Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 21 >> 

1Dawud banjur lunga menyang panggonané Imam Akhimèlèkh ing Nob. Kanthi kagèt banget Akhimèlèkh methukaké Dawud lan matur, "Menapa sebabipun panjenengan rawuh ing ngriki tanpa abdi?"

2Wangsulané Dawud, "Kula dipun paringi tugas déning sang prabu sarta mboten kénging nyanjangaken dhateng sinten kémawon. Milanipun prejurit kula, kula purih methuk ing setunggaling panggènan.

3Nyuwun pangapunten, menapa bapak gadhah tetedhan? Mugi kula dipun paringi roti gangsal utawi menapa kémawon ingkang wonten ing ngriki."

4Aturé imam mau, "Kula mboten gadhah roti limrah, wontenipun namung roti saosan. Panjenengan kénging mundhut, angger prejurit panjenengan ing wekdal-wekdal menika mboten kempal kaliyan tiyang èstri."

5Wangsulané Dawud, "Temtu kémawon tiyang-tiyang menika mboten nindakaken mekaten. Menawi kula ngayahi pedamelan, prejurit kula tansah njagi supados suci manut prenataning agami. Menika menawi tugas limrah; langkung-langkung tugas kados samangké menika."

6Imam mau banjur ngaturaké roti saosan marang Dawud, sebab sing ana iya mung roti kuwi, dijupuk saka mesbèh, arep diganti sing anyar.

7(Kebeneran, Doèg saka Édom, pengareping para pangoné Saul ing dina kuwi ana ing kono, ngayahi kuwajibaning agama.)

8Dawud banjur takon marang Akhimèlèkh, "Menapa bapak nyimpen tumbak utawi pedhang ingkang kénging kula ginakaken? Enggèn kula mangkat ngayahi dhawuhipun sang prabu kesesa, ngantos mboten kober mendhet pedhang utawi dedamel sanèsipun."

9Aturé Akhimèlèkh, "Kula nyimpen pedhangipun Goliat, tiyang Filistin ingkang panjenengan pejahi ing tanah ngaré Éla menika. Pedhang menika wonten ing wingkingipun Éfod, dipun bungkus lawon. Menawi panjenengan kersa kula aturi mendhet, sebab namung menika ingkang wonten ing ngriki." Tembungé Dawud, "Ing sanegari pedhang menika mboten wonten ingkang nyamèni, mugi kaparingna dhateng kula!"

10Ing dina kuwi uga, Dawud oncat saka Saul, ngungsi tekan wilayahé Akhis, raja ing Gat.

11Akhis diaturi kabar déning para pegawéné, "Menika rak Raja Dawud, ingkang kala semanten tiyang-tiyang èstri sami jejogèdan kaliyan ngidung ingkang ungelipun, ‘Saul enggoné matèni mungsuh éwon, nanging Dawud puluhan éwon.’"

12Tetembungan mengkono mau ngganggu pikirané Dawud, lan banjur dadi wedi banget karo Raja Akhis.

13Mulané, ing ngarepaning para punggawa, Dawud ngowahi tindak-tanduké. Nalika para punggawa nyoba arep nyekel, Dawud éthok-éthok kaya wong édan, nggrauti gapuraning kutha lan ndlèwèraké ileré ing jénggoté.

14Akhis banjur kandha karo para punggawané, "Apa kowé padha ora ngerti, yèn wong kuwi édan? Yagéné kokgawa mréné?

15Apa kowé isih kekurangan wong, nganti ana wong édan kokgawa nyang omahku?"



 <<  1 Samuel 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel