Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 9 >> 

1Ana wong sugih kang gedhé kawibawané, saka taler Bènyamin, jenengé Kis. Kis kuwi klebu brayaté Bekorat, bagéané kulawangsa Afiah. Bapakné jenengé Abièl, déné embahé Zéror.

2Kis duwé anak lanang, jenengé Saul, isih nom-noman, nggantheng tur gagah. Ora ana wong siji waé ing Israèl sing ngluwihi ngganthengé. Saul kuwi dhuwur banget; wong Israèl rata-rata mung sapundhaké.

3Ing sawijining dina kuldiné Kis ana sawetara sing ilang. Mulané kandha karo Saul, "Ngajaka batur siji, kuldi-kuldi sing ilang kuwi golèkana."

4Saul lan baturé banjur ndlajahi wilayah pegunungan Éfraim lan tanah Salisa, nanging ora olèh gawé. Banjur mlaku terus menyang tanah Sahalim, nanging kuldi-kuldi mau iya ora ana ing kono. Banjur padha nggolèki menyang wilayah Bènyamin, nanging iya ora ana.

5Bareng padha tekan tanah Zuf, Saul kandha karo baturé, "Ayo padha mulih waé. Bapak bisa uga luwih nguwatiraké kita tinimbang kuldi-kuldiné."

6Baturé mangsuli, "Mangké rumiyin! Ing kitha wonten tiyang abdinipun Allah. Tiyang menika kajèn, mergi sedaya ingkang dipun cariyosaken temtu kelampahan. Mangga sami mrika, mbokmenawi kita badhé dipun tedahi kuldi-kuldi menika wonten pundi."

7Tembungé Saul, "Yèn mrana, apa sing bakal kita caosaké? Sangu kita wis mèh entèk, mangka kita rak ora duwé apa-apa sing kena diaturaké abdining Allah kuwi?"

8Batur mau kandha, "Kaleresan kula taksih gadhah arta pérak setunggal. Badhé kula aturaken dhateng abdining Allah menika supados kersa nedahaken wonten pundi panggènanipun kuldi-kuldi menika."

9(9:9-11) "Iya becik banget," wangsulané Saul, "Ayo padha mangkat." Banjur padha lunga menyang kutha, ing panggonané abdiné Allah mau. Nalika padha munggah ing punthuk sing tekan kutha mau, padha ketemu karo prawan-prawan menyang sumur arep ngangsu. Wong-wong mau banjur padha takon karo prawan-prawan kuwi, "Ing ngriki menapa wonten Tiyang wasis?" (Ing jaman semana nabi disebut wong wasis, dadi yèn ana wong kepéngin matur apa waé marang Allah, tembungé mengkéné, "Ayo padha sowan wong wasis.")

10(9:9)

11(9:9)

12(9:12-13) "Inggih, wonten," wangsulané prawan-prawan mau, "malah nembé kémawon langkung ngriki. Menawi cepet, mbokmenawi sampéyan saged nututi. Tiyang menika nembé dhateng kitha, sebab ing dinten menika para umat badhé nyaosaken kurban ing mesbèh punthuk ngriku. Ingkang sami dhateng mboten badhé nedha, menawi tiyang menika dèrèng dhateng lan mberkahi kurban langkung rumiyin. Menawi samenika sampéyan nusul mrika, sampéyan badhé manggihi sadèrèngipun minggah dhateng punthuk."

13(9:12)

14Saul lan baturé banjur mangkat menyang kutha, sarta bareng mlebu ing gapura, weruh Samuèl marani dhèwèké, lagi lumaku menyang panggonan ngibadah.

15Sedina sadurungé kuwi Gusti Allah maringi wangsit marang Samuèl mengkéné,

16"Sésuk kira-kira padha karo wektu iki, Aku bakal ngutus wong saka wengkon Bènyamin nemoni kowé. Wong kuwi jebadana dadi pengareping umat-Ku Israèl. Dhèwèké bakal nylametaké umat-Ku saka wong Filistin. Aku wis mirsani kasangsarané umat-Ku lan penangisé, nyuwun tulung."

17Bareng Samuèl weruh Saul, Gusti Allah ngandika marang Samuèl, "Yaiki wongé sing Dakngandikakaké marang kowé. Dhèwèké bakal ngratoni umat-Ku."

18Ing wektu kuwi Saul nyowani Samuèl, ing sacedhaké gapura, lan matur, "Nyuwun pangapunten, Pak, pundi dalemipun tiyang wasis menika?"

19Samuèl mangsuli, "Aku iki wongé. Ndisikana aku menyang panggonan ngibadah, sebab ing dina iki kowé bakal mangan bebarengan karo aku. Sésuk-ésuk sarupaning pitakonanmu bakal dakwangsuli. Sawisé kuwi kowé lagi padha kena mulih.

20Bab ilangé kuldi-kuldimu telung dina kepungkur, aja koksumelangaké, sebab wis ketemu. Ana menèh, sing pengaji dhéwé ing Israèl, bakal diparingaké marang kowé lan brayaté bapakmu."

21Saul mangsuli, "Kula menika saking taler Bènyamin, taler ingkang alit piyambak ing Israèl, brayat kula menika tanpa pengaji wonten taler menika. Dados kadospundi bapak ngandika ingkang mekaten dhateng kula?"

22Samuèl banjur ngajak Saul lan baturé mlebu ing kamar gedhé, banjur diprenahaké ing papan istiméwa ing sangareping para undangan, cacahé kira-kira ana wong telung puluh.

23Sabanjuré Samuèl préntah marang juru masak, "Dagingé sing disimpen, sing mau daktitipaké kowé ladèkna mréné."

24Juru masak mau banjur njupuk daging pupu sing pilihan, diladèkaké ing sangareping Saul. Samuèl kandha, "Iki bagéan sing daksisihaké kanggo kowé supaya kokpangan ing wektu iki, bebarengan karo para tamu. Mula panganen." Saul nuli mangan. Dadi ing dina kuwi Saul mangan bebarengan karo Samuèl.

25Sawisé kuwi banjur padha mudhun saka panggonan ngibadah lan mlebu ing kutha. Saul diwènèhi kamar kanggo turu ing payoning omah, banjur mapan turu.

26Bareng wis bangun ésuk, Samuèl ngundang Saul kang ana ing payon mau, tembungé, "Tangia, ayo dakteraké lunga." Saul tangi, banjur mangkat bebarengan karo Samuèl.

27Bareng wis tekan ing pinggiring kutha, Samuèl kandha karo Saul, "Batur iku konen mlaku ndhisiki." Batur mau nuli mangkat, déné Samuèl kandha menèh, "Mandhega ing kéné sedhéla, kowé arep dakkandhani pangandikané Allah."



 <<  1 Samuel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel