Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 50 >> 

1Pangéran paring wangsit marang aku kanggo kutha Babil lan wong sing padha manggon ing kono, mengkéné dhawuhé,

2"Kabarna kanggo para bangsa! Ya undhangna! Awèha tandha banjur kandhakna kabaré! Aja koksidhem! ‘Babil wis karebut! Marduk, déwané wis diremuk! Para brahalané Babil wis kwirangan, rupané sing njijiki, wis diejur!

3Bangsa saka Lor teka lan nempuh Babil, bakal didadèkaké ara-ara samun. Manungsa lan kéwan bakal padha keplayu saka kono. Ora ana wong sing bakal manggon ana ing kono menèh.’"

4Pangandikané Pangéran mengkéné, "Yèn wis tekan titi-mangsané wong Israèl lan wong Yéhuda bakal karo nangis nggolèki Aku, Allahé.

5Bakal padha takon dalané bali menyang Sion, banjur padha budhal mrana. Wong-wong mau bakal padha gawé prejanjian karo Aku, bakal padha ditetepi ing selawasé.

6Umat-Ku mau kaya wedhus sing ketriwal ing gunung-gunung, ditégakaké déning para pangoné. Padha ngumbara kelunta-lunta saka gunung siji menyang gunung sijiné, nganti padha lali omahé dhéwé.

7Padha diserang déning sapa waé sing mrangguli. Para mungsuhé padha muni, ‘Wong-wong kuwi wis padha gawé dosa marang Allahé, mulané kita kapakaké waé kena, kita ora salah. Para leluhuré padha kumandel marang Allah, lan kuduné dhèwèké iya kumandel marang Allah.’

8Hé wong Israèl, padha mlayua metu saka Babil! Negara kuwi tinggalen! Mlayua dhisik dhéwé.

9Aku bakal ngojok-ojoki bangsa Lor sawetara sing gedhé pangwasané, supaya nglurug nyerang Babil. Bangsa-bangsa mau bakal nata tentarané, banjur nyerang lan ngrebut kutha Babil.

10Babil bakal dadi rayahan, lan sing ngrayah bakal njupuk apa waé sing disenengi. Mengkono pangandikané Pangéran."

11Pangandikané Pangéran, "Hé wong Babil, kowé wis njarah-rayah umat-Ku. Kowé wis padha seneng-seneng lan bungah-bungah kaya sapi sing kanggo nggiling gandum utawa jaran lanang sing mbengingèh.

12Nanging kuthamu bakal ditelukaké lan kowé bakal kwirangan. Babil bakal dadi bangsa sing cilik dhéwé, sing garing lan dadi ara-ara samun sing ora ana banyuné.

13Merga saka paukuman-Ku bakal ora ana wong sing manggon ing Babil. Bakal tetep dadi gempuran lan kabèh wong sing liwat kono bakal padha kagèt lan gumun.

14Hé wong sing nggawa panah lan gendhéwa, padha tatanen barisanmu. Babil serangen lan kepungen. Panahmu lepasna menyang Babil kabèh, sebab kutha kuwi wis gawé dosa marang Aku, sing jumeneng Pangéran.

15Gempuren kuthané saka kéblat papat karo surak-surak. Babil bakal tumuli teluk pasrah bongkokan. Bètèngé wis digempuri lan dibedhah. Aku bakal males marang wong Babil. Semono uga kowé padha malesa, kaya patrapmu marang wong liya.

16Aja ana wiji sing disebar ana ing tanah kono lan aja ana wong nglumpukaké panèné. Wong manca sing manggon ing kono bakal padha wedi marang tentara sing nyerbu, mulané banjur padha bali menyang negarané dhéwé."

17Pangandikané Pangéran mengkéné, "Umat Israèl kuwi kaya wedhus sing dioyak-oyak lan dibuyaraké déning singa akèh. Sing kawitan, dimangsa déning raja Asyur, banjur déning Nebukadnésar, raja ing Babil sing ngrokoti balungé.

18Mulané Pangéran Kang Mahakwasa Allahé Israèl bakal ndhawahaké paukuman marang Raja Nebukadnésar lan negarané, kaya enggoné ngukum raja Asyur.

19Aku bakal ngulihaké umat Israèl menyang tanahé dhéwé. Wedhus mau bakal nyenggut apa sing tuwuh ana ing Gunung Karmèl lan ing wilayah Basan. Mengkono uga bakal padha mangan apa sing disenengi, saka pametuné tanah ing jajahané Éfraim lan Giléad.

20Ing mangsa mau bakal ora ana dosa menèh ing Israèl lan ora ana piala ana ing Yéhuda. Merga Aku bakal ngapura wong-wong sing uripé wis Dakslametaké. Mengkono pangandikané Pangéran."

21Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Marataim lan wong Pekod bakal ketekan perang. Bakal padha dipatèni lan katumpes. Apa sadhawuh-Ku iki tindakna. Aku Pangéran sing ngandika.

22Swaraning perang keprungu sanegara, lan bakal ana bebaya gedhé.

23Sajagad rata wis digandhèn déning Babil nganti ajur mumur, saiki gandhèné sing remuk! Bangsa-bangsa kabèh bareng krungu lelakon sing dialami negara mau padha kagèt.

24Hé Babil, sing koklawan kuwi Aku, lan kowé klebu ing kala-jiret sing Dakpasang kanggo kowé, nanging kowé ora ngerti.

25Aku wis mbukak gudhang sing Dakenggo nyimpen gegaman-Ku. Sajroning mulading duka-Ku gegaman mau Dakwetokaké, merga Aku Pangéran Allah Kang Mahakwasa bakal nindakaké pegawéan-Ku ana ing Babil.

26Babil bakal diserang saka kéblat papat. Panggonané nyimpen pangan bakal dibubrah! Barang rayahan bakal ditumpuk kaya gandum! Satanah kabèh bakal digempur! Ora ana sing kliwatan!

27Prejurité kabèh bakal dipatèni! Disembelèh! Wong Babil kabèh nemahi cilaka! Wis tekan mangsané padha tampa paukuman!"

28(Para wong ngungsi sing oncat saka Babil padha teka ing Yérusalèm, banjur padha crita carané Pangéran, Allah kita, enggoné nindakaké pamales marang penggawéné wong Babil ana ing Pedalemané Allah.)

29"Para wong manah padha konen nyerang kutha Babil. Golèka wong sing ahli manah. Kuthané kepungen lan aja nganti ana wong sing oncat. Walesen apa sapenggawéné kabèh, kaya carané olèhé matrapi liyan, merga wong-wongé angkuh, nglawan Aku, Kang Mahasuci, Allahé Israèl.

30Mulané para nonomané bakal tiwas ana ing dalan-dalané kutha, lan ing dina kuwi para prejurité bakal padha katumpes kabèh. Mengkono pangandikané Pangéran.

31Hé Babil, sarèhné kowé angkuh, mulané kowé Daklawan, ya Aku, Pangéran sing jumeneng Allah Kang Mahakwasa! Wis tekan titi-mangsané kowé Dakukum.

32Bangsamu sing gemunggung bakal kesandhung lan tiba, mangka ora ana sing bisa nangèkaké. Kutha-kuthamu bakal Dakobong, lan saisiné kabèh bakal dadi gempuran."

33Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Wong Israèl lan wong Yéhuda padha ditindhes, dijaga keras déning wong sing nelukaké, lan ora olèh lunga.

34Nanging sing ngluwari wong mau gedhé kasektèné, asmané Pangéran Kang Mahakwasa. Panjenengané piyambak sing bakal majeng mbéla prekarané umaté, lan bakal nekakaké katentreman ana ing bumi, nanging nekakaké kasusahan kanggo wong ing Babil."

35Pangandikané Pangéran, "Pepati nekanana Babil! Pepati nekanana rakyaté, para penggedhéné, lan para wong wasis.

36Pepati nekanana para juru ngramal, nganti konangan bodhoné! Pepati nekanana para prejurité, saiba enggoné padha giris.

37Tumpesa jaran lan kréta-perangé! Tumpesa para prejurité séwan, saiba apesé wong-wong mau! Sirnaa raja-branané; kajaraha, karampoga.

38Asata sakèhé tuk ing tanahé, garinga kali-kaliné. Babil kebak brahala sing njijiki, sing nyebabaké rakyaté bodho kabèh.

39Dadi Babil mau bakal dadi pesabané jin lan roh reged, sarta panggonané manuk-manuk najis. Selawasé bakal ora dienggoni wong menèh, lan déning turun-turuné.

40Apa sing dialami déning Sodom lan Gomora kuwi bakal dialami déning Babil, yakuwi samasa Babil lan kutha-kutha kiwa-tengené Daktumpes. Ora ana wong siji waé sing bakal manggon menèh ana ing kana. Mengkono pangandikané Pangéran.

41Bakal ana bangsa teka saka Lor, bangsa gedhé saka tanah adoh. Kairid déning para raja sing nglurug perang.

42Padha nggawa panah lan pedhang; bangsa mau ambek siya lan ora duwé welas. Samasa bala-jaranané teka, swarané kaya gemuruhé segara. Kabèh padha siaga perang nglawan Babil.

43Raja ing Babil krungu wartané, nganti tangané lemes tanpa daya; awaké krasa lara kabèh, kaya wong wadon sing nglarani.

44Kaya singa sing jumedhul saka alas sauruté Kali Yardèn marani pangonan sing suketé ijo, kaya mengkono Aku bakal rawuh nekani wong Babil, nganti padha mlayu dadakan metu saka kuthané. Aku nuli bakal milih pemimpin sing ngerèh negara mau. Sapa sing madhani Aku? Sapa sing wani nantang Aku? Endi ana raja sing bisa nglawan Aku?

45Mulané padha rungokna rancangan sing wis Daktetepaké tumraping Babil lan apa sing bakal Daktindakaké kanggo wong-wongé. Tekan anak-anaké bakal disèrèd metu, nganti saben wong bakal padha gemeter.

46Yèn Babil rubuh swarané bakal ngoregaké bumi, lan swarané wong sing padha sesambat, bakal keprungu déning bangsa-bangsa liyané."



 <<  Yeremia 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel