Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 13 >> 

1Nalika Torèté Musa diwacakaké marang rakyat, ana ketrangan sing uniné mengkéné: "Wong Moab lan wong Amon babar-pisan ora kena amor karo umaté Allah;

2sebab nalika bangsa Israèl metu saka tanah Mesir, bangsa loro kuwi ora gelem mènèhi pangan lan banyu marang wong Israèl. Malah wis padha nyéwa Biléam supaya nyupatani bangsa Israèl. Nanging Allah wis malik ipat-ipat mau dadi berkah."

3Bareng krungu mengkono mau wong manca kabèh banjur diwetokaké saka ing antarané wong Israèl.

4Sadurungé kuwi Imam Èlyasib, sing ditugasaké ngawasi gudhang kanggo nyimpen tandhon ing Pedalemané Allah, bésanan karo Tobia.

5Èlyasib ngidinaké Tobia ngenggoni kamar gedhé sing dicawisaké kanggo nyimpen pisungsung gandum, menyan, prabot sing dienggo ana ing Pedalemané Allah, pisungsung sing kanggo para imam, gandum prasepuluhan, anggur, lan lenga zaitun, sing didum-dum marang wong Lèwi, para ahli musik lan tukang jaga gapurané Pedalemané Allah.

6Nalika semono aku lagi ora ana ing Yérusalèm, sebab nalika taun kang kaping 32 pepréntahané Artahsasta, raja Babil, aku lagi menyang Babil, ngaturaké lapuran marang Sang Prabu. Bareng wis sawetara suwé aku diparengaké

7mulih menyang Yérusalèm. Satekaku ing kono, aku kagèt déné Èlyasib awèh pamondhokan marang Tobia ana ing Pedalemané Allah.

8Aku nepsu banget. Barang-barangé Tobia nuli dakbuwang saka kamar mau.

9Sawisé mengkono, aku akon nganakaké upacara kanggo nucèkaké kamar-kamar mau. Sarupané pisungsung gandum, menyan, lan prabot-praboté Pedalemané Allah banjur dakbalèkaké mrono.

10Kejaba kuwi aku ngerti yèn para ahli musik lan wong-wong Lèwi padha lunga saka Yérusalèm, bali menyang pomahané dhéwé-dhéwé, merga kebutuhané ora dicukupi déning rakyat.

11Para pemimpin banjur dakwelèhaké merga ora padha ngrumat Pedalemané Allah. Wong-wong Lèwi banjur dakundang menèh, semono uga para ahli musik padha dakkon nyambut-gawé menèh.

12Sawisé mengkono rakyat Israèl kabèh padha ngaturaké pisungsungé prasepuluhan rupa gandum, anggur lan lenga zaitun, digawa menyang gudhang panggonané nyimpen tandhon.

13Aku banjur nugasaké wong-wong sing ngawasi gudhang-gudhang simpenan mau, yakuwi: Imam Selèmya, Zadok ahli Torèt, lan Pédaya, wong Lèwi. Hanan bin Zakur putuné Matanya dakkon mbiyantu wong-wong mau. Aku ngerti yèn wong-wong mau kena diprecaya lan bakal ngedum pangan mau marang kanca-kancané klawan adil.

14"Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti samukawis ingkang sampun kawula tindakaken wonten ing Pedaleman Paduka menika."

15Nalika semono aku weruh wong sawetara ing Yéhuda padha meres anggur ing dina Sabbat. Ana menèh sing momoti kuldiné karo gandum, anggur, kismis, woh ara, lan barang-barang liyané, digawa menyang Yérusalèm.

16Ana wong sawetara saka Tirus sing manggon ing Yérusalèm, padha nggawa iwak lan barang dagangan rupa-rupa menyang Yérusalèm ing dina Sabbat, arep didol marang rakyat.

17Para pemimpin Yahudi nuli dakwelèhaké lan dakélikaké mengkéné, "Apa kowé padha ngerti yèn kowé wis padha gawé piala merga wis najisaké dina Sabbat?

18Iya merga dosa sing mengkéné-mengkéné iki para leluhur kita padha diukum déning Allah lan kutha iki digempur. Apa kowé saiki arep nambahi dukané Allah marang Israèl srana enggonmu najisaké dina Sabbat?"

19Mulané aku banjur préntah supaya lawang-lawangé gapura ditutup ngarepaké dina Sabbat, yakuwi dina Jemuwah soré lan ora kena dibukak sadurungé dina Sabbat rampung, yakuwi dina Sabtu soré. Saben lawangé gapura dakkon njaga wong-wongku, dakkon ngawasi supaya ing dina Sabbat aja ana barang dagangan digawa mlebu kutha.

20Nanging ana kalané para sudagar lan wong dodolan padha nginep ing sanjabané témbok ing dina Jemuwah bengi.

21Wong-wong mau padha dakkandhani, "Ora ana gunané kowé nunggu tekan ésuk. Awas, yèn kowé nindakaké sing kaya mengkono sepisan engkas, kowé mesthi dakcekel!" Wiwit nalika kuwi wong-wong mau padha ora teka menèh ing dina Sabbat.

22Aku banjur akon wong-wong Lèwi padha nucèkaké awaké lan jaga lawanging gapura, kanggo ngawasi supaya saben wong padha nucèkaké dina Sabbat. Pandongaku marang Allah, "Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti kawula ing prekawis-prekawis menika, lan kersaa melasi dhateng kawula srana kawelasan Paduka ingkang tanpa wangenan."

23Ing wektu semana aku iya weruh akèh wong Yahudi sing padha kawin karo wong wadon bangsa Asdod, Amon lan Moab.

24Temah anak-anaké ana sing ora ngerti basa Yahudi, sing dingertèni mung basa Asdod utawa basa manca liyané.

25Wong-wong mau padha dakwelèhaké lan dakélikaké. Ana sing dakgebugi lan dakjambak rambuté. Sawisé mengkono banjur padha dakkon sumpah demi Allah yèn dhèwèké lan anak-anaké ora bakal kawin karo wong manca menèh.

26Tembungku, "Apa ora dosa sing mengkono kuwi sing dilakoni déning Raja Suléman? Sajagad iki ora ana raja sing kaluhurané ngungkuli Suléman. Suléman dikasihi déning Allah lan didadèkaké raja ing ngatasé tanah Israèl kabèh. Éwasemono panjenengané isih kena digodha déning wong wadon-wadon manca nganti nglakoni dosa.

27Kowé wis nglakoni duraka gedhé banget, déné kowé wani-wani kawin karo wong wadon bangsa manca!"

28Yoyada kuwi putrané Imam Agung Èlyasib, nanging anaké Yoyada ana sing dadi mantuné Sanbalat saka kutha Bèt-Horon. Mulané Yoyada banjur daktundhung saka Yérusalèm.

29Pandongaku, "Dhuh Allah kawula, kersaa ngèngeti kadospundi tiyang-tiyang menika enggènipun sampun njemberi kalenggahan imam lan najisaken prejanjian Paduka kaliyan para imam lan para tiyang Lèwi!"

30Kaya mengkono enggonku ngresiki bangsa Israèl saka sakèhé pengaruhé wong manca.

31Aku wis gawé tatanan supaya ing wektu-wektu sing wis ditemtokaké ana kayu cemawis kanggo kurban lan supaya rakyat bisa nyaosaké pisungsungé rupa gandum sing dienèni dhisik dhéwé lan woh-wohan sing mateng dhisik dhéwé. Wusana aku ndedonga, "Dhuh Allah, kersaa ngèngeti menika sedaya, lan kersaa melasi dhateng kawula."



 <<  Nehemia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel