Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 14 >> 

1Ana ing Ikonium rasul sakaroné iya lumebet ing papan-pangibadahé wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akèh kang padha dadi pracaya.

2Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartosé, padha gawé panasing atiné wong-wong kang dudu Yahudi, temahan wong-wong mau padha ora seneng marang para Sadulur kang pracaya iku.

3Mulané Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa. Sakaroné padha memulang kanthi kendel, déné Gusti nyantosakaké pawartos bab sih-rahmaté iku sarana paring pangwaos, kanggo nganakaké pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.

4Nanging golonganing wong akèh ing kutha kono pecah dadi loro; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul-rasul iku.

5Wong-wong Yahudi mau dalah para pangarepé, bebarengan karo para wong kang dudu Yahudi, banjur padha sarujuk bakal nyiksa lan mbenturi rasul loro mau nganggo watu.

6Bareng rasul-rasul mau nguningani bab iku, banjur sumingkir menyang kutha-kutha ing Likaonia, yaiku Listra lan Dèrbé sarta ing wilayah sakiwa-tengené.

7Ana ing kono padha nerusaké martosaké Injil.

8Ing Listra ana wong lanang kang mung lungguh baé, jalaran sikilé pepes, lumpuh wiwit lair mula, durung tau bisa lumaku.

9Nalika Paulus memulang, wong lumpuh iku ngrungokaké. Paulus mirsani lan nguningani, menawa wong mau kadunungan pangandel lan kena diwarasaké,

10banjur ngandika kalawan sora, "Ngadega jejeg!" Wong mau banjur mlumpat ngadeg lan mlaku mrana-mréné.

11Bareng wong akèh nyumurupi apa kang mentas ditindakaké déning Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia, "Déwa-déwa wus padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa."

12Barnabas disebut Zéus, déné Paulus diarani Hèrmès, amarga panjenengané kang paring pangandika.

13Imaming déwa Zéus, kang kuilé ana ing jaban kutha, nuli teka ing gapuraning kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan reroncèn kembang kang arep dicaosaké minangka kurban, bebarengan karo wong akèh.

14Mireng kang mangkono iku Barnabas lan Paulus banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan lumajeng menyang satengahing wong akèh iku kambi nywanten sora,

15"Para Sadhèrèk, kadospundi déné panjenengan sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdéné panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilar tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.

16Ing jaman kapengker bangsa sadaya anggènipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kèndelaken kémawon déning Allah,

17nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika srana maringi jawah sarta mangsa kamirahan dhateng panjenengan sadaya saking langit, sarta hasiling siti ing mangsanipun, dhateng panjenengan sadaya. Panjenenganipun paring tedha dhateng panjenengan sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing kabingahan."

18Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, éwadéné mèh-mèh baé ora bisa menggak anggoné padha arep caos kurban marang para rasul iku.

19Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka Antiokhia lan Ikonium, kang padha ngojok-ojoki wong akèh, wasana padha kèlu marang wong-wong iku. Paulus banjur dibenturi watu lan kasèrèd menyang sanjabaning kutha, jalaran dikira wus séda.

20Nanging bareng karubung déning para muridé, panjenengané nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Ésuké banjur tindak menyang Dèrbé bebarengan karo Barnabas.

21Ing kutha Dèrbé kono, Paulus lan Barnabas padha ngabaraké Injil, temahan akèh kang padha pracaya marang Yésus. Sawusé iku, kondur menyang Listra, Ikonium lan Antiokhia.

22Ana ing kutha-kutha mau, rasul sakaroné padha nyantosakaké atiné para kang pracaya marang Yésus sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya, apadéné padha dingandikani, menawa sadurungé bisa lumebu ing Kratoning Allah iku, kita kudu nglakoni kasangsaran.

23Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepaké pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawusé ndedonga lan pasa, para pinituwa mau padha disaosaké marang Gusti, kang padha dipracaya iku.

24Sawisé mangkono tumuli ndlajahi saindenging Pisidia lan banjur rawuh ing Pamfilia.

25Ana ing kono sakaroné padha nggelaraké pangandika ana ing Pérga, banjur tindak menyang Atalia.

26Saka kono padha lelayaran menyang Antiokhia; iya ana ing kono iku anggoné biyèn padha kasaosaké marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wus dirampungaké iku.

27Sarawuhé ing kono banjur nglumpukaké pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wus katindakaké déning Allah lumantar sakaroné; apadéné bab anggoné Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.

28Sakaroné padha lereb ing kono nganti rada suwé, nunggil karo para murid mau.



 <<  Kisah Para Rasul 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran