Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 15 >> 

1Para juru-narik-pajeg lan wong dosa padha sowan ing ngarsané Yésus ngrungokaké piwulangé.

2Para Farisi lan para ahli Torèt padha grundelan, pangucapé, "Wong iku kok nampani para wong dosa lan mangan bebarengan."

3Panjenengané banjur paring pasemon, mangkéné,

4"Sapa panunggalanmu, kang duwé wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggolèki sing ilang iku nganti saketemuné, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?

5Lan menawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah,

6sarta satekané ing omahé, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani: Payo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku kang ilang wis ketemu.

7Aku pitutur marang kowé: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhé marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat."

8"Samono uga, endi ana wong wadon kang duwé dhuwit dirham sepuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahé, nggolèki njlimet nganti saketemuné?

9Lan menawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani mangkéné: Dhuwitku dirham kang ilang wus ketemu. Payo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.

10Aku pitutur marang kowé: Samono uga para malaékaté Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat."

11Yésus ngandika manèh, "Ana wong duwé anak lanang loro.

12Anak kang wuragil matur marang bapakné: Bapak, keparenga kula nyuwun sapéranganing barang darbé ingkang dados panduman kula. Bapakné iya banjur mbagé-mbagé barang darbèké, diwènèhaké marang sakaroné.

13Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli pandumané kabèh, sawusé mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana bandhané diebrèh-ebrèh dianggo nguja kekarepané nganti entèk kabèh.

14Kapinujon ing tanah kono ana paceklik kang nggegirisi, wong anom mau banjur wiwit nandhang kacingkrangan.

15Tumuli ngèngèr marang wong ing tanah kono, banjur dikon ngrumati babi-babiné ana ing pategalané.

16Nuli kepéngin ngisèni wetengé kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem mènèhi.

17Banjur ngrumangsani kaanané, temahan ngudarasa mangkéné: Buruhé bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan nganti turah-turah, mangka aku ana ing kéné bisa mati kaliren.

18Aku dakmulih menyang ing dalemé bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga lan dhateng Bapak,

19kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih; keparenga kula kadadosna berahipun Bapak kémawon.

20Banjur ngadeg lan mulih marani bapakné. Nalika isih adoh, bapakné wus ngawasaké tekané, atiné trenyuh banget marga saka welasé. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.

21Anaké matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga tuwin dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih.

22Nanging bapakné préntah marang batur-baturé: Énggal jupukna jubah kang apik dhéwé, nuli enggokna, drijiné anggonana ali-ali lan sikilé anggonana trumpah.

23Banjur njupuka pedhèt sing lemu, belèhen. Payo padha mangan lan seneng-seneng.

24Sabab anakku iki wus mati, urip manèh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.

25Nalika iku anaké pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wus cedhak karo omahé, krungu swaraning tetabuhan lan wong kang padha tetembangan nganggo jejogèdan.

26Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegesé iku kabèh.

27Aturé batur mau: Punika ingkang rayi rawuh, déné ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhèt ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.

28Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakné nuli metu lan ngarih-arih.

29Nanging diwangsuli mangkéné: Sampun mataun-taun anggèn kula ngladosi Bapak lan mboten naté nerak wewaleripun Bapak, nanging Bapak mboten naté maringi cempé satunggal kémawon, kanggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.

30Nanging sareng putranipun Bapak ingkang ngebrèh-ebrèh`raja-darbèkipun Bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kémawon dhateng, Bapak lajeng mragat pedhèt ingkang lema kanggé piyambakipun.

31Bapakné kandha: Anakku, enggèr, kowé iku salawasé urip bareng karo aku, lan apa saduwèkku iku duwèkmu.

32Awaké dhéwé kabèh wus samesthiné kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip manèh, wis ilang ketemu."



 <<  Lukas 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran