Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 7 >> 

Pangrengkuhe wong Israel marang para bangsa ing tanah Kanaan

1“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,

2sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.

3Karomaneh aja bebesanan karo wong iku, anakmu wadon aja kokolehake karo anake lanang, utawa anake wadon iya aja kokjodhokake karo anakmu lanang;

4awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.

5Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.

6Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.

7Pangeran Yehuwah anggone katarik panggalihe marang kowe lan anggone milih kowe, iku ora marga saka cacahmu ngungkuli bangsa-bangsa liyane, -- sajatine kowe iku rak cilik dhewe ana ing antarane bangsa-bangsa kabeh --,

8nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.

9Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,

10nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.

11Mulane kowe padha netepana prentahe, yaiku katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki supaya koklakoni.”

Janji bab berkah

12“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

13Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.

14Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.

15Karodene Pangeran Yehuwah bakal ngedohake kowe saka sarupane lelara, lan kowe ora bakal kecandhak ing memala kang nggegirisi kang tau koksumurupi ana ing tanah Mesir. Nanging iku bakal diganjarake marang sakehe wong kang sengit marang kowe.

16Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.

17Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,

18kowe aja wedi karo wong iku; tansah elinga, apa kang wus dadi pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Sang Prabu Pringon lan marang saindenge tanah Mesir,

19yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.

20Karomaneh Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nekakake tawon nempuh marang bangsa iku, nganti kabeh padha tumpes kang isih kari, sarta kang ndhelik.

21Aja giris marga saka wong-wong mau, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing tengahmu, Gusti Allah kang mahaagung lan kang nggegirisi.

22Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal nundhungi para bangsa iku saka ing ngarepmu saka sathithik, ora kena enggal-enggal koktumpes, supaya cacahe buron alas aja nganti kakehan ngluwihi cacahmu.

23Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.

24Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.

25Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

26Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel