Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 33 >> 

1Nalika aku isih ditahan ana ing platarané kedhaton, Pangéran paring wangsit menèh marang aku.

2Panjenengané kang nitahaké bumi, sing yasa lan mrenahaké ana ing papané, ngandika mengkéné,

3"Ndedongaa kanthi nyebut asma-Ku, Aku bakal paring wangsulan. Kowé bakal Daktedahi prekara-prekara gedhé lan ngéram-éramaké, sing durung tau koksumurupi.

4(33:4-5) Aku Pangéran, Allahé Israèl ngandika yèn omah-omah ing Yérusalèm lan kedhatoné raja Yéhuda bakal dirubuhaké. Ora ana paédahé metoni perang lan nglawan menara-menara pangepungan sing didegaké déning wong Babil. Kuwi mung bakal ngebaki kutha iki nganggo jisimé wong-wong sing Daktumpes sajroning mulad-mulading bebendu-Ku. Kutha iki wis Daktégakaké merga saka sakèhé pialané.

5(33:4)

6Nanging kutha iki mbésuk bakal Dakpulihaké menèh lan wong sing padha manggon ing kéné bakal Dakwarasaké. Bakal padha Daklubèri katentreman lan kaayeman.

7Yéhuda lan Israèl bakal Dakparingi karaharjan lan bakal Dakbangun kaya sing uwis-uwis.

8Dosa-dosané marang Aku bakal Dakbuwang, lan Aku bakal ngapura dosa-dosa panglawané.

9Yérusalèm bakal dadi etuking kabungahan, kaurmatan lan pangalembana tumraping Aku. Lan saben bangsa ing bumi bakal padha wedi lan gemeter yèn padha krungu bab sakèhé kabecikan sing Daktandukaké marang wong-wong ing Yérusalèm lan karaharjan sing Daktekakaké ana ing kutha kéné."

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong kandha yèn panggonan iki kaya ara-ara samun, suwung ora ana manungsané, sarta kéwan pisan ora ana sing manggon ing kéné. Pancèn mengkono, kutha-kuthané Yéhuda lan dalan-dalané Yérusalèm suwung kabèh. Ora ana manungsané lan ora ana kéwané.

11Nanging ing kéné bakal ramé swarané wong surak-surak merga saka bungahé. Bakal ana swarané wong duwé gawé sing padha nganakaké kraméan. Bakal ramé swarané wong saos kurban sing padha nglagokaké kekidungan ana ing Pedaleman-Ku. Wong-wong mau bakal padha ngucap, ‘Padha saosa panuwun marang Pangéran Kang Mahakwasa, merga Panjenengané kuwi becik lan sih-katresnané langgeng ing selawasé.’ Tanah iki bakal Dakparingi karaharjan kaya sing uwis-uwis. Mengkono pangandikané Pangéran."

12Mengkéné pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Ing tanah sing kaya ara-ara samun sing suwung blung, ora ana manungsané lan ora ana kéwané, mbésuk bakal ana pangonané lan pangon-pangon sing ngengon wedhus-wedhusé.

13Ing kutha-kutha pegunungan, lan sing ana ing sikilé gunung-gunung, ing tanah Yéhuda sisih Kidul, ing wilayahé Éfraim, ing désa-désa sakiwa-tengené Yérusalèm lan ing kutha-kuthané Yéhuda pangon-pangon bakal padha nyacahaké wedhusé. Mengkono pangandikané Pangéran."

14Pangandikané Pangéran menèh, "Bakal tekan wektuné Aku netepi janji-Ku sing Dakjanjèkaké marang umat Israèl lan umat Yéhuda.

15Ing dina kuwi Aku bakal njumenengaké turuné Dawud dadi raja sing adil pangrèhé. Raja mau bakal nindakaké kabeneran lan keadilan rata sanegara kabèh.

16Wong Yéhuda lan wong Yérusalèm bakal padha kaluwaran lan bakal padha manggon kanthi tentrem. Kutha iki bakal kasebut: ‘Pangéran kuwi Juru Slamet kita.’

17Aku, Pangéran, janji yèn saterusé bakal ana tedhaké Dawud sing dadi raja ing Israèl,

18lan ana imam-imam saka tedhaké Lèwi sing ngladèni Aku lan saos kurban obongan, kurban dhaharan lan ngladosaké sesajèn."

19Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

20"Aku wis gawé prejanjian karo rina lan karo wengi, supaya padha teka netepi wayahé; prejanjian kuwi ora kena dibatalaké.

21Mengkono uga prejanjian-Ku karo Dawud, yèn bakal tansah ana turuné sing dadi raja, lan karo para imam saka taleré Lèwi, yèn selawasé bakal ngladèni Aku. Prejanjian-prejanjian mau ora kena diblénjani.

22Cacahé para turuné Dawud bakal Daktangkar-tangkaraké, semono uga cacahé para imam turuné Lèwi, nganti ora ana sing bisa ngétung, kaya wong iya ora bisa ngétung cacahé lintang ing langit lan wedhi ing segara."

23Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

24"Apa kowé nitèni kandhané wong yèn Israèl lan Yéhuda wis Daktampik, bangsa loro sing wis Dakpilih kuwi? Mulané umat-Ku padha dirèmèhaké lan ora dianggep bangsa menèh.

25Nanging Aku wis gawé prejanjian karo rina lan wengi lan Aku wis netepaké prenatan sing ngawasaké langit lan bumi.

26Iya mengkono enggon-Ku mesthi netepi prejanjian-Ku karo anak-turuné Yakub lan karo abdi-Ku Dawud. Aku mesthi bakal milih turuné Dawud salah siji dadi ratu, ngratoni tedhak-turuné Abraham, Iskak lan Yakub. Aku bakal maringaké kamirahan marang umat-Ku lan Dakparingi karaharjan menèh."



 <<  Yeremia 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel