Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 1 >> 

Nabi Musa nggelarake lelakone wong Israel ana ing gunung Horeb

1Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.

2Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina.

3Nalika taun kang kaping patang puluh sasi sawelas tanggal sapisan Nabi Musa ngandikani wong Israel miturut dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah tumrap wong Israel;

4sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.

5Ana ing sabrange bengawan Yarden ing tanah Moab, Nabi Musa wiwit nggelarake angger-anggering Toret iki, pangandikane:

6“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;

7padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.

8Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan turun-turune.”

Riwayat jumenenge para hakim

9“Nalika samana aku pitutur marang kowe mangkene: Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.

10Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.

11Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

12Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.

13Kowe padha miliha wong kang wicaksana lan limpad ing budi apadene kang akeh pangalamane saka siji-sijine talermu, bakal daktetepake dadi pemimpinmu.

14Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.

15Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.

16Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.

17Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.

18Kaya mangkono anggonku mrentahi kowe nalika samana, bab sabarang prakara kang kudu padha koklakoni.”

Citra bab telik rolas

19“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.

20Nalika iku aku banjur tutur marang kowe: Saiki kowe wus padha tekan ing pagunungane bangsa Amori, kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

21Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.

22Kowe kabeh tumuli padha nyedhaki aku sarta duwe atur mangkene: Sumangga kula aturi nglampahaken tiyang sawatawis ngrumiyini lampah kita, supados sami niti-priksa kawontenanipun nagari punika, sarta sami mbektaa katrangan dhateng kita, bab margi-margi ingkang badhe sami kita langkungi, saha kawontenanipun kitha-kitha ingkang badhe kula dhatengi.

23Prakara iku dakrasa becik; dadi aku tumuli milih wong rolas panunggalanmu, saka saben taler wong siji.

24Iku banjur padha mangkat munggah menyang pagunungan, nganti tekan ing lebak Eskol, sarta padha niti-priksa nagara iku.

25Apadene padha njupuk woh-wohan sawatara pametune nagara iku, digawa mudhun lan diladekake marang kita. Sarta padha ngaturi katrangan mangkene: Saestu, nagari ingkang badhe dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng kita punika sae.

26Ewadene kowe padha ora wani nglurug mrana, sarta padha mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

27Kowe padha pating kedumel ana ing tarubmu, pangucapmu; Pangeran Yehuwah anggone ngirid metu saka ing tanah Mesir iku marga aku padha disengiti, arep diulungake marang tangane bangsa Amori, supaya padha ditumpes.

28Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

29Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.

30Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,

31apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.

32Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

33kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”

Riwayat paukuman tumrap Israel

34“Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:

35Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,

36kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.

37Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.

38Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.

39Anadene anak-anakira kang isih cilik kang padha sira arani yen bakal dadi bandhangan lan anak-anakira kang saiki iki, kang durung bisa mbedakake ala lan becik, iya iku kang bakal padha lumebu mrono, lan kang bakal Sunparingi lan ndarbeni nagara iku.

40Nanging sira iku padha balia, budhala menyang pasamunan, metua dalan kang anjog ing sagara Teberau.”

Riwayat bab gagale anggone nempuh perang wilayah kidul

41“Ing kono kowe banjur padha mangsuli lan kandha marang aku mangkene: Kula sampun sami damel dosa dhateng Pangeran Yehuwah. Sumangga, kula sami sagah mangsah perang miturut sadaya dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita dhateng kula sadaya. Sawuse mangkono, saben wong banjur padha manganggo praboting perang, awit pangiramu kalawan gampang bisa mangsah menyang ing pagunungan.

42Nanging Sang Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Aja padha nglurug lan aja perang, awitdene Ingsun ora ana ing tengahira, awit sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira.

43Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.

44Tumuli kowe padha dipethukake lan ditempuh dening bangsa Amori kang padha manggon ing pagunungan kono, sarta iku padha mburu kowe kaya tawon, ngalahake kowe saka ing Seir nganti tutug ing Horma.

45Sabalimu kowe banjur padha nangis ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora mirengake panangismu sarta ora midhangetake swaramu kaya mangkono.

46Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel