Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 10 >> 

1Sawusé iku Gusti netepaké wong pitung puluh manèh saka para murid liyané padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengané, menyang saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.

2Kabèh padha dipangandikani, "Panèné pancèn gedhé, nanging sing derep mung sathithik. Mulané padha nyenyuwuna marang Kang Kagungan panèn, supaya karsa ngintunaké wong-wong kang derep ing panènan.

3Padha mangkata, lah kowé padha dakutus kayadéné cempé menyang satengahé asu ajag.

4Aja padha nggawa tas utawa kanthong uba-rampé tuwin trumpah, sarta sajroné ana ing dalan iku aja uluk-salam karo sapa baé.

5Menawa kowé lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkéné dhisik: Tentrem-rahayu mugi wonten ing dalem ngriki.

6Anadéné menawa ing kono tinemu putraning tentrem-rahayu, uluk-salammu bakal lestari ana ing kono. Nanging menawa ora, uluk-salammu bakal bali marang kowé.

7Kowé tetepa ana ing kono, mangana lan ngombéa apa kang disuguhaké marang kowé, amarga wong nyambut-gawé iku wus samesthiné olèh pituwas. Aja ngolah-ngalih papan anggonmu nginep.

8Lan menawa kowé lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhaké marang kowé.

9Wong kang padha lara ing kono warasna, apamanèh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wus nyedhaki kowé.

10Nanging menawa kowé lumebu ing sawijining kutha, mangka kowé ora ditampani, lungaa menyang dalan-dalan gedhé ing kutha iku sarta nguwuha mangkéné:

11Dalasan bleduging kuthamu kang tumèmpèl ing sikilku padha dakketabaké ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wus cedhak.

12Aku pitutur marang kowé: Ing dina iku Sodom bakal luwih ènthèng tanggungané katimbang karo kutha iku."

13"Bilai kowé Khorazim! Bilai kowé Bétsaida! Amarga saupama ing Tirus lan ing Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kelakon ana ing satengah-tengahmu, mesthi wus biyèn-biyèn wong-wong ing kono anggoné mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.

14Nanging bésuk ing dinané pangadilan, tanggungané Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng katimbang karo tanggunganmu!

15Apadéné kowé Kapèrnaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kaudhunaké nganti tumeka ing teleng palimengan.

16Sapa baé kang ngrungokaké kowé, iku ngrungokaké Aku lan sapa baé kang nampik marang kowé, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengané kang ngutus Aku."

17Kacarita murid pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk, "Gusti, dalasan sétan-sétan sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Panjenengan."

18Yésus banjur ngandika, "Aku pirsa sétan tiba saka ing langit kaya cumlèrèting kilat.

19Lah kowé wus padha dakparingi pangwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin ngalahaké kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowé.

20Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowé, nanging padha bungaha marga jenengmu wus kacathet ana ing swarga."

21Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, "Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.

22Samubarang kabèh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku lan ora ana wong kang sumurup Kang Putra iku sapa, kajaba Kang Rama, mangkono uga Kang Rama iku sapa, kajaba Kang Putra lan wong kang kawedharan déning Kang Putra, marga saka keparenging panggalihé."

23Sawusé mangkono Yésus banjur minger mirsani para sakabaté sarta kanthi mirunggan dipangandikani, "Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.

24Amarga Aku pitutur marang kowé: Akèh nabi lan ratu kang kepéngin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon, sarta kang kepéngin ngrungokaké apa kang kokrungu, nanging ora bisa kelakon."

25Ing sawijining dina ana ahli Torèt ngadeg sumedya nyoba marang Yésus, aturé, "Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?"

26Paring wangsulané Yésus, "Kang tinulis ing Torèt kepriyé? Apa kang kokwaca ing kono?"

27Atur wangsulané wong iku, "Kowé tresnaa marang Pangéran, Allahmu, kalawan gumolonging atimu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan gumolonging kakuwatanmu, apadéné kalawan gumolonging budimu. Lan tresnaa marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhéwé."

28Pangandikané Yésus marang wong mau, "Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowé bakal urip."

29Nanging sarèhné wong mau arep mbeneraké awaké dhéwé, mulané banjur matur marang Yésus, "Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?"

30Paring wangsulané Yésus, "Ana wong lumaku mudhun saka ing Yérusalèm menyang Yérikho; iku tumiba ing tanganing para bégal, banjur ora mung diblèjèdi baé, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.

31Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Lan weruh wong mau, nanging terus lumaku baé, metu ing sabrangé dalan.

32Mangkono uga wong Lèwi, kang lagi lelungan, satekané ing kono lan weruh wong mau, iya mung liwat baé, metu ing sabrangé dalan.

33Tumuli ana wong Samaria, kang lagi lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atiné marga saka welasé.

34Wong mau banjur diparani, sawusé disoki lenga lan anggur, tatu-tatuné nuli diblebet, banjur ditunggangaké kuldiné dhéwé, digawa menyang panginepan sarta dirawat.

35Ésuké kang duwé panginepan diwènèhi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika karimatana, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhé nglintoni, bénjing menawi kula wangsul.

36Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi kang dadi pepadhané wong kang dibégal mau?"

37Atur wangsulané, "Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika." Pangandikané Yésus, "Wus mundura, lan nglakonana mangkono uga!"

38Nalika tindaké Yésus lan para pandhèrèké tekan ing sawijining désa. Ing kono Panjenengané ditampi déning wong wadon kang aran Marta ana ing omahé.

39Wong iku duwé sadulur wadon jenengé Maria, iku linggih cedhak ing sampéyané Gusti lan tansah ngrungokaké pangandikané,

40déné Marta répot banget anggoné leladi, mulané banjur marek sarta munjuk, "Gusti, punapa Panjenengan mboten manggalih, bilih sadhèrèk kawula négakaken kawula lelados piyambak? Mila mugi kadhawuhana ngréncangi kawula."

41Nanging Gusti paring wangsulan, pangandikané, "Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan mrihatinaké prakara akèh,

42mangka kang prelu iku mung siji. Déné Maria wus milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk déning sapa baé."



 <<  Lukas 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel