Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 25 >> 

1Bebasan-bebasan iki iya anggitané Suléman, diklumpukaké déning para abdiné Hizkia ratu ing Yéhuda.

2Kita ngluhuraké Allah merga Panjenengané medhar prekara-prekara sing winadi. Kita ngurmati Sang Prabu merga enggoné paring ketrangan.

3Wong ora bisa njajagi penggalihé raja. Penggalihé ngungkuli kita kabèh, kaya dhuwuré langit lan jeroné samodra.

4Rereged ing slaka menawa diresiki, slaka mau kena digarap déning kemasan dadi piranti.

5Penaséhat sing ala singkirna saka ing ngarsané Sang Raja, mula pepréntahané bakal adil.

6Yèn ngadhep Sang Prabu aja gemedhé, lan aja nganggep awakmu padha karo wong gedhé.

7Luwih becik wong akon kowé, "Kula aturi minggah mriki," ketimbang karo diasoraké ana ing ngarepé para penggedhé.

8Aja kesusu ngladèkaké prekara ana ing pengadilan. Saupama banjur ana wong liya sing mbuktèkaké yèn kowé salah, kowé arep muni apa?

9Buktèkna karo pepadhamu yèn kowé pancèn bener, nanging aja mbukak wadiné wong liya.

10Supaya kowé ora diécé wong sing padha krungu, lan gentèn digawé wirang.

11Tembung patitis sing diucapaké ing wektu sing cocog, kuwi kaya woh apel emas disèlèhaké ing piring slaka.

12Pituturé wong wicaksana kuwi luwih aji, ketimbang karo ali-ali utawa hiasan emas murni.

13Utusan sing setya kuwi gawé leganing atiné sing ngutus, kaya banyu adhem sing seger yèn nuju panèn ing mangsa panas.

14Wong sing janji arep wèwèh nanging ora tau diulungaké, kuwi presasat mendhung awor angin tanpa udan.

15Penggedhé sing keras wataké bisa diyakinaké nganggo kesabaran, tembung sing sarèh bisa ngempukaké ati sing keras.

16Mangana madu sacukupé waé, aja nganti kewaregen, nganti kokwutahaké menèh.

17Aja kekerepen sanja ing omahé wong, supaya wong mau ora bosen, nganti dadi sengit karo kowé.

18Sing sapa awèh paseksi goroh ing ngatasé pepadhané, padha kaya matèni wong mau nganggo penthung, pedhang utawa panah sing landhep.

19Ngendelaké wong sing ora kena diprecaya ing wektu karibedan, kuwi kaya wong mamah tanpa untu utawa mlaku mangka sikilé pincang.

20Sing sapa menyanyi ing ngarepé wong sing lagi susah, kuwi kaya wong sing mbukak kemulé ing mangsa bedhidhing utawa ngesokaké cokak ana ing tatuné.

21Wong sing sengit karo kowé, yèn keluwèn wènèhana mangan, yèn ngelak wènèhana ngombé.

22Srana mengkono wong mau bakal kisinan banget lan kowé bakal diganjar déning Allah.

23Penyatur ala kuwi gawé panasing ati, kaya angin saka Lor kuwi mesthi nggawa udan.

24Pilih manggon ing payoning omah ketimbang dadi saomah karo rabi sing seneng padu.

25Krungu kabar becik ana ing negara manca iku segeré kaya wong ngelak ngombé banyu adhem ing mangsa panas.

26Wong mursid sing kwatir ngadhepi wong ala kuwi kaya sumber sing buthek utawa kotor.

27Kakèhan mangan madu kuwi ora becik, semono uga wong sing kakèhan pangalembana.

28Wong sing ora bisa ngerèh nepsuné, upamané kaya kutha sing tanpa bètèng, mula gampang ditelukaké.



 <<  Amsal 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel