mehetabeel putrane Sang Matred putrane Sang Mezahab.

40Iki jenenge para panggedhene bani Esap miturut golongan lan panggonane kalawan jenenge dhewe-dhewe; panggedhene golongan Timna, panggedhene golongan Alwa, panggedhene golongan Yetet,

41panggedhene golongan Oholibama, panggedhene golongan Ela, panggedhene golongan Pinon,

42panggedhene golongan Kenas, panggedhene golongan Teman, panggedhene golongan Mibzar,

43panggedhene golongan Magdiel lan panggedhene golongan Iram. Iya iku para panggedhene golongan Edom miturut panggonane ana ing tanah ebeke dhewe-dhewe. Edom iku Esap, leluhure bangsa Edom.



 <<  Kejadian 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel