Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 1 >> 

1(1:1-2) Layang saka Paulus, sing katimbalan déning Gusti Allah dadi rasulé Sang Kristus Yésus, kautus martakaké prasetyané bab urip ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, tumekaa marang Timotius, anakku sing kinasih. Gusti Allah Sang Rama lan Kristus Yésus Gusti kita, maringana sih-rahmat, palimirma lan katentreman marang kowé.

2(1:1)

3Aku saos sukur marang Gusti Allah, sing dakladosi klawan ati sing resik, kaya patrapé para leluhurku dhèk biyèn. Saben-saben aku kèlingan kowé ana ing pandongaku, rina lan wengi, aku banjur saos sukur.

4Aku éling marang prihatinmu; mulané aku kepéngin banget ketemu karo kowé, supaya atiku dadi bungah.

5Aku kèlingan precayamu sing tulus éklas, ora béda karo precayané embahmu Lois lan ibumu Éunike’. Aku yakin yèn precayamu uga mengkono.

6Mulané kowé dakweling supaya kowé sregep nglakoni pegawéan, kang kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé, nalika kowé daktumpangi tangan.

7Awit Roh sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kita iki ora marakaké kita dadi wong jirih, nanging malah menuhi kita klawan pangwasa, katresnan lan kekuwatan kanggo ngendhalèni awak kita dhéwé.

8Mulané kowé aja isin neksèni Gusti; uga aja isin merga saka aku, sing dikunjara. Nanging, mèlua nandhang sangsara, kanggo kepentingané Injil, miturut kekuwatan sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.

9Panjenengané nylametaké kita lan nimbali kita, supaya kita padha dadi umaté; landhesané dudu penggawé kita, nanging kersané lan sih-rahmaté piyambak. Sih-rahmat lantaran Sang Kristus Yésus wis diparingaké marang kita sadurungé jaman iki kawiwitan.

10Lan saiki kababaraké marang kita lan lantaran rawuhé Sang Juru Slamet, Kristus Yésus. Panjenengané sing nyirnakaké pangwasané pati, lan lantaran Injil Panjenengané medharaké urip sing ora kena ing rusak.

11Iya Gusti Allah sing netepaké aku dadi rasul lan guru, supaya ngabaraké Injil.

12Lan iya merga Injil kuwi aku nandhang kasangsaran iki. Nanging aku isih tetep yakin, awit aku wanuh karo sapa sing dakprecaya, lan aku ngerti temenan yèn Panjenengané kwasa ngreksa apa sing wis dipitayakaké marang aku, nganti tekan Dina rawuhé Gusti.

13Antepana piwulang bener, sing dakwulangaké marang kowé, dadia tepa tuladha kanggo kowé. Tetepa precaya lan tetepa enggonmu nresnani ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus.

14Jaganen prekara-prekara becik sing wis dipitayakaké marang kowé lantaran pangwasané Sang Roh Suci kang dedalem ana ing kita.

15Kowé wis ngerti yèn wong kabèh ing tanah Asia Cilik wis padha nyingkur marang aku, klebu uga Figelus lan Hérmogènès.

16Muga Gusti maringana sih-rahmat marang brayaté Onésiforus, merga dhèwèké kerep nglipur aku. Dhèwèké ora isin niliki aku ana ing pakunjaran.

17Satekané ing kutha Rum dhèwèké terus nggolèki aku nganti ketemu.

18Muga Gusti ngganjar sih-rahmat marang Onésiforus, ana ing Dina rawuhé Gusti. Lan kowé dhéwé iya ngerti sepira gedhéning pitulungané Onésiforus mau marang aku ana ing kutha Éfesus.



 <<  2 Timotius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel