Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 10 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Gawéa slomprèt slaka tatahan loro, kanggo tandha nglumpukaké rakyat utawa mbudhalaké wadyabala.

3Yèn slomprèt loro-loroné uniné dawa kuwi tandhané wong kabèh kudu nglumpuk, ing sakiwa-tengenmu, ing ngarepé Kémah Suci.

4Nanging yèn sing diunèkaké mung siji, sing kudu nglumpuk mung para penggedhé thok.

5Yèn uniné cekak-cekak kuwi tandhané para taler sing manggon ing sawétané Kémah Suci kudu budhal.

6Tandha cekak-cekak sing kapindho, tandhané taler-taler sing manggon ing sakidulé Kémah Suci kudu budhal. Dadi tandha cekak-cekak kuwi pretandhané wong kudu budhal.

7Nanging yèn dawa, kuwi pretandha yèn wong kudu nglumpuk.

8Sing ngunèkaké slomprèt mau kudu imam-imam, anak-anaké Harun." Prenatan kaya mengkéné iki kudu ditindakaké ing selawasé,

9"Yèn kowé lagi parang nglawan mungsuh sing nyerang negaramu, kowé ngunèkna slomprèt-slomprèt mau. Aku Pangéran Allahmu bakal mitulungi lan nguwalaké kowé saka mungsuh-mungsuhmu.

10Semono uga yèn kowé padha bungah-bungah ngriayakaké sasi anyar, utawa riaya-riaya miturut prenatané agama. Slomprèt kuwi iya unèkna samasa kowé nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametan konjuk marang Allah. Aku bakal mitulungi kowé. Aku iki Pangéran, Allalmu."

11Ing tau kapindho sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir, ing tanggal loro, sasi kapindho, méga ing sandhuwuré Kémah Suci munggah.

12Wong Israèl iya banjur padha budhal, metu saka ara-ara samuné pegunungan Sinai. Satekané ing ara-ara samun Paran, méga mau nuli mudhun mandheg.

13Bangsa Israèl kuwi budhalé atas dhawuhé Allah lantaran Musa.

14Lakuné ajeg padha karo urut-urutan sing wis ditetepaké. Sing lakuné ngiringaké gendérané Yéhuda mangkat dhisik, saklompok-saklompok, penggedhéné Nahason bin Aminadab.

15Nétanéèl bin Zuar kuwi penggedhéné taler Isakar,

16lan Éliab bin Hélon penggedhéné taler Zébulon.

17Kémah Suci nuli dibedhol. Turuné Gèrson lan turuné Mérari sing mikul Kémah banjur budhal.

18Disusul golongan sing dipimpin taler Rubèn, saklompok-saklompok dipenggedhèni Élizur bin Sédhéur.

19Sélumièl bin Zurisiadai kuwi penggedhé golongané taler Siméon,

20lan Éliasaf bin Déhuèl penggedhé golongané taler Gad.

21Disusul para wong Lèwi saka golongan turuné Kéhat karo nggawa barang-barang suci. Satekané ing palèrènan candhaké, Kémah Suci wis dipasang menèh.

22Disusul karo golongan sing dipimpin taler Éfraim, saklompok-saklompok, dipenggedhèni Élisama bin Amihud.

23Gamalièl bin Pédazur mimpin taler Manasyé,

24lan Abidan bin Gédéoni manggedhèni golongan taler Bènyamin.

25Sing budhal kèri dhéwé golongan sing dipimpin taler Dhan. Kuwi sing ngirid golonga-golongan kabèh. Lakuné saklompok-saklompok, dipenggedhèni déning Ahiézer bin Amisiadai.

26Pagièl bin Okran mimpin golongan-golongané taler Asyèr.

27Déné Ahira bin Énan mimpin golongan-golongan taler Naftali.

28Kaya mengkono urut-urutané klompok, lan golongané saben umat Israèl mlaku pindhah panggonan.

29Musa kandha karo Hobab bin Déhuèl, wong Midian, ipéné, "Aku saiki arep padha mangkat menyang panggonan sing miturut pangandikané Allah arep diparingaké marang aku kabèh. Gusti Allah wis janji arep ndadèkaké Israèl dadi bangsa sing makmur. Kowé mèlua aku supaya mbésuk mèlu ngrasakaké kemakmuran mau."

30Wangsulané Hobab, "Matur nuwun, nanging aku kepéngin bali menyang tanah kelairanku."

31"Lho, aku aja koktinggal," kandhané Musa, "Kowé rak dadi pemimpinku, merga weruh panggonan ing ara-ara samun sing kena kanggo lèrèn.

32Yèn kowé mèlu aku, mbésuk kowé dakpandumi sakèhing berkah sing diparingaké déning Allah marang aku."

33Sawisé bangsa Israèl budhal saka pegunungan Sinai, disebut gunung suci, mlaku sajroné telung dina. Pethiné Prejanjian mlaku ana ing ngarep dhéwé karo golèk panggonan sing becik kanggo lèrèn.

34Sajroné ngolah-ngalih saka palèrènan siji menyang sijiné, méganing Pangéran yèn awan tansah ana ing ndhuwuré umat Israèl.

35Saben Pethi Prejanjian arep diangkat, Musa munjuk mengkéné, "Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng. Mengsah-mengsah sami buyara, lan tiyang ingkang sengit dhateng Paduka sami keplajenga saking ngarsa Paduka."

36Déné samasa mandheg, Musa munjuk, "Dhuh Allah, mugi kersa mberkahi para umat Israèl ingkang cacahipun maèwu-èwu menika."



 <<  Bilangan 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel