Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 9 >> 

1Sang Wicaksana wis yasa dalané, sakané pitu wis didegaké.

2Panjenengané wis nyembelèh kéwan kanggo pésta, wis nyampur anggur lan nata dhaharan ana ing méja.

3Panjenengané wis utusan para abdiné wadon kadhawuhan undang-undang ing panggonan-panggonan sing dhuwur ing kutha, mengkéné,

4"Hé wong kang tanpa budi, padha mrénéa!" Lan wong gemblung dikandhani,

5"Mrénéa, mangana pawèwèhku, lan ngombéa anggur sing wis takjantoni.

6Nyingkirana pesrawungan karo wong gemblung, supaya kowé urip. Mlakua dalaning kapinteran."

7Sing sapa ngélikaké wong sing ambek memoyok, malah bakal kwirangan dhéwé. Sing sapa melèhaké, malah bakal dicacad dhéwé.

8Mulané aja ngélikaké wong sing ambek memoyok. Kowé malah bakal disengiti. Nanging sing sapa melèhaké wong wicaksana, bakal diurmati.

9Wong wicaksana yèn kokwulang, bakal tambah kawicaksanané. Wong mursid yèn kokkandhani, bakal mundhak kawruhé.

10Sing sapa seneng dadi wong wicaksana kudu ngabekti dhisik marang Allah. Menawa kowé tepung karo Gusti Allah, kowé duwé pangertèn.

11Merga saka kawicaksanan, umurmu didawakaké, lan taun-tauné umurmu ditambahi.

12Yèn kowé wicaksana, kowé dhéwé sing bathi. Yèn kowé nulak kawicaksanan kowé dhéwé sing sangsara.

13Wong gemblung kuwi kaya wong wadon sing bengok-bengok ora duwé isin,

14sing lungguh ana ing lawangé omahé utawa ing papan sing dhuwur ing kutha,

15nyeluki wong-wong sing liwat, sing lagi ngurusi prekarané dhéwé-dhéwé, tembungé,

16"Hé para wong sing tanpa budi, padha mrénéa!" Wong gemblung nuli dikandhani,

17"Banyu colongan kuwi legi, lan roti sing dipangan ing pandhelikan kuwi rasané luwih énak!"

18Wong sing tanpa budi sing dadi kurbané ora ngerti yèn sing sapa mlebu ing omah kono bakal mati, lan sing sapa wis kadhung mlebu saiki wis ana ing teleng palimenganing pati.



 <<  Amsal 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel