Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 17 >> 

1Ajalku wis cedhak lan aku wis sayah; kuburku wis cemepak.

2Aku dadi poyokané wong; aku ngerti enggoné padha ngrasani ala marang aku.

3Dhuh Allah, kawula matur blaka, kawula aturi mirsani! Sinten malih ingkang saged mbiyantu neksèni tembung kawula?

4Tiyang-tiyang menika manahipun mugi Paduka pepeti supados mboten mangertos; sampun ngantos saged nimbang ing saleresipun.

5Wonten bebasan: Sing ngedol mitrané merga mburu bathi, anak-anaké sing bakal nampa piwalesé.

6Samenika kawula dipun raosi mawi bebasan menika; tiyang sami dhateng ngidoni kawula.

7Mripat kawula blawur mergi saking sedhih; badan kawula kera aking.

8Tiyang mursid sami kagèt lan gumun; sami mestani bilih kawula menika tiyang lamis.

9Tiyang mursid ingkang tanpa cacad lampahipun, langkung yakin, gesangipun damel renaning Allah.

10Nanging saupami sami dhateng mriki sedaya, badhé mboten wonten setunggal kémawon ingkang pinanggih wicaksana.

11Umur kawula mèh telas; rancangan kawula buyar sedaya, ical sirna idham-idhaman kawula.

12Nanging para mitra kawula sami mungel, "Wengi kuwi raina, padhangé wis mèh teka." Nanging ing salebeting manah kawula mangertos, bilih kawontenan kawula badhé tetep peteng.

13Kawula namung ngajeng-ajeng dhatenging alamipun tiyang pejah, ing ngrika kawula badhé ngaso ing petengan.

14Kubur badhé kawula sebut: "Bapakku," lan sèt-sèt ingkang nedha badan kawula badhé kawula sebut: "Ibu" lan "Sedulurku wadon".

15Pramila menapa ta ingkang badhé kawula ajeng-ajeng malih? Sinten ingkang badhé nyukani kabegjan dhateng kawula?

16Samangsa kawula mlebet ing alamipun tiyang pejah, kawula sampun mboten badhé gadhah pengajeng-ajeng malih.



 <<  Ayub 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel