Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 21 >> 

1Nalika Manasyè jumeneng raja ing Yéhuda yuswané rolas taun. Dalemé ing Yérusalèm. Enggoné jumeneng raja lawasé sèket lima taun. Asmané ibuné Hèfziba.

2Manasyè nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran, yakuwi niru adat tata-carané bangsa-bangsa Kenaan, sing ditundhung déning Pangéran, nalika bangsa Israèl teka ngenggoni negara mau.

3Panggonan panyembahan brahala, sing wis dirusak déning Hizkia, dibangun menèh. Manasyè yasa mesbèh-mesbèh kanggo nyembah Baal, lan gawé reca-recané Dèwi Asyéra, kaya sing ditindakaké déning Akhab, raja ing Israèl. Manasyè uga nyembah lintang-lintang.

4Pangéran wis dhawuh yèn Pedalemané Allah kuwi panggonan kanggo nyembah marang Allah, éwasemono Manasyè yasa mesbèh-mesbèh kanggo nyembah para déwa.

5Ing platarané Pedalemané Allah karo pisan didegi mesbèh-mesbèh kanggo nyembah lintang-lintang.

6Putrané dienggo kurban obongan. Raja Manasyè iya olah ilmu tenung, ilmu nujum, ilmu gaib, lan ilmu préwangan, yakuwi njaluk pitulungané roh-roh. Dosa-dosané sing mengkono mau njalari dukané Gusti Allah.

7Lambangé Dèwi Asyéra dipasang ing Pedalemané Allah, mangka bab panggonan mau Gusti Allah wis ngandika marang Dawud lan Suléman, putrané, "Pedaleman-Ku ing Yérusalèm, mulané umat-Ku Israèl kudu padha nyembah marang Aku ana ing kana.

8Lan yèn umat Israèl nindakaké sakèhé dhawuh-Ku lan netepi prenatan-prenatan sing diwènèhaké déning Musa, abdi-Ku, Aku bakal ora négakaké umat Israèl ditundhung saka tanah, sing wis Dakparingaké marang para leluhuré."

9Nanging wong Yéhuda padha ora mbangun-turut marang Pangéran, malah Manasyè nglakoni dosa sing luwih gedhé ketimbang karo dosané wong Kenaan sing dilungakaké déning Allah, nalika umat Israèl teka, ngenggoni tanah kono.

10Mulané Gusti Allah ngandika lantaran para nabi, abdiné, mengkéné,

11"Raja Manasyè kuwi ala banget, penggawéné luwih ala ketimbang karo penggawéné wong Kenaan, lan brahala-brahalané njalari wong Yéhuda iya padha gawé dosa.

12Mulané Aku, Allah sing disembah déning umat Israèl, bakal nekakaké kasangsaran gedhé ing Yérusalèm lan ing Yéhuda, nganti saben wong sing krungu bakal padha kagèt.

13Yérusalèm bakal Dakukum, kaya patrapé enggon-Ku ngukum marang Samaria lan Akhab, raja Israèl, lan anak-turuné. Yérusalèm bakal Daktumpes tapis, kaya piring sing diasahi lan dikurebaké.

14Penduduké sing isih kari bakal Dakulungaké dadi mangsané para mungsuhé, sing bakal ngrucati gegamané lan njarah-rayah negarané.

15Kuwi kabèh bakal disangga déning umat-Ku, merga padha nglakoni dosa marang Aku lan gawé duka-Ku, wiwit saka jamané leluhuré metu saka tanah Mesir, tekan sepréné."

16Manasyè wis matèni wong akèh banget sing ora salah, mula ing Yérusalèm getihé wong resik mau kawutahaké ing saenggon-enggon. Kuwi dosa sing dilakoni déning Manasyè, kejaba enggoné njalari wong Yéhuda gawé dosa marang Allah, merga nyembah marang brahala.

17Riwayaté Raja Manasyè liya-liyané lan bab dosa-dosané kabèh wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

18Manasyè séda lan disarèkaké ing petamanan kedhaton, yakuwi ing Uza, Amon, putrané nggentosi dadi raja.

19Nalika jumeneng raja ing Yérusalèm, Amon yuswané rolikur taun. Asmané ibuné Mesulèmèt, putrané Harus, wong Yotba.

20Ora béda karo ramané, Amon nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran.

21Brahala-brahala sing disembah déning ramané iya disembah.

22Amon nyingkur marang Pangéran, Allah sesembahané para leluhuré, lan nerak prenatan-prenatané Allah.

23Para punggawané Raja Amon banjur padha gawé komplotan nglawan Sang Prabu. Raja Amon banjur disédani ing kedhatoné.

24Nanging wong-wong sing nyédani mau gentèn dipatèni déning rakyat Yéhuda ana ing kedhaton. Sawisé mengkono rakyat banjur ngangkat Yosia, putrané Amon, jumeneng raja nggentosi ramané.

25Riwayaté Amon liya-liyané wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

26Amon disarèkaké ana ing petamanan Uza. Yosia, putrané, nggentosi jumeneng raja.



 <<  2 Raja-raja 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel