Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 111 >> 

1Haléluya! Gusti Allah arep dakpuji kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulané wong mursid lan ing ara-ara samun.

2Pakaryané Allah iku sarwa gedhé lan élok, patut dititipriksa déning sakèhing wong kang tresna marang Panjenengané.

3Samubarang sing ditindakaké kuwi agung lan mulya, sarta pengadilané selawasé bener.

4Panjenengané ora ngersakaké kita nglalèkaké marang pendamelé kang élok-élok, Panjenengané asih-mirma lan welasan.

5Para wong kang ngabekti padha diparingi pangan, prejanjiané dièngeti langgeng selawasé.

6Pangwasaning pakaryané ditedahaké marang umaté, srana maringaké tanahé bangsa-bangsa liya dadi tanah pusakané.

7Samubarang sing ditindakaké kuwi bener lan adil; apa sadhawuhé kena diprecaya.

8Selawas-lawasé ora owah gingsir babar-pisan, sebab dhasaré kabeneran lan kautaman.

9Umaté wis diluwari, lan prejanjiané karo umat mau tetep ing selawas-lawasé. Panjenengané suci lan mahakwasa.

10Carané olèh kawicaksanan yakuwi srana ngabekti marang Allah; kabèh wong kang nglakoni dhawuhé kaparingan budi lan nalar kang wicaksana. Pinujia asmané ing selawas-lawasé.



 <<  Mazmur 111 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel