Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 53 >> 

1(53-1) Kidung isi piwulang, anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi swaraning suling. Nganggo lagu: Mahalat. (53-2) Wong tanpa budi kandha ing sajroning atiné, "Allah kuwi ora ana!" Kabèh wis padha rusak pikiré, ora ana sing nglakoni kabecikan.

2(53-3) Allah mirsani saka swarga marang para manungsa, apa ana sing duwé budi lan nggolèki Allah.

3(53-4) Kabèh wis padha nasar, kabèh wis padha nindakaké piala; ora ana sing gawé becik, siji waé ora ana.

4(53-5) Pangandikané Allah, "Apa wong-wong sing padha nglakoni piala kuwi ora duwé pangrasa? Uripé saka ngrampogi umat-Ku, lan ora tau padha ngunjukaké pandonga marang Aku!"

5(53-6) Lah wong-wong mau bakal padha ketaman pagiris gedhé, senajan ora ana prekara sing nggegirisi. Sebab balungé wong-wong sing padha ngepung marang kowé bakal disawuraké saenggon-enggon déning Allah. Wong-wong kuwi bakal kokwirangaké, merga wis padha katampik déning Allah.

6(53-7) Pangentasané Israèl muga-muga teka saka Gunung Sion. Saiba bungahé umat Israèl, samasa Allah wis mulihaké karahayoné.



 <<  Mazmur 53 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel