Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 6 >> 

Gusti Yesus ana ing Nasaret katampik

1Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing kutha asale, kadherekake dening para sakabate.

2Bareng dina Sabat Panjenengane wiwit memulang ana ing papan pangibadah, sarta akeh banget wong kang padha kumpulan, lan padha kaeraman nalika ngrungokake, banjur padha sapocapan: “Kabeh iku olehe saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingake marang Dheweke? Sarta mukjijat-mukjijat kang kaya mangkono Dheweke kok bisa nganakake?

3Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.

4Tumuli Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarane kulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”

5Mulane ana ing kono Panjenengane ora bisa nindakake pangeram-eram babar pisan, kajaba mung marasake wong lara sawatara sarana katumpangan asta.

6Panjenengane ngungun ngraosake anggone wong-wong mau ora padha pracaya, banjur tindak njajah desa karo memulang.

Para rasul rolas kautus

7Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit,

8apamaneh padha kaweling, aja padha nggawa apa-apa ana ing dalan, kajaba mung teken, aja padha nggawa roti, aja ngawa tas, dhuwit ing sabuk bae iya aja,

9kena nganggo trumpah, nanging aja nggawa klambi rangkep.

10Sabanjure padha dipangandikani mangkene, “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono.

11Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”

12Rasul rolas banjur mangkat lan memulang, supaya wong-wong padha mratobata

13lan akeh setan kang padha ditundhungi lan akeh wong lara kang padha dilengani sarta diwarasake.

Nabi Yokanan Pambaptis disedani

14Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambpatis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”

15Ana maneh kang ngucap: “Iku Nabi Elia!” Liyane maneh kandha: “Iku sawijining nabi kaya nabi-nabi sing uwis-uwis.”

16Nalika Sang Prabu Herodhes midhanget bab iku, banjur ngandika: “Dudu, iku Yokanan, kang wis daktugel gulune, saiki tangi maneh.”

17Amarga pancen Sang Prabu Herodhes kang dhawuh nyepeng Nabi Yokanan lan mbesta sarta banjur kalebokake ing pakunjaran, marga saka anane lelakon bab Sang Putri Herodhias, garwane Pangeran Filipus sadhereke, kang kapundhut garwa dening Sang Prabu Herodhes.

18Sabab Nabi Yokanan banjur matur marang Sang Prabu Herodhes: “Boten kenging paduka mundhut garwa garwanipun sadherek paduka!”

19Mulane Sang Putri Herodhias ngincim-incim marang Nabi Yokanan lan ngudi bisane nyedani panjenengane, nanging ora bisa,

20sabab Sang Prabu Herodhes ering marang Nabi Yokanan, amarga mirsa, yen Nabi Yokanan iku mursid lan suci, mulane diayomi. Nanging manawa midhangetake pangandikane Nabi Yokanan, pangalihe banjur kaya diontang-antingake, ewadene remen miyarsakake.

21Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.

22Ing nalika samana putrane putri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa, njalari sukaning panggalihe Sang Prabu Herodhes lan para tamu-tamune. Sang Nata banjur ngandika marang putri mau: “Kowe nyuwuna marang aku sakarepmu, mesthi bakal dakparingi!”

23Malah banjur sumpah, pangandikane: “Apa bae kang koksuwun, bakal dakparingake, sanadyan saparoning krajanku!”

24Putri mau banjur mundur sarta matur marang kang ibu: “Punapa ingkang kula suwun?” Wangsulane kang ibu: “Sirahe Yokanan Pambaptis.”

25Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!”

26Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.

27Sang Nata banjur utusan prajurit tamtama nggawa mustakane Nabi Yokanan. Kang kautus banjur mundur, lan nigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran.

28Sawise mangkono mustakane nuli kadekek ing talam lan ditampakake marang putri mau, kang banjur dicaosake marang kang ibu.

29Para sakabate Nabi Yokanan bareng krungu bab iku, banjur padha teka ngukup layone lan disarekake ana ing pakuburan.

Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu

30Sawise mangkono para rasul padha nglumpuk ana ing ngarsane Gusti Yesus lan padha matur apa kang wis padha ditindakake kabeh lan kang diwulangake.

31Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhewe lan padha ngaso sadhela.” Amarga pancen akeh banget wong kang padha teka lunga, nganti mangan bae padha ora kober.

32Banjur padha mangkat nunggang prau menyang ing panggonan kang sepi, ndhewe.

33nanging nalika padha mangkat, akeh wong kang padha weruh lan nyumurupi sedyane. Ora suwe banjur akeh wong kang padha teka saka ing kutha-kutha kabeh, kang padha lumaku dharat menyang ing panggonan kono, ndhisiki tekane.

34Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengane nuli wiwit memulang bab prakara akeh marang wong-wong mau.

35Bareng wis wiwit peteng, para sakabat padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika sepi, mangka sampun wiwit peteng.

36Tiyang-tiyang punika bok dipun dhawuhi mundur supados sami tumbas tetedhan dhateng ing dhusun-dhusun saha ing kampung-kampong ing sakiwa-tengenipun papan punika.”

37Nanging paring wangsulane: “Kowe bae padha menehana mangan!” Unjuke para sakabat: “Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?”

38Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe duwe roti pira? Coba priksanen!” Sawise dititi-priksa, banjur padha munjuk: “Wonten roti gangsal, sarta ulam kalih.”

39Banjur padha kadhawuhan nata wong-won mau, supaya padha linggih gegrombolan ana ing pasuketan.

40Wong-wong banjur padha linggih gegrombolan, ana kang nyatus, ana kang nyeket.

41Sawise Gusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loro iku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi, rotine tumuli dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya didum-dumake marang wong kabeh, mangkono uga iwake loro mau iya didum-dumake nganti warata.

42Wong kabeh padha mangan nganti wareg.

43Turahan cuwil-cuwilan padha diklumpukake dadi rolas wakul kebak, mangkono uga turahane iwak.

44Anadene kang melu mangan roti iku cacahe wong lanang limang ewu.

Gusti Yesus tindak napak ing sagara

45Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya enggal nunggang prau ndhisiki nyabrang menyang ing Betsaida; nalika samana wong akeh padha kadhawuhan mulih.

46Bareng wis padha lunga kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung ndedonga.

47Bareng bengi prau mau wis tekan ing satengahing sagara, dene Gusti Yesus ana in dharatan piyambakan.

48Bareng mirsa para sakabate rekasa banget anggone ndhayungi praune, marga katampek ing angin, kira-kira jam telu bengi Panjenengane rawuh napak ing banyu sagara, arep nglancangi wong-wong mau.

49Nalika padha ndeleng Panjenengane tindak ing banyu, padha ngira, yen iku memedi, tumuli padha bengok-bengok,

50sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”

51Banjur minggah ing prau manggihi para sakabate, angine tumuli mendha. Kabeh padha gumun lan bingung,

52awit sawise lelakon bab roti, meksa durung ngreti, marga saka wangkoting atine.

Gusti Yesus nyarasake wong-wong ing Genesaret kang padha lara

53Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.

54Sawise padha mentas saka ing prau, wong-wong nalika iku uga padha ora pangling marang Gusti Yesus.

55Mulane banjur padha enggal-enggal martakake bab iku marang wewengkon ing kono kabeh, lan wong-wong lara padha diusungi sapaturone disowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus, sanadyan ana ing ngendi bae palerebane.

56Menyanga ngendi bae tindake, menyang ing desa-desa, menyang ing kutha-kutha apa menyang ing kampung-kampung, wong-wong padha nyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengane, supaya dililani ndemek gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.



Download Audio MP3 (Markus 6):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel