Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 48 >> 

1(48:1-7) Tapel watesé tanah sing sisih Lor kuwi wiwit saka Segara Tengah mengétan tekan kutha Hètlon, terus tekan undhak-undhakan Hamat, tekan kutha Énon, terus tekan tapel wates antarané kutha Damsyik lan Hamat. Saben taler nampa sapérangané tanah sing gumelar saka tapel wates Wétan mengulon tekan Segara Tengah. Urut-urutané saka Lor mengidul mengkéné: Dhan, Asyèr, Naftali, Manasyè, Éfraim, Rubèn, Yéhuda

2(48:1)

3(48:1)

4(48:1)

5(48:1)

6(48:1)

7(48:1)

8Pérangan candhaké kudu kacawisaké kanggo kapreluan mirunggan. Jembaré tanah mirunggan mau dawané rolas setengah kilomèter lan ambané rolas setengah kilomèter, saka Lor mengidul, lan saka Wétan mengulon, sauruté tapel watesé tanah pandumané para taler. Ana ing tanah mirunggan mau bakal kabangun Pedalemané Allah.

9Ing satengahé tanah mau kudu ana sing kacawisaké kagem Pangéran, jembaré rolas setengah kilomèter kaping sepuluh kilomèter.

10Ana ing tanah suci kono para imam padha olèh panduman tanah. Tanahé para imam mau dawané saka Wétan mengulon rolas setengah kilomèter, lan saka Lor mengidul limang kilomèter. Pedalemané Allah kudu kabangun ana ing tengahé tanah suci mau.

11Tanah suci mau kapilih kanggo pomahané imam-imam turuné Zadhok. Imam-imam mau wis padha ngladosi Aku kanthi setya lan ora mèlu nylèwèng gawé dosa karo wong Israèl liyané, kaya sing ditindakaké déning para wargané klompok Lèwi.

12Mulané imam-imam mau ngenggoni daérah sing dipiji, jèjèr karo daérahé taler Lèwi, lan tanah mirunggan mau dadi daérah sing suci dhéwé.

13Wong Lèwi iya ngenggoni tanah kang mirunggan ing sakidulé tanahé para imam. Jembaré saka Wétan mengulon rolas setengah kilomèter, lan saka Lor mengidul limang kilomèter.

14Tanah mau apik dhéwé ing satanah Israèl kabèh, mulané ora kena didol utawa diijolaké karo wong liya, merga dadi tanah sing dipiji kagem Gusti Allah.

15Sisané tanah sing mirunggan mau, sing dohé rolas setengah kilomèter, lan ambané loro setengah kilomèter kuwi ora suci, lan kena dienggo kepentingané wong akèh. Wong lumrah kena manggon ing kono lan nggarap tanah mau. Kutha sing dibangun kudu ana ing tengah-tengahé tanah mau,

16lan ukurané kutha kuwi saben sisihé kudu rongèwu rong atus sèket mèter.

17Kutha mau kudu dikubengi ara-ara sing ambané satus selawé mèter.

18Sawisé kuthané dibangun ing daérah mirunggan, sisané yakuwi ing sawétané lan ing kuloné kutha mau, siji-sijiné jembaré limang kilomèter kaping loro setengah kilomèter, kuwi kadadèkna pategalan karebèn digarap déning wong-wong sing padha nyambut-gawé ing kutha.

19Saben wong sing manggon ing kutha kono, asal saka taler endi waé, kena nggarap tanah mau.

20Dadi tanah sing ana ing satengahé palemahan mirunggan mau pesagi lan jembaré rolas setengah kilomèter ping rolas setengah kilomèter. Klebu ing kono, tanah sing didegi kutha.

21(48:21-22) Sawétan lan sakuloné daérah mirunggan, yakuwi daérah sing dienggoni Pedalemané Allah, para imam lan wong Lèwi sarta didegi kutha, kuwi tanahé raja. Sisih Wétan tapel watesé negara, sisih Kulon Segara Tengah. Tapel watesé Lor tanah Yéhuda, lan sisih Kidul tanah Bènyamin.

22(48:21)

23(48:23-27) Sakidulé daérah mirunggan, saka tapel watesé negara sisih Wétan mengulon tekan Segara Tengah, kuwi dadi pandumané para klompok liyané. Urut-urutané saka Lor mengidul: Bènyamin, Siméon, Isakar, Zébulon, Gad.

24(48:23)

25(48:23)

26(48:23)

27(48:23)

28Tanah pandumané taler Gad kuwi watesé sing sisih Kidul-kulon padha karo tapel watesé negara, saka kutha Tamar terus tekan tanah Kadèsy, banjur ngalor-ngulon turut tapel watesé tanah Mesir menyang Segara Tengah.

29Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Kaya mengkono carané pamérangé tanah sing diedum ing antarané para taleré Israèl, supaya dadia tanah pusakané."

30(48:30-34) Kutha Yérusalèm ana gapurané rolas. Bètèngé patang iring; dawané saben iringé rongèwu rong atus sèket mèter, ing bètèng mau ana gapurané telu, kajenengaké manut salah sijiné taler. Gapura-gapura ing bètèng sisih Lor jenengé: Rubèn, Yéhuda lan Lèwi. Gapura-gapura ing bètèng sisih Wétan jenengé: Yusuf, Bènyamin lan Dhan. Gapura-gapura ing bètèng sisih Kidul jenengé: Siméon, Isakar lan Zébulon; gapura-gapura ing bètèng sisih Kulon jenengé: Gad, Asyèr lan Naftali.

31(48:30)

32(48:30)

33(48:30)

34(48:30)

35Dawané bètèng kutha patang iring mau kabèh gunggungé sangangèwu mèter. Kutha mau sabanjuré bakal kasebut: "ALLAH ANA ING KÉNÉ!".



 <<  Yehezkiel 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel