Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 13 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Saka ing antarané para pemimpin saben taler pilihen wong siji, dadèkna telik, supaya niti tanah Kenaan, sing arep Dakparingaké marang wong Israèl."

3(13:3-15) Musa nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah mau, banjur milih wong rolas ksebut ing ngisor iki, mangkat saka ara-ara samun Paran. (Taler-Panuntun); Rubèn-Syamua bin Zakur; Siméon-Safat bin Hori; Yéhuda-Kalèb bin Yéfune; Isakar-Yigal bin Yusuf; Éfraim-Hoséa bin Nun; Bènyamin-Palti bin Rafu; Zébulon-Gadièl bin Sodi; Manasyè-Gadi bin Susi; Dhan-Amièl bin Gemali; Asyèr-Setur bin Mikhaél; Naftali-Nahbi bin Wofsi; Gad-Guèl bin Maki;

4(13:3)

5(13:3)

6(13:3)

7(13:3)

8(13:3)

9(13:3)

10(13:3)

11(13:3)

12(13:3)

13(13:3)

14(13:3)

15(13:3)

16Kuwi jenenge-jenengé para telik sing ditugasaké Musa supaya niti tanah Kenaan. Hoséa bin Nun jenengé diganti Musa dadi Yosua.

17Nalika wong-wong mau dikon mangkat, Musa weling mengkéné, "Mlakua ngalor, menyang tanah Kenaan sisih Kidul, banjur mlakua terus menyang tanah pegunungan.

18Titinen kaanané tanah kono, pira cacahé rakyaté lan sepira kekuwatané;

19tanah kuwi ala apa becik. Apa rakyaté padha manggon ing pedésan apa ing kutha-kutha sing diubengi bètèng.

20Delengen buminé loh apa ora, lan akèh wit-witané apa ora. Aja lali nggawaa woh-wohan sing tuwuh ana ing kana." (Nalika semana lagi ungsum anggur.)

21Wong rolas mau banjur budhal, lakuné ngalor karo nliti tanah mau wiwit saka segara wedhi Zin sisih Kidul terus nganti tekan kutha Réhob, tekan dalan sing ngene menyang Hamat.

22Sing ditliti dhisik sisih Kidul, njujug kutha Hébron, panggonané wong-wong Ahiman, Sesai lan Talmai, anak-turuné bangsa sing disebut wong Énak. (Kutha Hébron kuwi didegaké pitung taun sadurungé kutha Zoan ing tanah Mesir.)

23Banjur padha tekan tanah ngaré Éskol. Ana ing kana padha mancas pange’ wit anggur. Saking aboté pang mau nganti kudu dipikul wong loro. Uga padha nggawa woh dlima lan woh anjir kanggo olèh-olèh.

24Panggonan kono dijenengaké Lembah Éskol, merga ana ing kana padha mancas pangé wit anggur.

25Sawisé nliti tanah kono lawasé patang puluh dina, para telik mau banjur padha mulih,

26lapur marang Musa, Harun lan bangsa Israèl kabèh sing lagi padha lèrèn ing Kadès, ing ara-ara samun Paran. Para telik mau nyritakaké apa sing padha disumurupi. Woh-wohan sing padha digawa dituduhaké marang bangsa Israèl.

27Kandhané marang Musa, "Kula sampun nliti tanah menika lan sumerep, bilih sitinipun loh saèstu, lan menika wujudipun woh-wohan ingkang saking ngrika.

28Nanging rakyatipun tanah ngriku rosa-rosa. Kithanipun ageng-ageng, tur mawi bètèng ingkang sentosa. Wonten ing ngrika kula inggih sami kepanggih kaliyan tiyang-tiyang kados buta.

29Tanah wau ing sisih Kidul dipun enggèni tiyang Amalèk. Ing paredèn tiyang Hét, Yébus lan Amori. Celak Seganten Tengah lan sauruting Lèpèn Yarden dipun enggèni tiyang Kenaan."

30Nanging Kalèb nentremaké atiné wong-wong sing padha cilik atiné, sarta matur marang Musa, "Kita kedah nglurug perang lan ngrebat negari menika samenika ugi, mergi kekiyatan kita mboten kawon kaliyan kekiyatanipun bangsa-bangsa menika."

31Nanging para telik liyané sing tekané barng karo kalèb padha muni, "Mboten, kita mboten saged nglurugi perang, mergi kawon kiyat katandhing kaliyan bangsa-bangsa wau."

32Para telik mau iya padha nyebar kabar goroh ing kalangané umat Israèl bab tanah sing padha didlajahi mau, ujaré, "Tanah kana pemetuné ora sepiraa, dipangan rakyaté dhéwé waé ora cukup. Mangka wong-wong kana dedegé lan rosané ora ilok.

33Malah aku padha weruh wong-wong sing awaké kaya buta, yakuwi anak-turuné Énak. Ditandhing karo wong-wong kuwi, kita iki mung presasat walang, lan iya mesthi ngono penganggepé wong-wong marang kita."



 <<  Bilangan 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel