Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 23 >> 

1"Wong lanang sing dikebiri utawa sing zakaré dikethok ora kena dikatutaké dadi umaté Allah.

2Anak jadah lan anak-anaké tekan turunan ping sepuluh ora kena diélokaké dadi umaté Allah.

3Wong Amon lan wong Moab sarta anak-turuné tekan turunan ping sepuluh ora kena dikatutaké dadi umaté Allah,

4sebab wong-wong mau ora gelem awèh mangan lan ngombé marang kowé, nalika kowé nglembara sawetumu saka tanah Mesir. Wong-wong mau malah nyéwa Biléam saka kutha Pétor ing tanah Mésopotamia, supaya ngipat-ipati kowé.

5Nanging Pangéran Allahmu ora kersa midhangetaké Biléam. Kosokbaliné malah nyalini ipat-ipat mau dadi berkah, merga Panjenengané ngasihi kowé.

6Selawasé kowé dadi bangsa, aja pisan-pisan gawé becik karo bangsa-bangsa mau utawa mbiyantu kemakmurané.

7Kowé aja ngrèmèhaké wong Édom, merga kuwi sedulurmu. Semono uga aja nyepèlèkaké marang wong Mesir, merga kowé wis tau mondhok ana ing tanahé.

8Turuné sing katelu lan saterusé kena dikatutaké dadi umaté Allah."

9"Ing mangsa perang kowé kudu njaga supaya kowé padha resik miturut prenatané agama.

10Yèn ana wong lanang sing ing wayah bengi, merga ngimpi, ngetokaké mani, wong mau kudu metu saka papan palèrènan lan manggon ing njaba.

11Ngarepaké soré wong mau kudu adus lan yèn srengéngéné wis surup kena bali ing omahé.

12Kowé kudu gawé papan kotoran ing sanjabané papan palèrènan.

13Kowé kudu sangu pacul kanggo ngedhuk panggonan sing arep kokenggo bebuwang. Yèn wis rampung enggonmu bebuwang, panggonan mau kudu kokurugi menèh.

14Udinen supaya papan palèrènanmu tansah resik miturut prenataning agama, merga Pangéran Allahmu nunggil karo kowé ana ing papan palèrènanmu, paring pangayoman lan nelukaké mungsuh-mungsuhmu. Aja nglakoni sing ora patut ing ngarsané Allah, supaya kowé ora ditampik déning Panjenengané."

15"Yèn ana batur-tukon minggat saka omahé bendarané, njaluk pangungsèn marang kowé, aja pisan-pisan kokkon bali.

16Wong mau kena manggon ana ing kuthamu sing dipilih dhéwé lan aja pisan-pisan koksiya-siya.

17Wong Israèl, lanang utawa wadon, ora kena dadi pelacur ana ing papan pamujané brahala-brahala.

18Dhuwit olèh-olèhané dadi pelacur ora kena digawa menyang Kémah Suci kanggo ngluwari janji, merga Allah sengit karo para pelacur ing papan pamujané para brahala.

19(23:19-20) Kowé kena nganakaké dhuwit sing kokutangaké marang wong manca. Nanging ora kena njaluk anakan dhuwit sing kokutangaké sedulurmu tunggal bangsa. Dhawuh iki èstokna, temah Pangéran Allahmu bakal mberkahi sakèhé pegawéanmu ing tanah sing kokenggoni mau.

20(23:19)

21Yèn kowé janji apa-apa marang Pangéran Allahmu kudu énggal kokleksanani, aja diendhé-endhé, merga Allah bakal tetep mundhut apa sing kokjanjèkaké mau, lan kowé kedosan yèn ora netepi.

22Yèn kowé ora janji, malah kowé ora keluputan,

23nanging yèn janjimu kanthi manasuka, janji kuwi wajib koktetepi.

24Yèn kowé mlaku ngliwati kebon angguré wong, kowé kena mangan wohé anggur ing kono sewaregmu, nanging ora kena madhahi ing kranjang.

25Yèn kowé mlaku ngliwati pategalan gandumé wong, kowé kena mangan gandumé sing kena kokranggèh nganggo tanganmu, nanging enggonmu njupuk ora kena nganggo arit, senajan mung sethithik."



 <<  Ulangan 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel