Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 43 >> 

1Aku banjur dijak wong lanang mau menyang gapura sing madhep ngétan.

2Saka kono aku weruh ana pepadhang mblerengi muncul saka Wétan, yakuwi kamulyané Pangéran, Allahé Israèl. Banjur keprungu swarané Allah kaya jumleguré ombaking segara, lan bumi katon mencorong merga saka kamulyané.

3Wahyu iki kaya sing dakdeleng nalika Pangéran rawuh numpes kutha Yérusalèm, lan kaya sing dakdeleng ana ing sapinggiré Kali Kebar. Aku banjur niba mengkureb ing lemah.

4Pepadhang sing mblerengi mau liwat metu gapura Wétan, mlebu ing Pedalemané Allah.

5Aku banjur kaangkat déning Rohé Pangéran, kabekta menyang plataran njero. Ing kono aku weruh Pedalemané Allah kapenuhan ing kamulyané Pangéran.

6Wong lanang mau ngadeg ing sandhingku, lan aku krungu Pangéran ngandika saka ing Pedaleman kono marang aku mengkéné,

7"Yéhezkièl, iki dhampar-Ku, Aku bakal dedalem ana ing satengahé umat Israèl lan ngerèh umat mau. Umat kuwi lan raja-rajané bakal ora najisaké asma-Ku kang suci srana nyembah brahala utawa ngubur layon-layoné rajané ana ing papan kéné.

8Raja-raja mau padha ngedegaké balungan omah lan kusèn-kusèné mèpèt karo balungan lan kusèn-kusèné Pedaleman-Ku, mula Pedaleman-Ku mung kapisah déning témbok karo omahé wong-wong mau. Asma-Ku kang suci dinajisaké nganggo penggawéné sing njijiki, mulané Aku duka banget, lan umat mau banjur Daktumpes.

9Saiki wong-wong kuwi kudu marèni enggoné nyembah brahala-brahala lan nyingkiraké jisimé raja-rajané. Yèn kuwi wis dilakoni, Aku bakal manggon ana ing satengahé umat mau selawas-lawasé."

10Pangéran ngandika menèh, "Yéhezkièl, umat Israèl kandhanana bab Pedalemané Allah iki, supaya padha nyinau tatarakité. Welèhna supaya padha kisinan merga dosa-dosa sing wis dilakoni.

11Yèn wis padha ngakoni lan rumangsa isin bab penggawéné sing uwis-uwis, banjur terangna gambaré Pedalemané Allah kuwi; gambaré dalan sing kanggo mlebu lan metu, wanguné, penatané samubarang sing ana ing kono, prenatan-prenatan lan aturan-aturané. Kuwi kabèh tulisen kanggo wong-wong mau, supaya padha dingertèni, lan padha bisa nglakoni.

12Mengkéné bab angger-anggeré Pedalemané Allah mau. Sakèhé palemahan ing pucuké gunung iki kabèh disengker lan disucèkaké."

13Ukurané mesbèh yèn diukur nganggo ukuran Pedalemané Allah kuwi mengkéné: Ing saubengé pondhasiné mesbèh ana kalèné, sing jeroné setengah mèter, ambané setengah mèter lan ana pinggirané, dhuwuré seprapat mèter.

14Pérangané mesbèh sing cendhèk dhéwé dhuwuré saka dhasaré mesbèh semèter. Saka ing pinggiran ngisor tekan ing pinggiran ndhuwur rong mèter, lan pinggirané ambané setengah mèter. Déné pucak mesbèh, luwih ciyut setengah mèter ketimbang kubenging tengahé.

15Pérangan sing ndhuwur, panggonan kanggo ngobong kurban, dhuwuré iya rong mèter. Pojoké mesbèh papat-papaté luwih dhuwur.

16Panggonané ngobong kurban mau pesagi, saben sisih dawané nem mèter.

17Pérangan sing tengah iya pesagi, saben sisih pitung mèter, ing njaba ana pinggirané, sing dhuwuré seprapat mèter. (Ambané kalèn seprapat mèter.) Undhak-undhakan sing kanggo munggah ing mesbèh ana ing sisih Wétan.

18Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang aku mengkéné, "Yéhezkièl, rungokna pangandika-Ku. Yèn mesbèhé wis rampung, resmèkna nganggo gawé kurban, getihé kéwan sing dienggo kurban mau pyur-pyurna ana ing kono.

19Sing kepareng ngadhep lan ngladosi Aku mung imam-imam turuné Zadhok, saka klompok Lèwi waé. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing dhawuh mengkono. Imam-imam kuwi wènèhana sapi lanang nom kanggo kurban panebusing dosa.

20Njupuka getihé sethithik, banjur lèlètna ing sunguné mesbèh papat pisan, sarta ing pojoké papat mubeng, karo pinggiré mubeng. Srana cara mengkono enggonmu nucèkaké mesbèh lan ngresmèkaké penganggoné.

21Sapiné lanang sing dienggo kurban pangruwating dosa mau jupuken, banjur obongen ing panggonan sing wis katemtokaké, ing sanjabané wengkoné Pedalemané Allah.

22Ésuké kowé njupuka wedhus jawa lanang sing tanpa cacad, gawénen kurban panebusing dosa. Mesbèhé banjur sucèkna nganggo getihé kéwan mau, kaya enggonmu nucèkaké nganggo getihé sapi.

23Yèn wis rampung, banjur njupuka sapi lanang lan wedhus gèmbèl lanang enom siji, karo-karoné tanpa cacad,

24banjur caosna marang Aku. Para imam bakal ngepyuri uyah lan ngobong kéwan-kéwan mau konjuk marang Aku.

25Nganti pitung dina lawasé kowé saben dina kudu nyaosaké kurban wedhus jawa lanang siji, sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji, minangka kurban panebusing dosa. Kéwan-kéwan mau kudu tanpa cacad.

26Pitung dina lawasé para imam enggoné kudu nucèkaké mesbèh sadurungé resmi kena dipigunakaké.

27Yèn pitung dina mau wis puput, para imam kena miwiti saos kurban pangruwating dosa lan kurban keslametan kanggo umat Israèl. Ing kono Aku bakal rena penggalih-Ku marang kowé kabèh. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel