Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 9 >> 

1(9:1-2) Ayub: "Pancèn, aku ngerti yèn tembungmu kuwi bener. Nanging, apa bisa manungsa menang bebantahan karo Allah?

2(9:1)

3Saupama Allah ngajokaké pitakonan sèwu, siji waé ora ana sing bisa diwangsuli déning manungsa.

4Gusti Allah kuwi mahawicaksana lan mahakwasa, sapa sing bisa nglawan marang Panjenengané?

5Saupama Allah mindhah gunung, manungsa ora ana sing weruh, semono uga yèn gunungé dijungkir lan diwalik merga paukumané.

6Allah nekakaké lindhu nganti buminé horeg, lan cagak sing nyangga jagad gonjang-ganjing.

7Allah saged nyegah srengéngé mlethèk ing wayah ésuk, lan lintang-lintang sumunar ing wayah bengi.

8Langit dibèbèr tanpa kokréwangi. Gegeré naga-segara diidak-idak.

9Panjenengané masang lintang-lintang ing sisih Kidul, lintang Naas Kubra, lintang Wluku lan lintang Wuluh.

10Pakaryané ora kena kita jajagi, cacahé mujijaté ora kena kita étung."

11Panjenengané langkung ing ngarepku, nanging aku ora weruh. Panjenengané ana ing sandhingku, nanging aku ora krasa.

12Yèn Panjenengané ngrebat, sapa wani nggondhèli? Utawa sapa wani takon marang Panjenengané, "Paduka nindakaken menapa?"

13Allah ora nahan paukuman lan gerahing penggalihé. Malah pembantuné Rahab padha tundhuk marang Panjenengané.

14Dadi, kepriyé bisaku mbantah Panjenengané? Apa sing kudu dakaturaké minangka wangsulanku marang Panjenengané?

15Senajan aku ora keluputan, aku bisa apa, kejaba nyuwun piwelasé Allah, Hakimku.

16Saupama Panjenengané mangsuli pesambatku, aku ora ngandel yèn Panjenengané kersa paring wangsulan marang aku.

17Aku digecak déning Panjenengané nganggo prahara, kasangsaranku diwuwuhi tanpa sebab.

18Aku ora diparengaké unjal ambegan, malah diwelek pait-getir.

19Apa aku kudu adu karosan karo Panjenengané? Mangka karosané ngédab-édabi! Saupama Panjenengané dakgugat, sapa sing wani ngaturi Panjenengané majeng ing pengadilan?

20Aku wong mursid lan ora gawé dosa, nanging lambéku semuné kandha kosokbaliné. Saben tembung sing metu saka lambéku, malah kaya-kaya ngluputaké aku.

21(9:21-22) Aku ora salah, nanging aku ora preduli. Aku wis bosen urip. Tumraping aku wis ora ana prekara sing penting menèh. Wong salah lan wong bener, nasibé padha waé. Karo-karoné bakal ditumpes déning Allah.

22(9:21)

23Yèn ana wong sing ora keluputan mati dadakan, Allah gumujeng, wongé dipoyoki.

24Jagad dipasrahaké déning Allah marang wong duraka, lan para hakim digawé wuta kabèh. Kuwi pendamelé Allah, liyané Allah sapa menèh?

25Dina-dinaning uripku lakuné rikat, banjur sirna tanpa ngrasakaké kabegjan.

26Kaya lakuné prau, mengkono rikaté lakuné, kaya rikaté manuk garudha sing nyamber memangsané.

27Yèn aku mèsem, lan ngguyu cekakakan,

28yèn aku nyoba nglalèkaké sakèhé kasusahanku, sedhihku teka menèh, ngoyak aku. Merga aku ngerti yèn Allah tetep ngluputaké aku.

29Yèn mengkono, ya wis aku ora preduli.

30Sabun kaya apa sing kena dakenggo ngresiki regedku?

31Allah wis mblesekaké aku ana ing lendhut, nganti sandhanganku dhéwé nganggep aku iki njijiki.

32Saupama Allah kuwi manungsa, aku bisa mangsuli Panjenengané. Bakal dakajak ngadhep ing pengadilan kanggo mbèrèsaké enggonku prekaran.

33Nanging ora ana hakim sing bisa ngadili prekaranku karo Allah.

34Muga Allah kèndel enggoné ngukum aku lan nyingkiraké penthungé saka aku!

35Saiki aku ora wedi marang Panjenengané, lan saiki aku arep ngucap, merga aku ngerti salahku.



 <<  Ayub 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel