Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 29 >> 

1Yérusalèm, mesbèhé Allah piyambak, bakal diukum! Negara tilas panggonané Dawud masang kémah, bakal diukum! Sajroné rong taun iki wong karebèn nerusaké olèhé nganakaké pésta-pésta lan kraméan,

2nanging sawisé kuwi Allah bakal nekakaké paukuman ing kutha sing disebut: Mesbèhé Allah. Ing kono bakal ana tangis lan pesambat, lan sakutha kabèh bakal kaya mesbèh gluprut getih.

3Gusti Allah bakal nyerang kutha mau, dikepung lan dikubengi menara pejagan.

4Yérusalèm bakal kaya rohé wong ing kuburan, sing nywara lirih saka njero lemah.

5Yérusalèm, sakèhé wong manca sing nyerang kowé bakal disebul kaya bledug lan tentarané sing nggegirisi bakal kabur kaya mrambut.

6Dumadakan ora kanyana-nyana Allah bakal ngluwari kowé lantaran gludhug lan lindhu. Panjenengané bakal nekakaké prahara lan bledhèg,

7mula sakèhing tentarané mungsuh saka ngamanca sing nyerang kutha mesbèhé Allah bakal sirna, malah gegaman lan praboting perangé, kabèh musna kaya rerupan ing impèn, ing wayah bengi.

8Bangsa-bangsa sing nglumpuk ing kono arep nyerang Yérusalèm kuwi kaya wong padha kaliren sing ngimpi, rumangsané lagi mangan, nanging bareng tangi isih tetep ngelih, utawa kaya wong sing arep mati merga kasatan, rumangsané lagi ngombé, nanging bareng nglilir gorokané isih tetep garing.

9Terus-terusna enggonmu ora weruh lan enggonmu wuta! Terusna enggonmu mendem tanpa ngombé anggur, lan enggonmu mlaku sempoyongan tanpa ngombé arak.

10Kowé digawé ngantuk déning Allah, kowé banjur bakal rubuh lan turu kepati. Nabi-nabi kuwi mesthiné dadi mripaté umat, nanging wis digawé merem déning Allah.

11Dadi kowé ora ngerti tegesé wahyu sing diwangsitaké marang nabi, sebab kaaling-alingan, presasat kitab sing ditutup lan disègel. Yèn kitab mau kokkon macakaké wong liya, wong mau muni, ‘Aku ora bisa maca, sebab Kitab iki disègel.’

12Yèn kitab mau kokgawa kanggo wong sing ora bisa maca, wong mau bakal muni, ‘Aku ora bisa maca.’

13Gusti Allah ngandika, "Bangsa iki rumangsané nyembah Aku, nanging mung lelamisan. Atiné ngedohi Aku. Pangibadahé ora liya mung isi prenatan lan adat tata-cara gawéané manungsa, sing diapalaké.

14Mulané Aku bakal gawé kaélokan marang bangsa iki lan gawé gumuné. Kawicaksanané wong-wongé sing ngaku wicaksana bakal sirna, lan sakèhé kapinterané bakal tanpa guna."

15Wong sing ngumpetaké rancangané ana ing ngarsané Allah bakal cilaka. Wong-wong mau padha nindakaké rancangané kanthi sesidheman lan rumangsané ora ana wong sing ngerti apa sing padha dilakoni.

16Kuwi wong keblinger. Endi sing luwih penting, grabah apa kundhi sing gawé grabah? Apa gawéané manungsa bisa muni karo sing gawé, "Dudu kowé sing gawé aku!" Utawa, "Kowé ora ngerti apa sing koktindakaké!"

17Ana paribasan: "Alas bakal malih dadi kebonan, lan kebonan bali dadi alas."

18Ing dina kuwi wong budheg bakal krungu pamecané kitab kalawan sora, lan wong wuta sing ana ing petengan, bakal bisa ndeleng.

19Wong mlarat lan wong sing lembah atiné bakal ngalami kabegjan lan kasenengan menèh, sing diparingaké déning Pangéran, Allahé Israèl.

20Wong sing gawéné nyiya-nyiya pepadhané wis ora ana, semono uga wong sing nyepèlèkaké Allah. Sakèhé wong dosa bakal katumpes.

21Allah bakal numpes sakèhé wong sing mitenah pepadhané, iya sakèhé wong sing ngalang-alangi wong duraka diukum, lan sakèhé wong sing ngalang-alangi wong mursid olèh keadilan.

22Pangéran Allahé Israèl sing ngluwari Abraham saka karupekané ngandika, "Umat-Ku bakal ora ngalami kwirangan menèh, lan rainé bakal ora pucet merga isin.

23Yèn kowé ndeleng anak-turunmu peparing-Ku, kowé bakal ngakoni yèn Aku iki Kang Mahasuci, Allahé Israèl. Kowé bakal ngurmati Aku lan ngabekti marang Aku.

24Wong sing buntet budiné bakal padha olèh kawruh, lan wong sing gawéné ngedumel bakal nanggapi piwulang."



 <<  Yesaya 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel