Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 10 >> 

1Hé umat Israèl, rungokna pangandikané Allah marang kowé mengkéné,

2"Aja nurut dalané bangsa-bangsa liya; aja padha kagèt déning rerupan sing katon ing langit, senajan bangsa-bangsa liya padha giris.

3Kaprecayané bangsa-bangsa mau ora teges, ora ana ajiné. Cethané mengkéné: Wong negor wit ana ing alas, kayuné banjur diukir-ukir nganggo piranti déning kriya.

4Nuli direngga nganggo slaka lan emas. Sawisé mengkono dipaku ana ing panggonané, supaya ora tiba.

5Reca-reca sing mengkono kuwi rak ora béda karo wewedèn manuk sing dipasang ana ing pategalan, sing padha ora bisa caturan. Kudu padha digéndhong mrana-mréné merga ora padha bisa mlaku dhéwé. Aja padha wedi karo brahala-brahala mau, sebab ora padha bisa ngganggu-gawé manungsa, ora bisa gawé becik utawa ala marang kowé."

6Dhuh Allah, mboten wonten ingkang nyamèni Paduka; Paduka menika mahakwasa. Paduka menika mahaluhur saha mahasekti.

7Sinten ingkang mboten badhé ngluhuraken asma Paduka. Ratuning para bangsa? Paduka pantes kacaosan kaurmatan. Mboten wonten ingkang kados Paduka, ing antawisipun para manungsa ingkang wicaksana, utawi antawisipun para raja.

8Tiyang-tiyang sedaya wau gemblung lan tanpa budi, saged angsal piwulang menapa, saking reca kajeng?

9Reca-reca wau kalapis mawi slaka saking Spanyol, mawi emas saking Ufas, asiling pedamelanipun kriya. Sami dipun enggèni sandhangan bludru wungu, asil tenunanipun tukang tenun ingkang trampil.

10Nanging Paduka, dhuh Allah, menika saèstu Allah. Paduka menika Allah ingkang gesang, Ratu ingkang langgeng. Menawi Paduka duka, jagad gemeter, para bangsa mboten kiyat nadhahi paukuman Paduka!

11(Wong-wongmu padha kandhanana yèn brahala kuwi ora nitahaké langit lan bumi. Malah bakal padha disirnakaké saka ing bumi.)

12Pangéran nitahaké bumi srana pangwasané; srana kawicaksanané enggoné nitahaké jagad sarta njèrèng sakèhé langit.

13Atas dhawuhé, banyu sing ana ing langit banjur padha gemuruh, ndadèkaké méga mumbul saka pungkasané bumi. Panjenengané ndhawuhaké bledhèg mbarengi tibané udan, lan angin diwetokaké saka gudhang simpenané.

14Ndeleng sing mengkono mau, manungsa ngrumangsani enggoné bodho lan dudu apa-apa. Kriya sing ngukir-ukir reca banjur padha kwirangan, merga brahala gawéaning tangané mau allah palsu lan barang mati.

15Barang sing ora ana ajiné lan ngguyokaké; sarta bakal dilebur déning Allah.

16Allahé Yakub ora kaya brahala kuwi. Panjenengané kang nitahaké samubarang; sing milih Israèl dadi umat kagungané, asmané kasebut Allah Kang Mahakwasa.

17Hé wong Yérusalèm, kowé wis dikepung! Barang-barangmu klumpukna.

18Kowé bakal dibuwang déning Pangéran saka tanah kéné. Kowé bakal diremuk kabèh, siji waé ora ana sing kari. Pangéran wis ngandika.

19Wong-wong ing Yérusalèm padha sesambat, "Adhuh cilaka temen awakku, awakku kebak tatu, sing ora kena ditambani! Kaya mengkéné sangsara sing kudu daksandhang!

20Kémahku wis rusak kabèh, tali-tali sing kanggo nyancang wis padha pedhot. Anak-anakku wis padha ninggal aku, ora ana sing kèri ngedegaké kémahku menèh. Ora ana sing masang kémah lan ngetrapaké geberé."

21Wangsulanku, "Para pemimpin kita sami bodho-bodho; ora padha nyuwun pirsa marang Allah. Kuwi sing marakaké padha ora olèh gawé, lan njalari wong-wong kita padha pating slebar.

22Rungokna! Ana kabar teka! Bakal ana gègèr teka saka bangsa-bangsa tanah Lor. Wadyabalané bakal ngrusak kutha-kuthané Yéhuda dadi gempuran lan ara-ara samun, sing dienggoni asu ajag."

23Dhuh Allah, kawula sami mangertos, bilih manungsa mboten kwasa ngerèh lampahipun piyambak; lan tiyang ingkang mlampah mboten kwasa mrenahaken jangkahipun piyambak.

24Dhuh Allah, umat Paduka mugi kawelèhaken, namunga sawetawis kémawon, sampun mawi paukuman Paduka, supados kawula mboten sami sirna sedaya.

25Paukuman Paduka mugi kaesokna dhateng bangsa-bangsa ingkang mboten nyembah dhateng Paduka, sarta dhateng tiyang-tiyang ingkang nampik Paduka. Tiyang-tiyang menika sami mejahi umat Paduka, ngantos kawula sami tumpes babar-pisan, sarta tanah kawula kadadosaken gempuran.



 <<  Yeremia 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel