Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zefanya 2 >> 

1Hé para bangsa sing padha ora duwé isin, padha élinga

2sadurungé kowé padha alum lan mati kaya kembang! Élinga sadurungé paukumané Pangéran sing ngalad-alad nekani kowé, ya sadurungé Panjenengané ngetingalaké dukané.

3Padha mratobata marang Pangéran hé sakèhé umaté sing andhap-asor ing ati lan ngèstokaké dhawuhé. Nindakna kabeneran lan ngasorna awakmu ana ing ngarsané Pangéran. Mbokmenawa kowé kepareng oncat saka paukuman, iya ing dinané Pangéran ngetingalaké paukumané.

4Bakal ora ana wong siji-sijia sing kari ana ing kutha Gaza. Askelon bakal suwung, ditinggal lunga rakyaté. Wong sing padha manggon ing Asdod bakal katundhung metu ing wayah awan, lan wong Ékron iya bakal katundhung saka kuthané.

5Kowé hé wong Filistin, kowé wis diukum, ya sakèhé wong sing padha manggon ing pesisir. Pangéran bakal ndhawahaké paukuman marang kowé. Kowé bakal katumpes, nganti ora ana wong siji-sijia sing kari.

6Daérah ing sapinggiring segara bakal dadi pangonan lan didegi gubugé para pangon lan kandhang-kandhang wedhusé.

7Wong Yéhuda sing isih padha urip bakal ngenggoni tanahmu, bakal padha angon wedhusé ana ing kono lan padha turu ana ing tilas omah-omahé wong Askelon. Pangéran Allahé bakal nunggal karo wong-wong mau, nganti bakal padha makmur menèh.

8Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Aku mireng yèn wong Moab lan wong Amon padha ngala-ala lan ngina marang umat-Ku, lan padha sumbar yèn bakal nelukaké tanahé.

9Demi Aku iki Allahé Israèl kang gesang, Moab lan Amon bakal Daktumpes kaya Sodom lan Gomora. Panggonan kono bakal dadi panggonané wong gawé uyah lan selawas-lawasé dadi jugrugan sing kurugan thethukulan eri lan lateng. Umat-Ku sing isih urip bakal padha njarah rayah panggonan mau lan ngebèki lemahé."

10Wong-wong Moab lan Amon bakal diukum merga enggoné umuk lan angkuhé, apa déné enggoné ngina marang umaté Pangéran Kang Mahakwasa.

11Sabanjuré sakèhing bangsa bakal ngabekti marang Pangéran ana ing negarané dhéwé-dhéwé.

12Semono uga wong Sudan bakal padha katumpes tapis.

13Pangéran bakal ngagem pangwasané kanggo numpes Asyur. Kutha Ninewé bakal kadadèkaké jugrugan sing sepi, dadi ara-ara samun sing tanpa banyu.

14Panggonan kono bakal dadi pangonan wedhus lan papan pengasoané sato kéwan rupa-rupa. Manuk beluk bakal manggon ing jugrugan kono lan manggung ing jendhélané. Manuk gagak bakal padha kaok-kaok ana ing undhak-undhakané omah. Blabag-blabag kayu èrès ing omah-omah bakal dicopoti.

15Mengkono bakal kedadéané kutha sing ngegung-egungaké kekuwatané lan rumangsa wis sentosa. Wong-wongé padha rumangsa yèn kuthané sing gedhé dhéwé ing salumahé bumi. Saiba bakal sepiné panggonan mau, merga bakal dadi panggonané sato kéwan padha ngaso! Saben wong sing liwat bakal padha kekes atiné merga saka wedi.



 <<  Zefanya 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel