Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 2 >> 

Israel ninggal Sang Yehuwah

1Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.

3Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah, minangka woh kawitan saka panenane. Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan, tinempuh ing bilai, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.

5Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa?

6Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?

7Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.

8Para imam ora takon maneh: Sang Yehuwah ana ing ngendi? Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh, lan para pangon padha nyingkur Ingsun. Para nabi padha memeca demi Baal, padha ngetutwuri marang kang tanpa guna.

9Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen; kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan! Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki!

11Apa ana bangsa kang ngijolake allahe, sanadyan iku satemene dudu allah? Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhurane karo kang ora ana gunane.

12He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku, ndhredhega lan gumetera kang luwih banget, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.

14Israel iku batur tukon, apa anaking batur? Geneya kok dadi jarahan?

15Singa nom padha nggero marang bangsa iku, kalawan swara kang dumeling, tanahe didadekake cengkar, kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.

16Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhes padha nggundhuli pathaking sirahira.

17Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku, amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira, nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?

18Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir, apa arep ngombe banyune bengawan Nil? Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur, apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?

19Pialanira bakal ngrangket sira, lan pamurtadira bakal nyiksa sira! Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihe sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku; sarta ora gumeter wedi marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganira lan medhoti talining cancanganira, sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh. Malah ana ing saben tetengger kang munggul, lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung, sira teturon lan laku jina.

21Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan!

22Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landha lan nganggo sabun akeh, ewadene blentonging kaluputanira ora ilang ana ing paningalingSun, mangkono pangandikane Gusti Allah.

23Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,

24kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun, amarga kepengin ngisis! Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran? Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa, bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.

25Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah, lan gorokanira aja nganti kasatan! Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina! Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca, mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.

26Kayadene wiranging maling kang konangan, mangkono anggone turune Israel kawirangan, yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,

27kang celathu marang kayu satengkel: Panjenengan punika bapak kula! lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula! Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenan lan ora ngadhepake raine marang Ingsun, nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur: Paduka mugi karsaa mitulungi kawula!

28Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira!

29Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun? Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

30Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal.

31Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?

32Prawan apa bisa lali marang rerenggane, utawa penganten wadon marang udhete? Nanging umatingSun lali marang Ingsun wiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase.

33Apik temen anggonira nata dalanira kanggo ngupaya katresnan! Mulane sira wus kepatuh nglakoni piala.

34Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemu ana ing jubahira! ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi! Sanadyan kabeh iku mangkono,

35ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa! Pancen bebendune wus sumingkir saka aku! Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan, awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!

36Entheng temen panganggepira ing bab ngowahi tindak-tandukira iku! Sira bakal kisinan uga marga saka Mesir, kayadene sira nandhang wirang marga saka Asyur.

37Saka ing kana uga sira bakal metu karo ngangkat tanganira, amarga Sang Yehuwah wus nampik para kang sira andelake, lan sira ora bakal oleh gawe karo para wong iku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel