Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 21 >> 

1Allah kang ngerèh penggalihé raja, presasat kali, diilèkaké ing sakersané piyambak.

2Saben wong nganggep yèn penemuné kuwi sing bener dhéwé, nanging Gusti Allah mriksa atiné wong.

3Gusti Allah luwih rena penggalihé yèn manungsa nglakoni kabeneran lan keadilan, ketimbang karo nyaosaké kurban marang Panjenengané.

4Wong duraka dituntun déning rasa angkuh lan gemunggung, mangka kuwi dosa.

5Manungsa sing ngati-ati kuwi nekakaké asil akèh, nanging sing sapa kesusu bakal ngalami kecingkrangan.

6Ngarah kasugihan srana ngapusi kuwi kaya pedhut sing ilang kabur ing angin lan nuntun marang bilai.

7Wong ala padha nemahi karusakan déning panganiaya sing ditindakaké dhéwé, merga padha nampik nindakaké prekara sing bener.

8Dalané wong ngapusi kuwi ménggak-ménggok, nanging lakuné wong sing resik lempeng.

9Pilih manggon ing payon, ketimbang manggon saomah karo bojo sing crèwèt.

10Wong duraka kuwi tansah kepéngin nindakaké piala, lan ora duwé welas marang pepadhané.

11Wong gemunggung yèn diukum marakaké wong bodho dadi pinter. Wong wicaksana mundhak kawruhé saka pengalamané.

12Gusti Allah nggatosaké omahé wong ala; wong mau dijorogaké marang bilai.

13Sing sapa ora gelem ngrungokaké pesambaté wong mlarat, yèn sesambat dhéwé bakal ora diparingi.

14Atur-atur sing diwènèhaké nganggo sesidheman, nyirep nepsuné wong sing lagi mulad-mulad.

15Kabeneran gawé bungahé wong mursid, nanging gawé geteré wong duraka.

16Wong sing nyimpang saka kabeneran, kuwi lakuné bakal anjog ing pati.

17Wong sing seneng mangan énak bakal nandhang kekurangan; mangan énak ora ndadèkaké sugih.

18Wong ala mesthi ketekan bilai, sing arep ditujokaké marang wong mursid.

19Pilih manggon ana ing ara-ara samun, ketimbang manggon saomah karo rabi sing cepak nepsuné lan seneng padu.

20Omahé wong wicaksana kanggonan kalubèran, nanging wong tanpa budi ngentèkaké sanalika apa sing ditampa.

21Sing sapa nindakaké kabeneran lan katresnan bakal kaparingan umur dawa, kaluhuran lan kaurmatan.

22Wong wicaksana bisa ngrebut bètèng sing dijaga déning wong rosa-rosa, lan ngrubuhaké témbok-témboké sing padha diendel-endelaké.

23Sing sapa njaga tembungé, ngedohaké awaké dhéwé saka karubedan.

24Wong angkuh kuwi gemunggung, lumuhur-luhur lan ninggal tata-krama.

25Wong kesèd sing wegah nyambut-gawé mati déning pekaremané dhéwé.

26Senengé sedina-dina mung ngangen-angen apa sing dipéngini; nanging wong mursid seneng wèwèh kanthi loma.

27Gusti Allah sengit karo kurbané wong ala, apa menèh sing dicaosaké kalawan sedya ala.

28Paseksi goroh bakal ditampik, nanging tembungé wong sing ditimbang-timbang kanthi mateng bakal ditampa.

29Wong mursid kuwi salaku-lakuné mantep; nanging kabecikané wong duraka digawé-gawé.

30Kawicaksanané manungsa, kawruh lan pratikelé ora ana gawéné samasa cengkah karo kersané Allah.

31Wong bisa nyawisaké jaran kanggo perang, nanging sing paring kemenangan kuwi Allah.



 <<  Amsal 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel