Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 2 >> 

1Weruh kaya ngono mau aku banjur ngambruk ing lemah, sarta krungu ana swara mengkéné, "Hé manungsa sing apes, ngadega. Aku arep ngandika karo kowé."

2Sajroné isih ngandika, aku kaparingan Rohé Pangéran, banjur ngadeg, lan krungu swara mau mbanjuraké ngandikané,

3"Hé manungsa sing apes, kowé Dakutus nemoni bangsa Israèl. Wong-wong kuwi padha nglawan Aku lan isih terus nglawan. Ora béda karo para leluhuré.

4Padha mangkotaké atiné lan ora ngurmati Aku. Mulané kowé Dakutus nglantaraké pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahaluhur, marang wong-wong mau.

5Déné arep nggugu karo kowé apa ora, sakarepé, sing prelu ngerti yèn Aku wis ngutus nabi ana ing satengahé bangsa kuwi.

6Nanging kowé, hé manungsa sing apes, aja wedi karo wong-wong mau utawa karo omongané. Kowé bakal dianggep najis lan dirèmèhaké; uripmu bakal presasat ana ing satengahé kalajengking. Éwasemono kowé aja wedi karo para pembrontak kuwi lan karo tembungé.

7Kandhakna karo wong-wong mau sedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké marang kowé, embuh dirungokaké apa ora. Élinga yèn wong-wong mau kabèh senengané nglawan.

8Hé manungsa sing apes, rungokna pangandika-Ku! Kowé aja mbangkang kaya wong-wong kuwi. Mangapa lan panganen apa sing Dakparingaké marang kowé."

9Aku banjur ndeleng ana tangan sing nyekel gulungan kitab diulungaké aku.

10Tangan mau ngudhari kitabé, lan aku weruh gulungan mau ditulisi wolak-walik, isi kasusahan, pangresah lan pesambat.



 <<  Yehezkiel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel