Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 8 >> 

1Ora wetara suwé Gusti Yésus tindak mider-mider, ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa. Ana ing kono Panjenengané memulang bab Injil, yakuwi pawarta kabungahan sing magepokan karo Kratoné Gusti Allah, sing wiwit ditindakaké. Rasul-rasul rolas padha ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus.

2Semono uga ana wong wadon sawetara, sing wis diwarasaké déning Gusti Yésus saka enggoné kesurupan dhemit utawa lelara liyané. Wong-wong wadon mau yakuwi Maryam, sing karan Magdaléna, sing wis ditundhung dhemité pitu.

3Banjur Yohana, bojoné Khusa, pegawé ing kratoné Sang Prabu Hérodès; Susana lan wong wadon akèh menèh. Para wong wadon mau padha ngladèni Gusti Yésus lan wong-wong sing padha ndhèrèk Panjenengané. Déné ragadé peladosan kabèh padha disangga dhéwé déning wong-wong wadon mau.

4Wong akèh saka endi-endi ora kendhat-kendhat padha teka, sowan Gusti Yésus. Nalika wis akèh sing padha nglumpuk, Gusti Yésus nuli mulang nganggo pasemon, mengkéné:

5"Ana wong nyebar wiji. Nalika lagi nyawuraké wiji mau ana ing pategalané, ana wiji sawetara sing tiba ana ing dalan. Wiji mau nuli ana sing kepidak-pidak déning wong liwat, lan ana sing dicucuki manuk.

6Uga ana wiji sawetara sing tiba ana ing lemah padhas. Bareng wiji mau wiwit thukul, nuli mati, jalaran lemahé garing.

7Ana wiji sawetara liyané sing tiba ana ing grumbul eri. Bareng wiji mau thukul, nuli kelindhih déning grumbul mau, temah mati.

8Nanging uga ana wiji sawetara sing tiba ana ing lemah loh. Wiji mau thukul lan metokaké woh, wiji siji metokaké woh tikel satus." Gusti Yésus mungkasi piwulangé srana ngandika: "Sapa sing duwé kuping, padha ngrungokna!"

9Para sekabat nuli padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus bab tegesé pasemon mau.

10Pangandikané: "Wewadiné Kratoné Allah kuwi mung diblakakaké marang kowé. Déné wong-wong liya mung Dakwulang srana pasemon, supaya senajan padha ndeleng, ora weruh, lan senajan padha krungu ora ngerti."

11Pangandikané Gusti Yésus: "Maknané pasemon bab wong nyebar wiji kuwi mengkéné: Wiji kuwi pangandikané Allah.

12Wiji sing tiba ana ing dalan, kuwi wong sing padha krungu pangandikané Allah. Nanging Iblis nuli teka mbusek pangandika mau saka ing atiné, nganti wong mau ora precaya sarta ora dislametaké.

13Déné wiji sing tiba ing lemah padhas kuwi wong sing krungu pangandikané Allah lan nampani pangandika mau klawan bungah. Nanging pangandika mau ora dirasakaké kanthi temenan. Olèhé precaya mung sedhéla. Bareng ana godha teka, wong mau ora tahan banjur ninggalaké kaprecayané.

14Déné wiji sing tiba ana ing antarané thethukulan eri, kuwi wong sing ngrungokaké pangandikané Allah, nanging bareng thukul, pangandika mau kelindhih déning rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning donya, nganti pangandika mau ora rumesep ing ati lan ora metokaké precaya kang mantep.

15Déné wiji sing tiba ana ing lemah loh, kuwi wong sing ngrungokaké pangandikané Allah lan tansah ngrasak-ngrasakaké pangandika mau klawan temenan lan mbangun-turut. Wekasané pangandika mau metokaké precaya sing mantep ana ing atiné wong mau."

16"Ora ana wong sing nyumed diyan, nuli ditutupi panci utawa didokokaké ing longan. Kosokbaliné, diyan sing wis disumed bakal ditumpangaké ana ing ajug-ajug, supaya saben wong sing ana ing jero omah kepadhangan.

17Sebab prekara sing disidhem bakal diumumaké, lan barang sing ditutup-tutupi bakal konangan lan diwartak-wartakaké.

18Awit saka kuwi, padha nggatèkna kandha-Ku: Sapa sing wis duwé, bakal ditambahi, nanging sing sapa ora duwé apa-apa, wong mau bakal dipundhuti apa sing dikira diduwèni."

19Nalika semana Gusti Yésus dipurugi déning ibu lan sedhèrèk-sedhèrèké; nanging padha ora bisa ketemu karo Panjenengané merga saka akèhé wong.

20Nuli ana wong sing ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Ibu lan sedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan wonten ing njawi, badhé kepanggih kaliyan Panjenengan."

21Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku yakuwi sakèhing wong sing padha ngrungokaké lan ngèstokaké pangandikané Allah."

22Sawijining dina Gusti Yésus lan para sekabaté nitih prau. Gusti Yésus ngandika marang para sekabat mau: "Ayo padha nyabrang mrana." Prauné tumuli mangkat.

23Nalika lagi padha lelayaran mau, Gusti Yésus saré. Dumadakan ing tlaga ana prahara gedhé. Prauné kelebon banyu nganti nguwatiraké banget.

24Para sekabat nuli padha marani Gusti Yésus. Panjenengané diwungu, aturé: "Gusti, Gusti, kawula sami ketiwasan!" Gusti Yésus nuli wungu. Angin lan ombak mau didhawuhi supaya lerem kabèh.

25Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: "Pengandelmu ana ing ngendi?" Para sekabat mau padha wedi lan gumun banget, sarta padha rerasanan: "Wong iki sapa ta, déné nganti angin lan ombak padha ngèstokaké dhawuhé?"

26Gusti Yésus lan para sekabat nerusaké enggoné lelayaran nganti tekan tanah Gerasa, ing sisih wétané Tlaga Galiléa.

27Bareng Gusti Yésus wis tekan dharatan, ana wong lanang kepanjingan dhemit marani Panjenengané. Wong mau tekané saka ing kutha, wis suwé ora nganggo sandhangan lan ora manggon ana ing omah. Manggoné ana ing guwa-guwa, ing kuburan.

28Nalika wong mau weruh Gusti Yésus, banjur mbengok lan sujud ana ing ngarsané, aturé: "Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur! Wonten urusan menapa Panjenengan kaliyan kula? Kula nyuwun kanthi sanget, sampun ngantos nyiksa kula!"

29Wong mau matur mengkono, merga dhemité wis didhawuhi metu déning Gusti Yésus. Dhemit mau kerep masésa wong mau, nganti senajan ana ing kunjara wis diranté, éwasemono bisa mbedhat lan déning dhemité digawa menyang ara-ara samun.

30Gusti Yésus ndangu marang wong mau: "Jenengmu sapa?" Wangsulané sing didangu: "Nama kula Legiun," awit dhemit sing ngrasuk wong mau akèh banget.

31Dhemit-dhemit mau nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, supaya aja ditundhung mlebu ing juranging pati.

32Ing sacedhaké kono ana babi akèh banget, sing lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrènging gunung. Dhemit-dhemit mau padha nyuwun marang Gusti Yésus, supaya diparengaké mlebu ana ing babi-babi kuwi. Panyuwun mau diparengaké.

33Dhemit-dhemit mau nuli metu saka wong sing kepanjingan, angslup ing babi-babi. Sanalika babi-babi mau nuli njegur ing tlaga saka pinggiring jurang kono, temahan padha mati kleleb.

34Para pangoné bareng weruh lelakon kuwi, nuli padha mlayu menyang kutha lan nyritakaké lelakon mau marang wong-wong ing kutha lan ing désa-désa sakiwa-tengené.

35Wong-wong sing padha krungu nuli padha metu arep ndeleng kedadéan mau. Banjur padha marani Gusti Yésus, lan ing kono padha weruh wong sing tilas kepanjingan dhemit. Wong mau lagi lungguh ana ing sandhingé sampéyané Gusti Yésus; wis nganggo sandhangan lan pikirané wis waras. Wong kabèh sing padha teka saka kutha mau temah padha wedi.

36Wong-wong liyané sing padha weruh dhéwé, nuli padha nyritakaké bab enggoné Gusti Yésus nundhung dhemit-dhemit sing ngangslupi wong mau.

37Wasana kabèh wong ing tanah Gerasa kono nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, supaya Panjenengané kersa tindak saka panggonan kono, awit wong kabèh mau padha wedi banget. Mulané Gusti Yésus iya nuli nitih prau, banjur kondur.

38Wong sing tilas kepanjingan dhemit mau nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, arep ndhèrèk, nanging Gusti Yésus ora marengaké.

39Pangandikané: "Kowé balia menyang désamu lan critakna marang wong-wong ing kana apa sing wis ditindakaké déning Gusti Allah marang kowé." Wong mau nuli lunga lan ndlajahi kutha-kutha kabèh, karo nyritakaké apa sing wis ditindakaké déning Gusti Yésus marang dhèwèké.

40Sakonduré saka tanah Gerasa, Gusti Yésus dipethukaké wong akèh klawan bungah, jalaran pancèn sing diarep-arep.

41Ing kono ana wong sowan ing ngarsané, jenengé Yairus. Yairus kuwi kepalané sinagogé ing panggonan kono, sujud ing ngarsané Gusti Yésus lan nyuwun kanthi banget supaya Gusti Yésus kersa rawuh ing omahé,

42awit anaké wadon ontang-anting, sing umur rolas taun, lara banget, mèh mati. Gusti Yésus nuli tedhak menyang omahé Yairus. Saka akèhé wong sing padha ndhèrèkaké tindaké, sarirané nganti kedhesek-dhesek saka kiwa-tengen.

43Ing kono ana wong wadon sing wis rolas taun lawasé lara nggrajag getih. Bandhané nganti entèk kanggo mbayar dhukun, éwasemono larané ora mari.

44Wong wadon mau ndhesek nganti bisa nyedhaki Gusti Yésus saka mburi lan ndemèk gombyoking jubahé. Sanalika iku uga enggoné nggrajag getih mampet.

45Gusti Yésus ngandika: "Sapa sing ndemèk Aku?" Sarèhné ora ana sing ngaku, Pétrus banjur matur: "Semanten kathahipun tiyang ingkang sami ngesuk-esuk Panjenengan, kok Panjenengan ndangu, sinten ingkang ndemèk Panjenengan?"

46Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ana wong sing ndemèk Aku. Aku krasa, jalaran ana daya sing metu saka ing Aku."

47Bareng wong wadon mau ngerti yèn konangan, sumungkem ing ngarsané Gusti Yésus. Ing ngarepé wong akèh, wong wadon mau nyritakaké enggoné wis ndemèk jubahé Gusti Yésus lan dadi waras sanalika.

48Pangandikané Gusti Yésus: "Nggèr, precayamu sing marasaké kowé. Lungaa kanthi slamet."

49Nalika Gusti Yésus isih ngandika, ana kongkonan saka omahé Yairus, kepala sinagogé, matur: "Bapak mboten sisah damel ribedipun Guru, sebab ingkang putra sampun tilar-donya."

50Gusti Yésus mireng apa sing dikandhakaké déning kongkonan mau, mulané banjur ngandika marang Yairus: "Aja kuwatir, ngandela waé, anakmu bakal mari."

51Sarawuhé ing omahé Yairus, Gusti Yésus ora marengaké wong ndhèrèk mlebu, kejaba Pétrus, Yohanes lan Yakobus, sarta bapak lan ibuné bocah sing lara mau.

52Wong kabèh lagi padha sedhih lan nangisi sing mati. Gusti Yésus ngandika: "Aja padha nangis. Bocahé ora mati, mung turu!"

53Wong kabèh padha nggeguyu, merga padha ngerti, yèn bocahé pancèn wis mati temenan.

54Gusti Yésus banjur ngasta tangané bocah sing mati mau karo ngandika klawan swara seru: "Nggèr, tangia!"

55Nyawané bocah mau sanalika pulih. Bocahé nuli tangi. Gusti Yésus dhawuh supaya bocah mau diwènèhi mangan.

56Wong tuwané bocah kaéraman banget. Nanging Gusti Yésus ora marengaké lelakon kuwi diwartak-wartakaké marang wong akèh.



 <<  Lukas 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel