Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 28 >> 

1Nalika semana wong Filistin ngumpulaké prejurité kanggo nglawan wong Israèl, déné Akhis kandha karo Dawud, "Mesthiné kowé ngerti, yèn kowé lan prejuritmu kudu perang mèlu aku."

2Aturé Dawud, "Temtu kémawon, panjenengan mangké badhé mirsa piyambak, menapa ingkang saged kula lampahi." Akhis banjur ngucap, "Becik! Kowé bakal dakangkat dadi prejurit sing ngreksa aku ing selawasé."

3Dhèk semana Samuèl wis tilar-donya lan ditangisi déning bangsa Israèl kabèh sarta wis dikubur ing Rama, kuthané dhéwé. Ing wektu kuwi uga Saul wis nundhungi tukang ngramal lan dhukun préwangan supaya lunga saka Israèl.

4Bareng prejurit Filistin padha kumpul sarta padha ngedegaké kémah ing sacedhaké kutha Sunèm, Saul uga ngumpulaké wong-wong Israèl, lan padha pasang kémah ing Gunung Gilboa.

5Bareng Saul weruh prejurit Filistin mau, atiné giris.

6Banjur nyuwun pitedah marang Allah, nanging Gusti Allah ora mangsuli, iya ing sajroning impèn, utawa lantaran Urim lan Tumim sarta lantaran para nabi.

7Mulané Saul banjur kandha karo para kawulané, "Golèka dhukun préwangan wadon, arep daktemoni lan dakjaluki pitutur." Wong-wong padha matur, "Ing Èndor wonten dhukun."

8Saul banjur nyamar, supaya ora kaweruhan ing wong. Karo pendhèrèk wong lanang loro Saul mangkat lan tekan ing omahé dhukun mau ing wayah bengi. Tembungé Saul, "Undangna rohé wong sing bakal daksebut jenengé, lan takokna apa sing bakal kelakon."

9Wong wadon mau matur, "Sampéyan temtu ngertos, bilih Raja Saul sampun nundhungi para tukang ngramal saha para dhukun préwangan saking Israèl. Menapa sampéyan badhé njeblosaken kula supados dipun pejahi?"

10Saul banjur sumpah, tembungé, "Demi Allah kang gesang, aku janji yèn kowé ora bakal diukum merga nindakaké prekara iki."

11Wong wadon mau matur, "Sinten ingkang kedah kula undang?" Wangsulané Saul, "Samuèl."

12Bareng wong wadon mau weruh Samuèl, banjur mbengok lan matur marang Saul, "Menapa sebabipun panjenengan ngapusi kula? Panjenengan menika Raja Saul!"

13Wangsulané Saul, "Aja wedi! Kandhakna, apa sing kokweruhi!" Wangsulané, "Kula sumerep roh njedhul saking bumi."

14Pitakoné Saul, "Kepriyé rupané?" Aturé, "Tiyang jaler sampun sepuh, njedhul nganggé jubah." Saul banjur ngerti yèn iku Samuèl, sarta banjur sujud ngurmati nabi kuwi.

15Sabanjuré Samuèl kandha marang Saul, "Yagéné aku kokganggu? Yagéné kowé ngundang aku mréné?" Pangucapé Saul, "Kula bingung sanget sebab dipun serang déning tiyang Filistin, mangka Gusti Allah sampun nilar kula. Kula mboten dipun pangandikani malih, inggih lantaran para nabi, mekaten ugi srana impèn. Mila kula nyuwun dhateng bapak, kersaa ngandikani menapa ingkang kedah kula lampahi."

16Tembungé Samuèl, "Apa preluné kowé ngundang aku, mangka Allah wis nilar kowé sarta dadi mungsuhmu?

17Allah wis ndhawuhi kowé kaya sing wis didhawuhaké lantaran aku. Allah wis mundhut tanah Israèl saka tanganmu lan maringaké marang Dawud.

18Kowé wis nglawan dhawuhé Gusti Allah lan ora numpes wong Amalèk sarta bandhané kabèh. Yakuwi sebabé saiki kowé dipatrapi kaya mengkono déning Allah.

19Allah bakal masrahaké kowé lan bangsa Israèl marang wong Filistin. Sésuk kowé lan para anakmu bakal kumpul karo aku; malah prejurit Israèl kabèh bakal dipasrahaké marang wong Filistin déning Allah."

20Krungu mengkono, Saul banjur ambruk nggejejer ing lemah, merga kagèt lan banget girisé. Karomenèh Saul lemes banget, sebab sedina sewengi ora mangan apa-apa.

21Dhukun mau nyedhaki Saul lan ngerti yèn dhèwèké bingung banget. Mulané wong wadon mau banjur matur, "Gusti, kula sampun toh nyawa prelu nindakaken menapa ingkang panjenengan pundhut.

22Dados, panjenengan mugi kersa ngabulaken panyuwunan kula; kula aturi dhahar sekedhik saking tetedhan ingkang kula aturaken, supados panjenengan saged nglajengaken tindak panjenengan."

23Saul nolak lan kandha yèn dhèwèké ora arep mangan. Nanging sawisé diaturi para prejurité, manut. Saul banjur menyat lan lungguh ing peturon.

24Wong wadon mau énggal-énggal nyembelèh pedhèté sing wis dilelemu, njupuk glepung lan diremet-remet, banjur dipanggang dadi roti tanpa ragi.

25Sawisé rampung banjur disuguhaké Saul lan para prejurité, nuli padha dipangan. Ing bengi kuwi uga wong-wong mau padha lunga.



 <<  1 Samuel 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel