Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 14 >> 

Bab mangsa ngerak

1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia bab mangsa ngerak.

2Yehuda ngrudatin, gapurane padha ambruk, lan katon memelas njepaplang ana ing lemah; pasambate Yerusalem muluk mandhuwur.

3Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu, padha tekan ing sumur-sumur, nanging ora oleh banyu, satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong. Padha isin, polatane kucem, temah sirahe dikudhungi.

4Pagawean ing pategalan wus kandheg, amarga ora ana udan ing nagara, satemah wong tani padha kegelan lan sirahe dikudhungi.

5Malah ana menjangan ing ara-ara kang ninggal lunga anake kang lagi lair, awit ora ana suket nom.

6Kuldi alasan padha ngadeg ana ing tengger-tengger gundhul, mangap-mangap kaya asu ajag, matane nglentrih, amarga ora ana suket.

7“Dhuh Sang Yehuwah, sanadyan duraka kawula sadaya sami nggigat kawula, mugi Paduka karsaa paring pambiyantu dhumateng kawula, margi saking asma Paduka! Awit kathah panasar kawula, kawula sami damel dosa wonten ing ngarsa Paduka.

8Dhuh Andel-andelipun Israel, Juru-pitulung ing wekdal karibedan! Punapaa dene Paduka kados tiyang ngamanca wonten ing nagari ngriki? kados tiyang lelana ingkang namung mampir badhe sipeng kemawon?

9Punapaa dene Paduka kados tiyang bingung, kadosdene pahlawan ingkang boten sagah mitulungi? Nanging Paduka rak wonten ing tengah-tengah kawula, dhuh Sang Yehuwah, lan asma Paduka sinebat ing nginggil kawula. Kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken!”

10Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.”

11Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki!

12Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.”

13Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Para nabi rak sampun nyariyosi dhateng tiyang-tiyang punika: Sira ora bakal padha ngalami perang lan ora bakal katempuh ing pailan, nanging sira bakal Sunparingi tentrem rahayu, kang santosa ana ing kene!”

14Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe.

15Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, -- mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan --: Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan!

16Lan bangsa kang padha diwecani iku bakal padha mati gelangsaran ana ing lurung-lurunge Yerusalem marga saka perang lan pailan, lan ora ana wong kang bakal mendhem wong-wong iku: iya wong-wong iku dhewe, bojone sarta anak-anake lanang lan wadon. Kaya mangkono anggoningSun bakal nempuhake pialane marang wong-wong iku.”

17Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku: “Luhku crocosan rina-wengi tanpa kendhat, awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget, tatune ora bisa ditambani babar pisan.

18Manawa aku metu menyang ing ara-ara ing kana ana wong kang padha mati, marga diprajaya ing pedhang! Manawa aku lumebu ing kutha ing kana ana wong kang padha lara kaliren! Dalah nabi lan imam padha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.”

19Yehuda punapa Paduka tampik babar pisan? Panggalih Paduka punapa jeleh dhateng Sion? Punapaa dene kawula sami Paduka gebagi ngantos boten saged mantun babar pisan? Kawula sami ngajeng-ajeng tentrem rahayu, nanging boten wonten punapa-punapa ingkang sae, ngantos-antos kasarasan, nanging ingkang wonten namung pagiris.

20Dhuh Sang Yehuwah, kawula sami ngrumaosi kadursilan kawula lan durakanipun leluhur kawula; sayektos, kawula damel dosa dhumateng Paduka.

21Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!

22Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa, ingkang tanpa gina punika, punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah? Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres? Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah, Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel