Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 16 >> 

Paukumane Gusti Allah marang bangsa iku

1Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“Sira aja ngepek bojo lan aja duwe anak lanang utawa wadon ana ing panggonan kene.

3Amarga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah tumrap anak lanang lan wadon kang lair ana ing panggonan kene, lan tumrap biyung-biyunge kang nglairake bocah-bocah iku lan bapak-bapakne kang nganakake bocah-bocah iku ana ing nagara kene --:

4Wong iku bakal padha mati, amarga lelara-lelara kang marakake mati, ora bakal padha dilayad lan ora bakal dikubur, bakal padha dadi rabuk ana ing pategalan, bakal padha tumpes dening pedhang lan pailan, mayite bakal padha dadi pakaning manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi.

5Dene, mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Aja lumebu ing omahe wong kang kasripahan, lan aja urun tangis sarta belasungkawa, amarga Ingsun wus mundhut tentrem rahayune bangsa iki, kang wus Sunparingake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -, lan uga sih kadarman lan sih-piwelasingSun.

6Para wong gedhe lan wong cilik ing tanah kene bakal padha mati; ora dikubur, ora ana kang nglayad utawa kang mbeleki kulite lan kang nggundhuli sirahe, marga saka kang mati mau,

7uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.

8Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku.

9Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: “Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon.

10Samangsa sira ndhawuhake iki mau kabeh marang bangsa iki lan banjur padha takon marang sira mangkene: Punapa sababipun dene Sang Yehuwah kok ndhawuhaken bilai ingkang ageng punika tumrap kula sadaya? Punapa kalepatan kula lan dosa punapa ingkang kula lampahi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula?,

11ing kono padha sira dhawuhana mangkene: Amarga para leluhurira wus padha nyingkur Ingsun, lan wus padha ngetutwuri allah liyane klawan ngibadah lan sujud nyembah marang iku, wus padha nyingkur marang Ingsun lan ora netepi angger-anggeringSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira! Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun.

13Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh.

14Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

15nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure.

16Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang.

17Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.

18Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.”

19Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.

20Punapa manungsa saged damel allah kangge badanipun piyambak? Ingkang kados makaten punika rak sanes allah!”

21“Mulane kawruhana, Ingsun bakal paring sumurup marang para wong iku, sapisan iki Ingsun bakal paring sumurup bab panguwaos lan kasantosaningSun marang para wong iku, supaya padha ngretia, yen asmaningSun Sang Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel