Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 37 >> 

1Aku banjur dikwaosi déning Rohé Allah, sing ngangkat lan mapanaké aku ana ing lembah, sing kebak balung.

2Aku diirid ngubengi lembah mau; aku weruh saiba akèhé balung sing ana ing kono, mangka balung-balung mau padha garing banget.

3Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Hé Yéhezkièl, apa balung-balung kuwi bisa urip menèh?" Atur wangsulanku, "Dhuh Allah, namung Paduka piyambak ingkang pirsa!"

4Pangandikané Pangéran, "Medhara wangsit marang balung-balung kuwi. Balung-balung sing garing kuwi kandhanana supaya ngrungokaké pangandikané Pangéran.

5Kandhaa yèn Aku Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Kowé bakal Dakparingi ambekan lan bali urip menèh.

6Kowé bakal Dakparingi otot lan daging, sarta Daktutupi kulit. Kowé bakal Dakparingi ambekan supaya bali urip menèh. Supaya kowé ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

7Aku banjur medhar wangsit kaya sing didhawuhaké. Nalika aku lagi guneman, aku krungu swara pating kropyak, lan balung-balung mau padha nglumpuk dadi siji.

8Aku ndeleng balung-balung mau enggoné katutup ing otot, banjur daging lan wekasané katutup ing kulit, nanging durung padha ambekan.

9Gusti Allah banjur ngandika marang aku, "Hé Yéhezkièl, medhara wangsit marang angin. Kandhaa marang angin yèn didhawuhi Pangéran teka saka kéblat papat lan nyebula ambekan ana ing badan-badan sing mati kuwi, supaya padha urip menèh."

10Aku banjur medhar wangsit kaya sing didhawuhaké Gusti Allah marang aku. Badan-badan mau banjur padha wiwit ambekan, nganti padha urip menèh lan padha ngadeg. Cacahé akèh banget, nganti cukup saupama kadadèkna tentara.

11Pangandikané Pangéran marang aku, "Yéhezkièl, umat Israèl ora béda karo balung-balung kuwi. Wong-wong mau padha muni dhéwé yèn balungé wis dadi garing, wis padha ora duwé pengarep-arep lan bakal sirna.

12Mulané medhara wangsit marang umat-Ku Israèl, kandhanana, yèn Aku Pangéran Kang Mahakwasa bakal mbukak kubur-kuburé. Wong-wong bakal padha Daktangèkaké sarta Dakirid bali menyang tanah Israèl.

13Yèn kubur-kuburé Dakbukak lan padha Daktangèkaké, ing kono bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran.

14Roh-Ku bakal Dakparingaké ana ing njeroné, mula bakal padha urip menèh lan bakal Dakbalèkaké menyang tanahé dhéwé. Ing kono wong-wong mau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran. Aku wis janji bakal nindakaké kuwi mau kabèh lan bakal kelakon. Mengkono pangandikané Pangéran."

15Pangéran ngandika menèh marang aku,

16"Yéhezkièl, kowé njupuka kayu lan tulisana mengkéné: ‘Kraton Yéhuda’. Nuli njupuka kayu siji menèh, tulisana: ‘Kraton Israèl’.

17Pucuké kayu sing siji gathukna karo bongkoté sing sijiné; panggonané gathukané mau cekelen, mula kayu loro mau katon kaya kayu siji sing wutuh.

18Yèn wong-wong padha takon karo kowé apa tegesé kuwi mau,

19padha kandhanana yèn Aku Pangéran Kang Mahakwasa, Aku bakal mundhut kayu sing mrelambangaké Israèl lan kayu sing mrelambangaké Yéhuda, karo-karoné bakal Dakdadèkaké kayu siji lan Dakasta dadi siji bebarengan.

20Kayu loro kuwi cekelen lan tuduhna marang wong-wong supaya padha weruh.

21Wong-wong mau banjur kandhanana yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa bakal nimbali para wong Israèl saka satengahé bangsa-bangsa sing ditekani, banjur dikempalaké lan diirid bali menyang tanahé dhéwé.

22Wong-wong mau bakal Dakdadèkaké bangsa siji ana ing tanahé, ana ing gunung-gunungé Israèl. Bakal padha dierèh déning raja siji, lan bakal ora kapisah dadi bangsa loro utawa kapecah dadi kraton loro.

23Bangsa mau bakal ora najisaké awaké menèh nganggo brahala lan reca-reca sing njijiki, lan srana pialané. Wong-wong bakal Dakluwari saka sakèhé dosané sing njalari padha nyingkur Aku. Umat mau bakal lestari, nganti bakal padha dadi umat-Ku lan Aku bakal dadi Allahé.

24Wong kaya abdi-Ku Dawud bakal dadi rajané. Iya mung raja kuwi sing bakal ngerèh, lan sabangsa kabèh bakal padha netepi pepakon-pepakon-Ku kalawan setya.

25Umat mau bakal padha manggon ana ing tanah sing Dakparingaké marang Yakub, abdi-Ku; tanah sing dienggoni déning para leluhuré. Ana ing kono umat-Ku bakal padha manggon ing selawas-lawasé, mengkono uga anak-anaké turun-temurun, bakal padha dierèh déning raja, kaya abdi-Ku Dawud, ing selawas-lawasé.

26Aku bakal damel prejanjian karo wong-wong mau lan nekakaké katentreman. Wong-wong mau bakal padha Dakslametaké sarta cacahé bakal Dakgawé akèh banget. Pedaleman-Ku bakal Dakyasa menèh lan bakal ngadeg selawasé ana ing kono.

27Aku bakal ana ing satengahé, jumeneng dadi Allahé lan wong-wong bakal dadi umat-Ku.

28Sarèhné Pedaleman-Ku ana ing satengahé umat-Ku ing selawasé, mulané para bangsa bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran, sing wis milih Israèl dadi umat kagungan-Ku piyambak."



 <<  Yehezkiel 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel