Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 13 >> 

Bab nyirnakake brahala lan nabi palsu

1“Ing wektu iku bakal ana sumber kang kaparingake marang turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem kanggo ngumbah dosa lan kanajisan.

2Iya ing wektu iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi -- Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.

3Lan saupama isih ana wong kang muncul dadi nabi, bapa-biyunge kang nganakake dheweke bakal padha nyelathoni mangkene: Kowe iku aja urip bae, marga apa kang kokucapake demi asmane Sang Yehuwah iku goroh! Bapakne lan ibune kang wus nganakake wong iku bakal banjur nyuduk anake, nalika pinuju medhar wangsit.

4Sarta ing wektu iku para kang ngaku-aku nabi bakal padha kawirangan marga saka wahyune samangsa medhar wangsit, sarta ora ana maneh kang manganggo jubah wulu kagawe ngapusi,

5nanging siji-sijine bakal padha ngucap mangkene: Aku iki dudu nabi, nanging wong kang ngolah lemah, awit wiwit cilik aku wus duwe lemah.

6Dene saupama ana wong takon: Tilas tatu apa kang ana ing awakmu iki? Nuli wangsulane: Anggonku ketaton iki ana ing omahe mitra-mitraku!”

Pedhang namani -- Umat anyar

7“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,

8satemah ing sawratane nagara -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wonge kang rong pratelon bakal padha tumpes mati, mung sapratelon kang kari urip ana ing kono.

9Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel