Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 35 >> 

1Pangéran ngandika marang aku,

2"Yéhezkièl! Wartakna marang tanah Édom;

3kandhakna karo wong Édom yèn Aku, Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Aku iki mungsuhmu, hé pegunungan Édom! Kowé bakal Dakdadèkaké tanah sing sepi mamring.

4Kutha-kuthamu bakal Dakdadèkaké jugrugan, lan tanahmu bakal suwung. Yèn wis mengkono kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

5Kowé kuwi mungsuhé Israèl turun-temurun, lan nalika Israèl kaukum merga saka dosa-dosané akèh wong Israèl sing kokpatèni.

6Mulané, demi gesang-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, kowé bakal Dakukum pati, lan kowé bakal ora bisa oncat. Kowé wis ngwutahaké getih, mulané getihmu bakal kawutahaké.

7Wilayah pegunungané Édom bakal Dakgawé sepi mamring, lan angger wong sing liwat kono bakal Dakpatèni.

8Pegunungané Édom bakal Dakkebaki bangké, semono uga punthuk-punthuk lan lembah-lembah bakal kebak jisimé wong sing padha mati ing peprangan.

9Tanah Édom bakal Dakdadèkaké ara-ara samun ing selawas-lawasé, lan ora ana wong sing bakal gelem manggon ing kutha-kuthané menèh. Mulané kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

10Kowé padha kandha yèn bangsa Yéhuda lan bangsa Israèl lan tanah-tanahé kuwi duwèkmu lan karo-karoné arep kokkwasani, senajan kowé ngerti yèn Aku iki Allahé Yéhuda lan Israèl.

11Mulané demi gesang-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, kowé bakal Dakwales merga kowé wis muring, mèri, lan sengit karo umat-Ku. Umat-Ku bakal ngerti yèn kowé Dakukum merga saka penggawému.

12Lan kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, sing midhanget sakèhing pangala-ala, sing kokucapaké marang gunung-gunungé Israèl, yakuwi gunung-gunung sing wis dadi sepi mamring lan diulungaké minangka panganmu.

13Aku iya miyarsakaké enggonmu nyuwara sora lan angkuh nyenyamah asma-Ku.

14Pangéran Kang Mahakwasa ngandika menèh mengkéné: Kowé bakal Dakdadèkaké sepi mamring lan wong salumahing bumi bakal padha mèlu bungah samasa kowé Dakrubuhaké.

15Padha dhèk kowé bungah nalika Israèl, umat kagungan-Ku, Daktumpes. Mangka kowé iya bakal Dakgawé mengkono. Gunung-gunungé Séir, semono uga tanah Édom kabèh, bakal dadi ara-ara samun, nganti angger wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"



 <<  Yehezkiel 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel