Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 15 >> 

1Tumuli ana wong sawatara saka Yudéa teka ing Antiokhia, kang padha mulang marang para sadulur tunggal pracaya ing kono, mangkéné, "Manawi panjenengan sadaya mboten sami nglampahi tetak manut adat-tata-cara ingkang dipun warisaken déning Musa, panjenengan mboten badhé saged kawilujengaken."

2Nanging Paulus lan Barnabas banget anggoné padha nglawan lan mbantah panemuné wong-wong mau. Wekasané pasamuwan banjur mutus, Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyané sawatara kautus menyang Yérusalèm nemoni para rasul lan para pinituwa, saprelu ngrembug bab mau.

3Para utusan mau diuntapaké déning pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nglajengaké tindaké ngliwati Fénisia lan Samaria, sadalan-dalan padha nyariyosaké pamratobaté wong-wong kang dudu Yahudi. Iki banget ndadèkaké bungahé para sadulur tunggal pracaya ing kono.

4Sarawuhé ing Yérusalèm, para utusan padha ditampa déning pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyariyosaké samubarang kabèh kang wis katindakaké déning Allah lumantar pandamelé.

5Nanging nuli ana wong sawatara kang kalebu golonganing wong Farisi, kang wis manjing pracaya, kang padha ngadeg lan matur, "Ingkang sanès tiyang Yahudi kedah dipun tetaki saha dipun wajibaken netepi angger-anggeripun Musa."

6Para rasul lan para pinituwa banjur padha nganakaké parepatan, ngrembag prakara iku mau.

7Bareng wus sawatara suwé anggoné padha bebantahan, Pétrus banjur jumeneng sarta ngandika, "Para Sadhèrèk, panjenengan sadaya sampun sami nguningani, bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapiji déning Allah saking antawis kita, supados lumantar kula bangsa-bangsa sanès sami mireng pawartos bab Injil satemah lajeng sami pitados.

8Mangka Allah, ingkang nguningani manahing manungsa, sampun paring paseksi dhateng tiyang-tiyang wau, sarana sami kaparingan Roh Suci kadosdéné kita,

9punapadéné Panjenenganipun babar pisan mboten mbéda-mbédakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucèkaken manahipun sarana pitados.

10Pramila kadospundi déné panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Allah kanthi patrap ngetrapaken momotan ing pundhakipun para murid, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak mboten kiyat nyanggi?

11Kosok-wangsulipun, kita pitados bilih kita badhé tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yésus Kristus kadosdéné sadhèrèk-sadhèrèk punika."

12Kabèh kang padha marepat banjur padha mèndel, tumuli padha mirengaké cariyosé Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaélokan kang katindakaké déning Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarané bangsa-bangsa liya.

13Bareng Paulus lan Barnabas wus rampung anggoné cariyos, Yakobus banjur ngandika, "Para Sadhèrèk, sami kula aturi midhangetaken atur kula:

14Sadhèrèk Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit wiwitan mila Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggènipun milih saking antawisipun bangsa-bangsa sanès wau, satunggaling umat kagem asmanipun.

15Bab punika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, kados ingkang kaserat, suraosipun:

16Sawisé mangkono Ingsun bakal wangsul sarta mbangun manèh kémahé Daud kang wis runtuh, lan reruntuhané bakal sunbangun manèh sarta sunsantosakaké,

17supaya wong-wong liyané kabèh padha ngupaya marang Pangéran, mangkono uga bangsa liya kabèh kang tumrapé bangsa-bangsa mau asmaningsun kasebut, mangkono pangandikané Pangéran, kang nindakaké iku kabèh,

18kang wis kauningan wiwit sakawit.

19Awit saking punika pamanggih kula, kita sampun ngantos damel rekaosipun para sadhèrèk saking bangsa-bangsa sanès, ingkang sami mratobat dhateng Allah.

20Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadhèrèk-sadhèrèk punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken déning brahala, saha nebihi lampah jina, punapadéné nyirik dagingipun kéwan ingkang pejahipun mboten karana kasembelèh, tuwin rah.

21Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah."

22Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabèh padha netepaké milih wong sawatara saka ing antarané kang bakal kautus menyang Antiokhia, bebarengan karo Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajèn ana ing antarané para sadulur tunggal pracaya.

23Para utusan mau padha digawani layang kang surasané, "Salam kula para rasul saha para pinisepuh, sarta para sadhèrèk panjenengan, katur para Sadhèrèk ing Antiokhia, Siria lan Kilikia ingkang aslinipun saking bangsa-bangsa sanès.

24Kula sampun sami mireng, bilih wonten tiyang sawatawis panunggilan kula, ingkang sami damel gorèhing panggalih saha damel kuwur panjenengan sarana piwulangipun, mangka mboten sami kula weling.

25Pramila kula sampun sami sarembag saha mutus kèngkènan tiyang sawatawis manggihi panjenengan sesarengan kaliyan sadhèrèk Barnabas tuwin Paulus ingkang kula tresnani,

26inggih punika sadhèrèk kalih ingkang sampun ngetohaken nyawanipun margi saking asmanipun Gusti kita Yésus Kristus.

27Wondéné ingkang kula kèngkèn sadhèrèk Yudas saha Silas, ingkang badhé ngaturaken kalayan lésan piweling ingkang kaserat punika dhateng panjenengan.

28Amargi Roh Suci lan kula sampun damel putusan, supados panjenengan sampun ngantos kabebahan nglangkungi ing samesthinipun:

29Sami nyirika sesajèning brahala, rah saha daging kéwan ingkang pejahipun mboten karana kasembelèh, punapadéné lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak saé. Cekap samanten atur kula, mugi sami ginanjar wilujeng."

30Bareng wus padha pamitan, Yudas lan Silas padha bidhal menyang Antiokhia. Ana ing kono wong sapasamuwan banjur padha ditimbali marepat, layangé nuli diparingaké.

31Bareng wus diwaca, padha bungah awit layang mau isi panglipur.

32Anadéné Yudas lan Silas, sarèhné iya nabi, mulané nganti sawatara suwé anggoné mituturi para sadulur tunggal pracaya lan nyantosakaké atiné.

33Lan sawusé ana ing kono sawatara mangsa, banjur padha diaturi déning para sadulur kondur kanthi tentrem menyang ngarsané kang ngutus.

34[Nanging Silas ngarsakaké isih kantun ana ing kono.]

35Paulus lan Barnabas anggoné ana ing Antiokhia nganti sawatara suwéné, padha bebarengan karo wong akèh liyané memulang sarta nggelaraké pangandikané Gusti.

36Nanging bareng wus sawatara lawasé Paulus banjur ngandika marang Barnabas, "Prayogané saiki kita padha bali niliki para Sadulur ing saben kutha, kang wis padha kita sebari pangandikané Gusti, kepriyé kaanané."

37Barnabas kepéngin uga ngajak Yohanes kang apeparab Markus;

38nanging Paulus ngandika kanthi keras, ora prayoga yèn ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut-gawé bebarengan.

39Bab iki ndadèkaké pasulayaning sakaroné, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur lelayaran menyang Siprus.

40Déné Paulus milih Silas, lan sawusé kacaosaké déning para sadulur tunggal pracaya marang sih-rahmaté Gusti,

41banjur mangkat ndlajahi Siria lan Kilikia, sarta nyantosakaké pasamuwan-pasamuwan ing kono.



 <<  Kisah Para Rasul 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran