Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 8 >> 

Brahala kang nistha kang ana ing sajroning Padalemaning Allah

1Ing taun kang kaping enem, tanggal lima sasi enem, nalika aku pinuju lungguh ana ing omahku, arep-arepan karo para pinituwaning Yehuda, aku nuli kalimputan ing pangwaose Pangeran Yehuwah,

2sarta banjur tampa wahyu: Lah ana kang katon kang rupane kaya sawijining priya, wiwit bangkekan tekan ing ngisor rupane kaya geni, saka ing bangkekan mandhuwur katon mawa cahya, gumilap kaya swasa.

3Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.

4Lah ing kono katon kamulyaning Allahe Israel, kaya wahyu kang dakdeleng ana ing lebak.

5Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, ngingetna mangalor!” Aku tumuli ngingetake mangalor, lah ing salore gapuraning misbyah, ing sacedhake dalan mlebu, ana reca kang nuwuhake butarepan mau.

6Aku nuli kapangandikanan mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira ndeleng apa kang padha ditindakake, yaiku panggawe-panggawe kang nistha banget, kang dilakoni dening turune Israel ana ing kene, satemah Ingsun kapeksa ngedohi papan pasuceningSun? Sira isih bakal ndeleng panggawe kang nistha kang ngluwihi iku.”

7Aku nuli kabekta menyang ing lawanging plataran; aku ndeleng lah ing temboke ana bolongane.

8Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, bolongan ing tembok iku ambakna!” Bareng bolongan iku wus dakambakake, ing kono ana lawange.

9Aku tumuli dipangandikani: “Sira lumebua lan ndelenga panggawe-panggawe kang nistha kang ala, kang padha ditindakake ana ing kene!”

10Aku banjur lumebu lan ndeleng lah ana gambaring sakehe kewan gumremet lan kewan-kewan liyane kang njejemberi sarta sakehing brahalane turune Israel kang ingukir ana ing tembok ing sakubenge.

11Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun.

12Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng apa kang katindakake dening para pinituwaning turune Israel ana ing pepeteng ana ing sajroning kamare dhewe-dhewe kang ana gambare ukir-ukiran? Amarga padha celathu mangkene: Pangeran Yehuwah ora mirsa kita; Pangeran Yehuwah wus nilar tanah kene.”

13Pangandikane maneh mangkene: “Sira bakal ndeleng panggawe nistha kang ngluwihi gedhene maneh, kang padha dilakoni.”

14Aku banjur kabekta menyang ing sacedhaking lawang gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah ing sisih lor, lah ing kono ana wong wadon kang padha nangisi Bathara Tamus.

15Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng kang padha ditindakake? Sira isih bakal ndeleng panggawe-panggawe kang nisthani ngluwihi iki banget.”

16Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan.

17Aku tumuli dipangandikani: “Apa sira wus ndeleng iku, he anaking manungsa? Apa iki prakara remeh, panggawe-panggawe nistha kang dilakoni dening turune Yehuda ana ing kene iki? Dene tanah iki malah banjur wus dikebaki ing panganiaya, lan marga saka mangkono terus bae anggone gawe gerahing panggalihingSun.

18Mulane bakal Sunwales kalawan bebenduningSun. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan sarta sanadyan padha sesambat marang Ingsun kalawan sora, ora bakal Sunpiyarsakake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel