Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 33 >> 

Yakub rukun maneh karo Esap

1Yakub tumuli mulat lan banjur weruh Esap teka kairingake wong patang atus. Yakub banjur merang-merang anak-anake, saperangan kapasrahake marang Lea, saperangan marang Rakhel lan marang bature wadon sakarone.

2Bature wadon lan anak-anake diprenahake ana ngarep, Lea lan para anake ana ing burine, Rakhel lan Yusuf ana ing buri dhewe.

3Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase.

4Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.

5Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”

6Sawuse mangkono para batur wadon mau dalah para anake padha maju sujud.

7Lea lan anak-anake iya maju lan sujud, wasana Yusuf lan Rakhel padha nyedhak lan tumelung.

8Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”

9Nanging Esap celathu maneh: “Dhi, aku wus ora kekurangan, duwekmu lestaria dadi duwekmu dhewe.”

10Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.

11Bok inggih panjenengan karsa nampeni pisungsung kula ingkang sampun kaaturaken dhateng panjenengan punika, margi Gusti Allah sampun nandukaken sih kadarman dhateng kula, saha kula sampun karoban samukawis.” Bareng digubel-gubel Esap temahan gelem nampani.

12Pangucape Esap: “Payo padha budhal mbanjurake laku, lakumu bakal dakbarengi.”

13Nanging Yakub mangsuli marang Esap: “Panjenengan mirsa, bilih lare-lare punika taksih kirang kiyat, saha kula mbekta menda lan lembu ingkang taksih nesepi, punika saupami dipun bereg lampahipun sadinten kemawon, temtu sapantha badhe pejah sadaya.

14Panjenengan mugi karsaa tindak ngrumiyini kula, dene kula badhe lumampah lon-lonan manut lampahing kewan ingkang wonten ing ngajeng kula, saha manut lampahipun lare-lare, ngantos kula dumugi ing ngarsa panjenengan wonten ing Seir.”

15Esap mangsuli: “Yen mangkono, becike kowe daktinggali bala kang melu aku iki.” Nanging wangsulane Yakub: “Boten sisah makaten, kula sampun cekap angsal sih wonten ngarsa panjenengan punika.”

16Dadine Esap banjur bali ing dina iku menyang tanah Seir.

17Nanging Yakub banjur budhal menyang Sukot, ana ing kono yasa omah, lan raja-kayane digawekake kandhang-kandhang, mulane panggonan iku diarani Sukot.

18Lakune Yakub saka Padan-Aram tekan Sikhem tanah Kanaan kanthi slamet, banjur ngadegake tarube ana ing sawetaning kutha.

19Palemahan sathithik kang diadegi tarube iku olehe tuku saka para putrane Sang Prabu Hemor, ramane Sang Sikhem, kanthi rega satus kesitah.

20Ana ing kono banjur yasa misbyah dijenengake: “Allahe Israel iku Allah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran