Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 9 >> 

Bangsa Israel dielingake supaya aja nganti ngendel-endelake lelabuhane

1“He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;

2bangsa kang gedhe lan dhuwur dedeg-pangadege, wong Enak kang wus koksumurupi lan kokrungu kaloke: Sapa kang bisa menang karo wong Enak?

3Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.

4Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.

5Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.

6Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”

Lelakon bab murtade ana ing gunung Horeb

7“Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.

8Ana ing gunung Horeb kowe padha njalari dukane Pangeran Yehuwah, malah saka bangeting dukane, nganti kowe arep padha ditumpes.

9Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.

10Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, isi seratan tapak astane Gusti Allah, kang surasane padha karo pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri dinane pasamuwan.

11Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.

12Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.

13Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang aku: Bangsa iki wus Sunsekseni, pancen bangsa kang wangkot.

14Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.

15Aku banjur mudhun saka ing gunung, kang lagi murub; dene papane prasetyan sakarone daksangga ing tanganku loro.

16Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.

17Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu.

18Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.

19Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.

20Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.

21Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.

22Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.

23Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.

24Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.

25Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, -- anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi --, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,

26mulane aku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, unjukku: Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka saha ingkang sampun Paduka entasaken saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa.

27Paduka mugi karsaa ngengeti dhateng para abdi Paduka Eyang Abraham, Iskak lan Yakub; sampun ngantos ngengeti dhateng wangkoting manahipun bangsa punika, punapa malih dhateng duraka saha dosanipun;

28supados nagari, pinangkanipun anggen kawula sami Paduka entasaken punika sampun ngantos sami cariyos: Sarehne Sang Yehuwah ora kaconggah nglebokake bangsa iku menyang ing tanah kang wus dijanjekake marang wong-wong iku, lan marga saka sengite, mulane wong iku padha diirid metu arep dipateni ana ing pasamunan.

29Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel