Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 17 >> 

1Ing sawijining dina wong Filistin nglumpukaké prejurité arep maju perang. Enggoné ngatur barisan ing kutha Sokho, wilayah Yéhuda sarta masang kémahé ing antarané Sokho lan Azéka, sacedhaké Èfès Damim.

2Saul lan wong-wong Israèl iya padha kumpul lan padha masang kémah ing tanah ngaré Éla; padha tata-tata arep nglawan wong Filistin.

3Barisané wong Filistin padha ngadeg ing pèrènging gunung sarta barisané wong Israèl ing pèrènging gunung liyané, déné ing antarané ana tanahé ngaré.

4Banjur ana wong lanang jenengé Goliat, saka kutha Gat, metu saka kémahé wong Filistin, nantang wong Israèl. Dhuwuré kira-kira ana telung mèter,

5sarta wong mau nganggo topi tembaga lan klambi perang saka tembaga, boboté kira-kira ana sèket pitu kilogram.

6Sikilé padha nganggo tutup tembaga, lakuné manggul tumbak tembaga.

7Gedhéning tumbaké padha karo baloking tenunan, déné boboting wesi ing pucuking tumbak kira-kira ana pitung kilogram. Ana prejurit siji sing nggawa tamèngé mlaku ing ngarepé.

8Goliat enggoné mlaku mandheg, banjur mbengoki prejurit Israèl, "Kowé lagi padha ngapa ana kono? Apa padha arep perang? Aku iki wong Filistin, hé para baturé Saul! Pilihen salah siji sapa sing wani perang tandhing karo aku.

9Yèn sajroné perang mau aku sing mati, aku kabèh bakal dadi baturmu, nanging yèn aku sing menang lan bisa matèni dhèwèké, kowé kabèh bakal dadi baturku.

10Saiki uga, prejurit Israèl daktantang; miliha wong siji karebèn perang tandhing karo aku!"

11Bareng Saul lan prejurité padha krungu sesumbaré mau, padha kagèt lan wedi banget.

12Dawud kuwi anaké Isai, wong Éfrat, saka Bètléhèm tanah Yéhuda. Isai duwé anak lanang wolu, sarta nalika Saul nyekel pepréntahan, Isai wis tuwa banget.

13Anaké Isai sing gedhé-gedhé telu wis maju ing peprangan mèlu Saul. Sing mbarep jenengé Éliab, sing nomer loro jenengé Abinadab, lan sing nomer telu Syama.

14Dawud kuwi anaké sing ragil. Nalika kakangné telu sing gedhé-gedhé padha maju perang mèlu Saul,

15saben-saben Dawud lunga saka panggonané Saul lan mulih menyang ing Bètléhèm angon wedhusé bapakné.

16Patang puluh dina lawasé, saben ésuk lan soré, Goliat nyedhaki barisané wong Israèl karo nantang perang.

17Ing sawijining dina Isai kandha karo Dawud, "Njupuka emping gandum sepuluh kilogram lan roti sepuluh iji, gawanen menyang ing panggonané kakang-kakangmu ing kémahé para prejurit.

18Iya nggawaa kèju sepuluh iji aturna marang sénapatining prejurit. Takona kepriyé kaanané kakang-kakangmu; lan nggawaa bukti kanggo aku, yèn kowé wis ketemu kanthi slamet.

19Kakangmu padha ana ing tanah ngaré Éla bebarengan karo Saul, sarta wong-wong Israèl, lagi padha perang nglawan wong Filistin."

20Ésuké, isih ésuk, Dawud wis tangi, tata-tata, wedhusé padha dititipaké marang pangon; njupuk gawané banjur mangkat, kaya sing dipréntahaké déning bapakné. Nalika tekan ing kémah, wong Israèl pinuju mangkat menyang peprangan karo surak-surak.

21Prejurit Filistin lan Israèl wis padha adhep-adhepan tata-tata arep perang.

22Dawud banjur nitipaké gawané mau marang sing jaga praboting prejurit, banjur mlayu menyang peprangan prelu nemoni kakang-kakangné.

23Nanging nalika padha guneman, Goliat maju lan nantang wong Israèl, kaya sing uwis-uwis. Dawud krungu sesumbaré mau.

24Bareng wong Israèl padha weruh Goliat, banjur mlayu merga saka wediné.

25"Delengen!" tembungé siji karo sijiné. "Rungokna penantangé; Saul raja kita wis janji, sapa waé sing bisa matèni Goliat, bakal olèh ganjaran gedhé. Bakal didhaupaké karo putrané putri. Lan kulawargané bapakné bakal ora susah mbayar pajeg."

26Dawud banjur kandha, "Wani temen wong Filistin kapir kuwi! Wani-waniné nantang prejurité Gusti Allah kang gesang." Dawud banjur takon karo salah sawijining prejurit, "Tiyang ingkang saged mejahi tiyang Filistin lan saged mangsulaken drajatipun Israèl ganjaranipun menapa?"

27Prejurit kuwi ngandhakaké apa sing wis dijanjèkaké déning sang raja.

28Éliab, kakangné Dawud sing mbarep, krungu Dawud omong-omong karo para prejurit, nepsu karo adhiné lan ngucap, "Yagéné kowé mréné? Sapa sing kokkon ngopèni wedhusmu ing ara-ara? Aku ngerti yèn kowé kumenthus; tekamu ing kéné mung arep nonton wong perang?"

29Wangsulané Dawud, "Salahku apa ta? Aku rak mung takon."

30Dawud banjur nemoni prejurit-prejurit liyané, lan wangsulané iya padha waé.

31Nanging wong-wong sing padha krungu kandhané Dawud, padha ngaturaké marang Saul, mulané Dawud ditimbali supaya sowan.

32Aturé Dawud marang Saul, "Gusti, kita mboten prelu ajrih kaliyan tiyang Filistin menika! Kula badhé majeng perang tandhing."

33"Aja," wangsulané Saul. "Kepriyé enggonmu arep perang tandhing? Kowé isih bocah, mangka dhèwèké wis kulina perang wiwit cilik mula."

34Nanging Dawud matur, "Gusti, kula sampun kulina angèn méndanipun bapak kula; menawi wonten singa utawi bruwang ingkang dhateng sarta ndekep cempé kula,

35kéwan galak wau kula oyak lan kula lawan, cempénipun kula rebat. Menawi singa utawi bruwangipun nyerang kula, kula cepeng gulunipun, lajeng kula gebagi ngantos pejah.

36Kula sampun naté mejahi singa kaliyan bruwang. Tiyang Filistin kapir menika sami, inggih kados mekaten menika, mergi piyambakipun sampun wani nantang prejuritipun Allah ingkang sipat gesang.

37Gusti Allah sampun milujengaken kula saking cakaripun singa lan bruwang, mila Gusti Allah inggih badhé milujengaken kula saking tanganipun tiyang Filistin menika." Pangucapé Saul marang Dawud, "Iya wis becik, muga-muga Gusti Allah nunggil karo kowé."

38Saul banjur maringaké sandhangané perang lan klambi wesi marang Dawud sarta banjur dienggo. Saul ngetrapaké topi tembaga ing sirahé Dawud.

39Wusanané Dawud nyengkelit pedhangé Saul ing klambiné wesi mau sarta nyoba mlaku, nanging ora bisa, sebab durung kulina nganggo sandhangan perang. "Kula mboten saged mlampah nganggé sandhangan menika," aturé marang Saul. "Kula dèrèng kulina nganggé."

40Penganggo perang mau banjur diuculi kabèh. Dawud banjur njupuk tekené, lan milih watu lima sing klimis saka kali, banjur dilebokaké ing kanthongé. Karo nyangking bandhilé, Dawud mapagaké Goliat.

41Ora antara suwé Goliat nyedhaki Dawud, déné sing nggawa tamèngé mlaku ana ing ngarepé.

42Bareng Goliat weruh lan maspadakaké Dawud, banjur nggeguyu merga bocahé isih enom lan nggantheng.

43Pangucapé Goliat marang Dawud, "Kanggo apa teken kuwi? Apa kokkira aku iki asu?" Dawud banjur diipat-ipati demi para déwané.

44Karo menèh dhèwèké kandha sora marang Dawud, "Ayo, majua! Awakmu arep dakpakakaké manuk lan kéwan galak."

45Nanging Dawud mangsuli, "Enggonmu mapagaké aku nganggo pedhang, tumbak lan lembing, nanging enggonku mapagaké kowé atas asmané Gusti Allah Kang Mahakwasa, iya Allahé prejurit Israèl sing kokrèmèhaké kuwi.

46Ing dina iki uga Gusti Allah bakal masrahaké kowé marang aku. Kowé bakal dakkalahaké lan bakal daktugel gulumu. Gembungmu lan bangkéné para prejurit Filistin bakal dakpakakaké manuk lan kéwan galak, supaya dimangsa. Karebèn wong sadonya padha ngerti yèn bangsa Israèl nduwèni Allah sing padha daksembah.

47Lan wong kabèh bakal padha weruh, yèn Gusti Allah ora mbutuhaké pedhang utawa tumbak kanggo nylametaké umat kagungané. Panjenengané sing menang ing peprangan iki sarta Panjenengané sing bakal masrahaké kowé ing tanganku."

48Goliat maju menèh nyedhaki Dawud; Dawud banjur cepet-cepet mlayu mapagaké lakuné.

49Dawud banjur ngrogoh kanthongé njupuk watu siji kabandhilaké marang Goliat. Watu mau ngenani bathuké Goliat nganti pecah, sarta ambruk krungkeb ing lemah.

50(17:50-51) Dawud mlayoni Goliat, banjur njupuk pedhangé diwetokaké saka rangkané kanggo nugel guluné wong Filistin mau. Dadiné Dawud ngalahaké lan matèni Goliat, mung srana bandhil lan watu waé. Bareng wong-wong Filistin padha weruh yèn pemimpiné wis mati, banjur padha keplayu.

51(17:50)

52Wong-wong Israèl lan Yéhuda padha surak-surak sarta mburu wong-wong Filistin wiwit saka Saaraim nganti tekan Gat lan gapurané Ékron. Wong-wong Filistin sing padha tatu pating blasah ing sauruting dalan.

53Sawisé kuwi wong Israèl padha bali saka enggoné mburu wong Filistin, banjur ngrampas isining kémahé.

54Dawud njupuk sirahé Goliat, sarta digawa menyang Yérusalèm, nanging gegamané Goliat disimpen ing kémahé dhéwé.

55Nalika Saul weruh Dawud mapagaké Goliat, takon marang Abnèr, sénapatining prejurit, "Abnèr! Kuwi anaké sapa?" "Kula mboten sumerep, Gusti," wangsulané Abnèr.

56Préntahé Saul, "Lungaa lan prekara kuwi takokna."

57Bareng Dawud wis bali menyang kémahé, sawisé matèni Goliat, dhèwèké disowanaké Saul déning Abnèr. Dawud isih nyangking sirahé Goliat mau.

58Dawud banjur ditakoni déning Saul, "Nggèr, kowé kuwi anaké sapa?" Aturé Dawud, "Kula menika anakipun Isai, tiyang ing Bètléhèm."



 <<  1 Samuel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel