Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 7 >> 

1Sawisé Raja Suléman rampung enggoné ndedonga, nuli ana geni saka langit ngobong kurban-kurban sing disaosaké marang Allah. Cahya kamulyané Allah ngebaki Pedalemané Allah mau kabèh,

2nganti para imam padha ora bisa mlebu ing kono.

3Bareng rakyat Israèl ndeleng ana geni tumurun saka langit lan cahya kamulyané Allah ngebaki Pedalemané Allah, banjur padha sujud ing lemah sarta nyembah lan memuji marang Allah, merga Panjenengané nindakaké kasaénan lan sihé langgeng ing selawasé.

4Sawisé mengkono Raja Suléman lan wong kabèh kang ana ing kono nuli padha saos kurban marang Allah.

5Raja Suléman nyaosaké kurban keslametan rupa sapi 22.000 lan wedhus gèmbèl 120.000. Mengkono Sang Prabu lan rakyat kabèh enggoné padha nganakaké pangibadah masrahaké Pedalemané Allah marang Pangéran.

6Para imam padha ngadeg ing panggonané dhéwé-dhéwé, adhep-adhepan karo wong Lèwi sing padha memuji marang Pangéran nganggo alat musik sing digawé déning Raja Dawud, karo menyanyi, "Sih-kadarmané langgeng ing selawasé," kaya sing diwarahaké déning Raja Dawud. Para imam padha ngunèkaké slomprèt lan rakyat kabèh padha ngadeg.

7Latar ing ngarepé Pedaleman mau sing tengah banjur disucèkaké kagem Allah. Panggonan mau banjur kagawé saos kurban obongan, kurban dhaharan nganggo gajih saka kurban keslametan. Suléman enggoné saos kurban ana ing kono jalaran mesbèh prunggu sing wis digawé keciliken kanggo kurban mau kabèh.

8Ing Pedalemané Allah kono Suléman lan umat Israèl kabèh padha nganakaké Riaya Tarub Godhong nganti pitung dina lawasé. Wong sing padha nglumpuk ing kono akèh banget, yakuwi wong-wong saka dalan Hamat ing sisih Lor tekan tapel watesé tanah Mesir ing sisih Kidul.

9Enggoné nglumpuk ing kono merga nucèkaké mesbèh kagem Allah, lawasé pitung dina, sawisé kuwi disambung pitung dina menèh kanggo ngriayakaké Riaya Tarub Godhong. Ing dina pungkasan dianakaké pésta tutupan,

10lan ésuké, yakuwi tanggal telulikur sasi kapitu Raja Suléman ndhawuhi wong-wong supaya padha mulih. Wong kabèh padha bungah nampani sihé Allah sing wis katindakaké marang Israèl, umaté, semono uga marang Raja Dawud lan Raja Suléman.

11Sawisé Raja Suléman rampung enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné kaya sing dirancang,

12Allah banjur ngetingal menèh marang Raja Suléman ing wayah bengi. Pangandikané, "Pandongamu wis Dakjurungi, lan srana mengkono Pedaleman sing kokgawé iku dadi panggonan suci kanggo nindakaké pangibadah marang Aku ing selawas-lawasé.

13Yèn Aku ora nekakaké udan utawa nekakaké walang sing ngentèkaké pametuné bumi utawa nekakaké lelara marang umat-Ku,

14mangka umat-Ku banjur ngasoraké awaké lan ndedonga marang Aku, sarta mratobat saka dosané lan ninggal penggawéné sing ala, Aku saka ing swarga bakal miyarsakaké pandongané. Aku bakal ngapura dosa-dosané lan tanahé bakal Dakgawé subur menèh.

15Pedaleman iki bakal tansah Dakgatosaké lan sakèhé pandonga kang diaturaké ing Pedaleman iki bakal Dakpiyarsakaké.

16Kuwi mau kabèh merga papan iki wis Dakpilih lan Daksucèkaké dadi papan pangibadah marang Aku ing selawas-lawasé. Mulané papan pangibadah iki bakal tansah Dakgatosaké lan Dakreksa.

17Yèn kowé, kaya bapakmu Dawud, nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku lan nindakaké sakèhé prekara mau.

18Aku bakal netepi janji-Ku marang bapakmu Dawud, yakuwi selawasé bakal ana anak-turuné sing dadi raja ing Israèl.

19Nanging yèn kowé lan rakyatmu nglanggar dhawuh-dhawuh-Ku sarta nyembah marang déwa-déwa.

20Aku bakal nundhung kowé kabèh saka tanah sing Dakparingaké marang kowé. Omah sing wis Dakpilih dadi papan pamujan marang Aku iki iya bakal Daktinggal. Wong Israèl saparan-paran bakal dicacad lan dipoyoki déning para bangsa.

21Lan Pedaleman Pamujan sing saiki dimulyakaké iki bakal gawé gumuné lan kagèté wong sing padha liwat ing kono. Bakal padha muni, ‘Apa sebabé déné tanah lan Dalem Pamujan iki digawé mengkono déning Allah?’

22Banjur wong-wong bakal padha mangsuli, ‘Kuwi merga umat Israèl nyingkur marang Pangéran Allahé, kang wis ngirid lakuné para leluhuré metu saka tanah Mesir, sarta padha nyembah lan ngabekti marang déwa-déwa. Kuwi sebabé Gusti Allah nekakaké kasengsaran marang umat.’"



 <<  2 Tawarikh 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel