Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 52 >> 

MASMUR 52; Paukuman tumrap wong duraka

1Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulange Prabu Dawud, (52-2) naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh. (52-3) He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala, ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?

2(52-4) Kowe ngrantam-ngrantam bilai, ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah, he wong cidra!

3(52-5) Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan, sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)

4(52-6) Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak, he ilat kang cidra!

5(52-7) Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse bakal direbat lan dilarak saka ing tarub bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)

6(52-8) Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi, lan bakal padha nggeguyu, pangucape:

7(52-9) “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene, nanging ngendelake marang kasugihane kang luber, lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”

8(52-10) Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah; kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo; sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase.

9(52-11) Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun, margi saking pangreh Paduka; awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwuraken wonten ing ngajengipun para kekasih Paduka!



 <<  Mazmur 52 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel