Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 24 >> 

1Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah ésuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang pasaréan, karo nggawa anggi-anggi kang wus dicawisaké.

2Watuné tinemu wus kaglimpangaké saka ing pasaréan.

3Bareng padha lumebu, ora nemu layoné Yésus.

4Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atiné marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhaké, pangagemané mencorong.

5Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkéné, "Yagéné, déné kowé padha nggolèki Kang Gesang ana ing antarané wong mati?

6Panjenengané ora ana ing kéné, wus wungu. Élinga marang apa kang wis kapangandikakaké marang kowé kabèh, nalika isih ana ing Galiléa,

7yaiku, yèn Putraning Manungsa pinasthi kaulungaké marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinané."

8Wong-wong wadon iku mau iya nuli kèlingan marang pangandikané Yésus.

9Lan sabaliné saka ing pasaréan, banjur padha nyritakaké iku kabèh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyané kabèh.

10Déné wong-wong wadon mau yaiku Maria saka Magdala, lan Yohana sarta Maria ibuné Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyané kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul.

11Nanging tembung-tembungé iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.

12Éwasamono Pétrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang pasaréan. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulesé thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa kira-kira kang mentas kelakon iku.

13Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalané para murid, arep padha menyang désa Émaus, adohé saka Yérusalèm watara sewelas kilomèter.

14Wong loro mau padha rasanan sabarang kang mentas kelakon.

15Nalika lagi padha rasanan lan rerembugan mau, Yésus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi lakuné.

16Nanging wong mau pandelengé padha ketutupan, mulané padha pangling karo Panjenengané.

17Yésus tumuli ngandika marang wong loro iku, "Apa kang padha kokrembug sajroné lumaku iki?" Banjur padha mandheg kanthi sedhih.

18Kang siji kang jenengé Kléopas, mangsuli, "Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yérusalèm, ingkang mboten sumerep bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku, ing salebetipun sawatawis dinten punika?"

19Paring wangsulané, "Lelakon apa ta iku?" Unjuké kang kadangu, "Lelampahanipun Yésus tiyang Nazarèt, ingkang jumeneng nabi, ingkang kagungan pangwaos ing pandamel saha pangandika wonten ngarsanipun Allah sarta wonten ngajengipun bangsa kula sadaya.

20Nanging para pangajengipun imam saha para pangagenging bangsa kula sami ndhawahaken paukuman pejah dhateng Panjenenganipun, lajeng kasalib.

21Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhé ngluwari bangsa Israèl. Déné lelampahan wau sadaya sapunika sampun tigang dintenipun.

22Nanging lajeng wonten tiyang èstri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kagèt kula. Awit tiyang-tyang èstri wau énjing umun-umun sampun sami dhateng pasaréan,

23nanging layonipun mboten wonten. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaékat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun wungu saking sédanipun.

24Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasaréan, pinanggihipun pancèn leres kados ingkang dipun cariyosaken para tiyang èstri wau, sami mboten sumerep Panjenenganipun."

25Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Hé wong kang padha cupet nalaré lan lamban pamikiré, temah ora pracaya marang samubarang kabèh, kang wus kapangandikakaké déning para nabi!

26Mésias apa ora pinasthi nglampahi iku mau kabèh, banjur lagi nampi kamulyané?"

27Yésus tumuli njlèntrèhaké sabarang kang wus katulis ing Kitab Suci, bab Panjenengané, wiwit kitab-kitabé Musa lan kitab-kitabé para nabi.

28Bareng wus cedhak désa kang diparani, Yésus kaya-kaya arep nglajengaké tindaké.

29Nanging dicandhet déning wong-wong mau, unjuké, "Kula aturi pinarak wonten ing griya kula, awit sampun badhé dalu, surya sampun serap." Panjenengané iya banjur lumebet karo wong-wong mau.

30Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingaké marang sakaroné.

31Sanalika, mripaté wong loro iku banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengané, nanging Yésus banjur ilang saka ing pandelengé.

32Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkéné, "Atiku rak wus padha mangah-mangah, nalika Panjenengané ngandika marang aku kabèh ana ing dalan lan nalika Panjenengané nerangaké Kitab Suci mau?"

33Sanalika iku uga, banjur padha ngadeg lan bali menyang Yérusalèm. Ana ing kono padha weruh sakabat sawelas padha ngumpul bebarengan karo para sadulur-sadulur liyané,

34sarta padha ngucap, "Gusti nyata yèn wus wungu lan wus ngatingal marang Simon."

35Wong loro mau iya tumuli nyaritakaké lelakoné sajroné ana ing dalan, sarta anggoné ora pangling manèh marang Yésus, bareng Panjenengané nyuwil-nyuwil roti.

36Nalika padha rembugan bab iku mau, Yésus dumadakan jumeneng ana ing tengahé sarta ngandika, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh."

37Kabèh padha kagèt kaworan wedi, lan ngira weruh memedi.

38Nanging Panjenengané banjur ngandika, "Yagéné kowé padha kagèt lan apa sababé déné kowé padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?

39Delengen tanganku lan sikilku: Iki Aku dhéwé; grayangana Aku lan satitèkna, yèn memedi rak ora ana dagingé lan balungé, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki."

40Ngandika mangkono iku karo nedahaké astané lan sampéyané.

41Bareng kabèh durung padha ngandel marga saka bungahé lan isih padha kaéraman, Panjenengané nuli ngandika, "Ing kéné apa ana kang kena dipangan?"

42Banjur dicaosi iwak gorèngan sairis.

43Iku tumuli ditampani lan didhahar ana ing ngarépé wong-wong mau.

44Banjur padha dipangandikani mangkéné, "Iki pituturku kang dakkandhakaké marang kowé kabèh, nalika Aku isih nunggal karo kowé, yaiku yèn kabèh kang wus katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab Torèté Musa lan kitabé para nabi sarta kitab Mazmur, iku kudu kelakon."

45Panjenengané banjur mbukak pikirané wong-wong mau supaya padha ngerti marang Kitab Suci.

46Pangandikané, "Ana tulisan mangkéné: Mésias pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinané wungu saka ing antarané wong mati.

47Karodéné manèh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangaké marang sakèhing bangsa atas asmané, wiwit saka ing Yérusalèm.

48Déné kowé kang padha dadi seksiné bab iku mau kabèh.

49Sabanjuré kowé bakal padha dakkirimi apa kang wus dijanjèkaké déning Ramaku. Nanging kowé padha anaa ing kutha kéné dhisik, nganti kowé wus padha kaparingan kasektèn saka ing ngaluhur."

50Sawusé mangkono para muridé banjur kadhawuhan ndhèrèk Yésus menyang jaban kutha, ing sacedhaké Bétania. Ana ing kono Panjenengané nuli ngangkat astané, para muridé padha diberkahi,

51lan nalika mberkahi mau, Panjenengané banjur nilar para muridé tuwin mitrané menyang swarga.

52Para murid banjur padha sujud nyembah marang Panjenengané, nuli padha bali menyang Yérusalèm kalawan bungah banget,

53sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhuraké Allah.



 <<  Lukas 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran