Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 11 >> 

1Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Aku ngandel marang Allah, kepriyé déné kowé wani-wani karo aku muni, "Mabura menyang gunung kaya manuk!"

2Merga wong ala menthang gendhéwané, masang panahé ing kendhenging gendhéwané, kanggo manah wong sing atiné jujur, ana ing petengan.

3Menawa cagak sing dienggo cekelan ambruk, wong mursid arep kepriyé?

4Gusti Allah dedalem ana ing Pedalemané kang suci; palenggahané ana ing swarga. Tingalé ngulataké para manungsa, mirsani sing padha dititahaké.

5Allah ndadar marang wong mursid lan marang wong jahat, Panjenengané gething marang wong sing dhemen nganiaya.

6Wong ala padha diudani geni mawa lan lirang; sarta diganjar angin sing panas.

7Merga Allah iku adil, lan rena marang kabeneran; wong sing barès atiné bakal ndeleng marang wedanané Allah.



 <<  Mazmur 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel