Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 20 >> 

1(20-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (20-2) Pangéran mugi nyembadani panyuwunipun Sang Prabu ing nalikanipun nandhang reribed! Allahipun Yakub mugi ngayomi Sang Prabu!

2(20-3) Allah mugi maringi pitulungan dhateng panjenengan saking Pedalemanipun Allah, sarta paring pambiyantu dhateng panjenengan saking Gunung Sion.

3(20-4) Allah mugi kersa ngèngeti sakathahing kurban dhaharan, sarta rena dhateng kurban obongan ingkang panjenengan saosaken.

4(20-5) Allah mugi maringi menapa ingkang panjenengan kersakaken, sarta njurungi menapa ingkang panjenengan rancang.

5(20-6) Kawula badhé giyak-giyak, margi saking kemenangan panjenengan; sarta badhé memuji Allah, ingkang sampun paring kemenangan wau. Allah mugi njurungi ing sapanyuwun panjenengan.

6(20-7) Ing samengko aku yakin yèn Allah mesthi paring kaunggulan marang wong kang wis ditetepaké kalenggahané. Allah paring wangsulan saka swarga, sarta paring kemenangan srana pangwasané.

7(20-8) Sawenèhing wong padha ngendelaké krétané, sawenèh menèh ngendelaké jarané, nanging aku padha ngendelaké pangwasané Allah kita.

8(20-9) Wong-wong mau bakal padha tiba, nanging kita bakal ngadeg jejeg kalawan mantep.

9(20-10) Dhuh Allah, Paduka mugi paring kemenangan dhateng Sang Prabu; menawi nyebut asma Paduka kersaa paring wangsulan.



 <<  Mazmur 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel